Ikawangi Tangsel Konsolidasi Nggawe Aturan

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 03 Juni 2021 06:53 WIB)
- Laporan



Emeh setaun ngadeg dadi organisasi wilayah ring ngingsore Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi) Pusat Jakarta,   
   Ikawangi Tangerang Selatan mapag tekane dina ngarep hang saya apik.
Kanggo nggedhekaken organisasine, para pengurus Ikawangi Tangsel sore padha ngumpul sak perlu nggawe aturan organisasine.
   Ikawangi Tangsel iki bengene ana ring ngingsore Ikawangi Tangerang Raya taping merga wilayah lan akeh wong-wonge hang manggon ring Tangerang Selatan, kerenteg ngadegaken organisasi dhewek kewujud tanggal 12 Juli 2020.
"Ya iki melaku sithik-sithik taping muga-muga mengarepe saya apik merga aturane wis ditetepaken," jare kang Dodot, ketua Ikawangi Tangsel ring Pesantogan Belambangan.
   Seperene, organisasine iki mung melaku kelawan rembugan lan musawarah ring pengurus lan sekaligus anggotane.   
   Mangkane ana masalah-masalah hang njumbul lan kadhung digeningaken bisa ndadekaken sibrake organisasi lan nggarai njumbule pitenah ring antarane pengurus lan anggota.
   "Standar Operasional Prosedur (SOP) iki penting merga Ikawangi Tangsel melakune wis anter kanggo mbantu utamane nyang anggotane lan malah ana hubungane ambi wong njaba," jare wakil ketuane kang Sofyan Osing.
   Masiya durung setaun Ikawangi Tangsel ngadeg, itungane wis akeh ngelaksanakaken gaweyan sosial kayata Bedah Rumah mbecikaken umahe wong tunanetra ring Buaran, mbecikaken musala ring Gunung Sindur, nggawe acara Jumat berkah kelawan mbagi sega kothakan nyang yatim lan duapa lan liyane.
   Jare Sofyan,  hang mimpin rapat nggawe SOP iku, aturan hang dibagi loro kanggo Pengurus lan Anggota iku engko kudu disetujoni bareng-bareng kabeh anggota buru bisa digawe sah.
   Ikawangi Tangsel saiki wis nduwe emeh 100 anggota.
   "Kene iki ring boroan adoh teka tanah kelairan, kecaruk padha-padha wong Banyuwangi ring kene iki dadi kaya dulur dhewek. Aja sampek barang hang cilik-cilik malah dadi pitenah lan nggarahi congkrah," jare Sofyan hang asale teka Kampung Melayu.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor