Ikawangi Tangsel Mungkasi Program Bedah Rumah
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 15 Februari 2021 07:01 WIB)
- Laporan
Kadhung biyasahe dina Sabtu lan Minggu dienggo arisan, kecaruk mangan-mangan, lan gandhangan, iki anggota sampek ketua Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi) Korwil Tangerang Selatan ngersaya marekaken program aksi sosial "Bedah Rumah".
"Kira-kira rong dina engkas marek wis umahe, kari ngecet lawang lan piyan," jare Ketua Ikawangi Tangsel kang Dodot.
Program Bedah Rumah iki wis diangkati sakat tanggal 11 Desember, hang megawe tukang temenan. Aju emeh marek, anggota Ikawangi megawe gugur gunung suwene rong dina, Sabtu lan Minggu sore: kang Dodot, kang Gatot, kang Ismadi, kang Agus, kang Uray lan kang Tholek ambi bu Agus (mbok Ruwarni).
Ana hang ngecet tembok, ngecet cedhing, ana hang nyetel cendhela, masang serege lawang, lan ngangkat-angkat watu.
Umah hang dibangun iki duwene wong tunanetra arane mbok Saani ring desa Buaran, kecamatan Setu, Tangerang Selatan. "Seperene wis ngentekaken biyaya kira-kira 35 juta rupiah," jare kang Dodot.
Umahe hang lawas, temepel ring temboke umahe keluwargane dirubuhaken merga wis hing mbejaji dipanggoni. Umahe gedheg lan kerep kelebon banyu tepak udan gedhi.
Program Aksi Sosial iki salah siji programe Ikawangi Tangsel, setemene hang disasar nomer siji musholla hang durung ana cedhinge. Taping merga ndeleng kahanan umahe Saani ya iki hang disulungaken.
Sak liyane aksi Bedah Rumah, acara rutin liyane yaiku Gerakan Jumat Barokah hang mbagi sega kothakan nyang wong-wong melarat, lare atim lan wong hang mbutuhaken liyane.
Umahe mbok Saani werane 3x6meter lan 2,5x3meter leter L sore iku pungkasane dibongkar kabeh. Danane teka tiblakan sak ihlase hang dikelumpukaken ambi bendahara Ikawangi Tangsel, mbok Titin, teka kanca-kancane.
Sedurunge deklarasi tanggal 28 Juli 2020 dadi Korwil Ikawangi Pusat hang ngadeg dhewek, Ikawangi Tangerang Selatan iki melebu wilayah hang dipayungi korwil Tangerang Raya hang uga ngurusi Tangerang Kota lan Kabupaten Tangerang. Korwil-korwil iki minangka organisasi ngingsorane ring Ikawangi Pusat Jakarta, yaiku Jakarta, Bogor, Depok, Tangerang, Bekasi lan Cilegon/Banten.
Ikawangi Tangerang Selatan nggawe susunan pengurus dhewek hang mung ngurusi wong-wong Banyuwangi hang ana ring wilayah Serpong, Bintaro, Ciputat, Pamulang, Pondok Cabe lan sak ubengane. Saiki kecathet kira-kira ana 100 wong hang dadi anggotane lan wis nggawe wadhah silaturahim arupa arisan saben ulan sepisan.
Dodot ngarepaken program Bedah Rumah lan Musholla iki lestari lan tetep dadi andalane Ikawangi Tangsel.
Pengurus lan anggotane Ikawangi Tangerang Selatan iki macem-macem wonge. Ana hang pensiunan jenderal, tentara aktip, sampek akademisi lan artis. Taping akeh-akehe swasta hang nduwe bisnis kuliner. Dene Ikawangi Pusat Jakarta hang ana ring Jabodetabek lan Cilegon kira-kira nduwe anggota 20.000 kepala keluarga asal Banyuwangi.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Wawancara
Editor: Hani Z. Noor





