Ikawangi Tangsel, Teka Bedah Rumah Nang Mbecikaken Cedhing Musalah

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 09 Maret 2021 04:50 WIB)
- Laporan



Marek nganakaken "Bedah Rumah" kanggo wong wuta kapanane, Ikatan Keluarga Banyuwangi Tangerang Selatan nggarap cedhinge musalah ring Jampang, Gunung Sindur.
"Program mbecikaken cedhing musalah iki minangka program sosial hang dadi andahelan ring Ikawangi Tangerang Selatan. Kapanane wis marek Bedah Rumah ulan Desember 2020, saiki mbecikaken cedhinge musalah Nurul Iman. Setemene hang utama ya mbecikaken utawa mbangun cedhing kanggo musalah hang durung nduwe cedhing," jare ketua Ikawangi Tangsel kang Dodot hang asal Kalipait iki.
   Musalah Nurul Iman ring Kampung Selabentar, desa Jampang, Gunung Sindur Kabupaten Bogor iku kebeneran parek umahe kang Hari, salah siji anggota Ikawangi Tangsel hang umahe paceke dienggo kecaruk lan gesah. Merga kang Hari iki nduwe usaha nyewakaken tendha lan musik organ, dadi saben kecaruk ring kono anggota Ikawangi Tangsel bisa nggandhang lan padha njuget ngiringi gendhing-gendhing Banyuwangi.
   Ndeleng kahanan musalah ring parek kono, hang cedhinge lan panggonan wudune mung pelesteran semen, hing ana genthenge pisan, kabeh anggotane sepakat mbecikaken.
   Pegaweyane kelebu: masang gentheng teka baja ringan, masang keramik ring panggonan wudu lan cedhinge, masang kloset jongkok anyar, nukokaken kran, masang lawang cedhing, lan hang nggawe keranta-ranta kabeh anggotane, salah sijine anggota hang patheng silaturahim nekani dulur-dulur Banyuwangine, yaiku Mbok Ruwarni, rabine kang Agus Sumadi, sampek umur tepak nunggoni wong megawe becik-becik cedhing iku. Ruwahe mbok Ruwarni masiya dina iku mung ngethem picis 30 ewu taping iyane wis nyiyapaken picis rong juta sak perlu dienggo ngopahi wong-wong hang megawe. Malah iyane nukokaken kubah kanggo musalah Nurul Iman iku. Marek mutah-mutah ning panggonan musalah kono, mbok Ruwarni sampek umur ring tengah dalan tepak nuju nyang rumah sakit.
   Dene musalahe, digarap sakat tanggal 22 Pebruari lan marek tanggal 8 Maret. Sak liyane mbok Ruwarni, ana pisan wong-wong anggota Ikawangi Tangsel hang milu ngersaya yaiku lakine mbok Ruwarni, kang Agus Sumadi, Samsul Anam, Ismadi, Suwarto, Kicung, Wayan, Dadang, Arief, Mashuri, Muhlisun, Gatot, Hari lan ketua Ikawangi Tangsel dhewek kang Dodot.
   Sak liyane nduwe kegiyatan mbecikaken cedhing, Ikawangi Tangsel ya nduwe program hang wis melaku yaiku kegiyatan sosial Jumat Berkah lan pengobatan sengat lebah.
   Ikawangi Tangsel iki bengene ana ring ngingsore Ikawangi Tangerang Raya bareng ambi Kota Tangerang lan Kabupaten Tangerang. Taping sakat 28 Juli 2020, merga semangat anggotane, ngedegaken koordinator wilayah dhewek makene lebih guyub merga wong-wonge hang manggon
parek-parekan ring Tangerang Selatan, hing perlu maning melaku adoh nyang kutha Tangerang utawa ring Kabupaten Tangerang.
   Dene Ikawangi Pusat Jakarta, hang dadi payunge korwil ring sak ubengane Jakarta, Bogor, Depok, Bekasi lan Cilegon dhewek setemene nduwe 11 wilayah hang mesthine ana korwile dhewek-dhewek, naming ana rong wilayah hang magih durung ana korwile yaiku Jakarta Barat lan Kepulauan Seribu.
   Rencanane tanggal 20 Maret kesuk iki Pengurus Ikawangi Pusat arep ngewani SK nyang korwil-korwil hang buru ngadeg, kelebu Tangerang Selatan, Jakarta Selatan lan Jakarta Utara.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf