Ikawangi Tarakan, Jenggirat Marek Turu Suwi
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 23 November 2020 07:10 WIB)
- Laporan
Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi) Kota Tarakan Kalimantan Utara setemene wis ngadeg sakat taun 2005, taping buru tangi teka turune ulan Oktober 2020 sore.
Sak ulan sakwise tangi, dina Minggu sore, Ikawangi Tarakan nganakaken iwuh Maulid Nabi kanggo mengeti dina laire Kanjeng Nabi Muhammad SAW hang digelar ring hotel Lotus.
Iwuh iku nduduhaken gok Ikawangi ngawiti maning kiprahe ring Tarakan, jare Kang Saimin, wong Banyuwangi asal Wongsorejo hang milu wong tuweke pindhah nang Samarinda Kalimantan Timur sakat taun 1983.
"Ring kepemimpinanisun saiki, muga-muga wong Banyuwangi bisa milu mbangun kutha Tarakan," jare Kang Saimin hang saiki dibantu sekretarise Kang Agus Holik.
Kutha Tarakan iku ana ring pulo dhewek hang kepisah ambi Pulo Kalimantan lan uga kepisah teka Ibukota hang ana ring Tanjung Selor ring Kabupaten Bulungan.
Ikawangi Tarakan nduwe program anyar yaiku nguwataken organisasine liwat kegiyatan ekonomi hang bisa dadi sakane. "Kepingine kene nduwe koperasi serba usaha hang mbukak tokok swalayan hang nyedhiyani sembako. Dadi lakune organisasi hing mung disokong teka iuran wargane, taping teka usahane iku mau," jare wong kelairan 1970 iki.
Kuliah ring IAIN Samarinda, aju melebu departemen Agama lan saiki Kang Saimin dadi Kepala Seksi Kasi Urais, Bina KUA dan Keluarga Sakinah Islam ring kantor Agama Propinsi.
Acara Muludan iku liyane ditekani Walikota Dokter H. Khairul M.Kes. uga ana wakil-wakil teka kumpulan (basa lokale Soko) hang akehe 38 Soko ring sak njerone organisasi hang aran Pakuwaja (Paguyuban Keluarga Warga Jawa). Ana Soko Banyuwangi, Soko Blitar, Soko Surabaya lan liya-liyane. Saimin dhewek tau dadi sekretaris Pakuwaja taun 2014-2019.
Hing lali ring Muludan iku tradhisi teka Banyuwangi arupa endhog-endhogan lan kesenian kendhang kempulan. Wis sakat bengen setemene Ikawangi Tarakan nduwe grup kesenian Kuntulan hang wis manggung ring endi-endi. Bengene, kegiyatan Ikawangi mung arisan saben ulan lan suwi-suwi kimples, paran maning sakat ditinggal sekretarise kang Yoko Mahardika sampek umur.
Marek suwi hing aktip, gamelane ana hang ilang lan rusak taping iku hing ngurangi semangate anggotane kanggo manggung ring iwuh Muludan iku.
"Saiki kari ngelumpukaken tenaga ahli kesenian," jare Saimin. Kadhung total anggotane ana kira-kira 350 wong teka 246.000an penduduk Kota Tarakan.
Minangka paguyuban dhaerah, Ikawangi ya mesthi bain mikiri wargane. Umpamane sore iku ana warga arane Pak Aang teka Sraten hang kadheman lan kudu diulihaken nang Banyuwangi. Masiya biyayane hing sithik, merga kudu ana hang ngateraken, pungkasane kene ngelumpukaken sumbangan. Sarta wis seminggu ambi keluwargane ring anake ring Jember, Pak Aang sampek umur.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Wawancara
Editor: Antariksawan Jusuf





