Ikawangi Tarakan Ngedegaken Kesenian Gandrung

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 15 Desember 2020 07:44 WIB)
- Laporan



Paran hang bisa ngeraketaken silaturahim wong Banyuwangi ring Tarakan Kalimantan Utara lan sekaligus bisa nguri-uri kesenian teka tanah kelairan? Hing ana maning liyane kesenian Gandrung, gedigu jare Kang Agus Holik, sekjen Ikawangi Tarakan.
"Kelawan usul teka akeh anggota, kesenian Gandrung diedegaken nong Tarakan kene," jare Kang Agus hang asal Curahkrakal, Tambakrejo iki.
Rapat kanggo mujudaken kesenian gandrung iku dianakaken ring Warung Makan Tirta Wangi ring Kelurahan Karang Anyar Tarakan Barat hang uga umahe bendahara Ikawangi mbok Endang Pangestuti. Ring rapat iku uga ditekani lan disokong ketua anyar H. Saimin S.Ag, MM hang kepilih kanggo kepengurusan periode 2020-2025 lan salah siji sesepuh Ikawangi Kang Suwarto hang wis mbara ring Tarakan sakat 1970.
Bengene Ikawangi Tarakan nduwe kesenian Kuntulan hang wis hing aktip maning. Gamelane arupa kenong loro, kendhang, gong lan orgen hang wis suwi hing dienggo aju dipuputi dienggo ring Gandrung. Makene gancang melakune, rapate ngangkat kang Mukhsinin minangka koordinatore. Dene panjake ana Kang Syahroni, Pak Rinto, Pak Pandi, lan Dicky. Seperene, hang dadi masalah ring gandrung ring Tarakan iku merga hing ana pelatihe. Kang Syahroni, panjak Kuntulan lan gandrung diuncali sampur minangka pelatihe. Anake hang aran Dicky hang seperene aktip ring kesenian Campur Sari minangka generasi anyar Ikawangi Tarakan diarepaken bisa ngisi dadi pengendhange.
Panggonan latihane arep dianakaken ring umahe mbok Eny Istiyowati, wong Genteng hang dadi guru SMPN 1 Tarakan.
Teka endi para penarine? "Kene njaring lalare SMP/SMK/SMA hang gelem utamane muride Bu Eny dhewek lan muride rabinisun ring SMK 3," jare kang Agus.
Sak liyane rapat ngedegaken gandrung, dina Minggu sore iku uga dianakaken latihan tari Punjari hang dilatih ring Bu Cici.
Kanggo sapa bain hang gelem milu latihan gandrung dianakaken saben minggu kepisan lan ketelu. Dene latihan nabuhe dianakaken minggu kepindho lan kepapat.
Hang dadi ganjelan kanggo mujudaken kesenian Banyuwangi ring boroan iku salah sijine gamelane lan kostume, jare kang Agus hang uga dadi Pengurus KONI propinsi lan ketua bidang Informasi ring Ikatan Motor Indonesia propinsi Kalimantan Utara.
"Nawi tah pemda Banyuwangi gelem mbantu sithik mujudaken impene wong-wong Banyuwangi ring Tarakan," jare kang Agus ngarep-arep.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Wawancara

Editor: Antariksawan Jusuf