Ikobe Nggawe Kemasan Macem-Macem Panganan
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 09 Juni 2021 07:19 WIB)
- Laporan
Kanggo organisasi sosial kaya Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi), kelendi carane golet picis kanggo nguripi paguyuban?
Hang akeh-akehe mula tiblakan rame-rame teka anggotane. Ikawangi Korwil Bekasi (Ikobe) nggawe panganan hang dibungkus kemasan nganggo alumunium foil hang kaya gawenan pabrik hang sebagiyan untunge dipotong kanggo kase Ikobe.
Jare Ketua Ikobe hang uga duwe perusahaan katering, mbok Kurnia, Ikobe wis mangkat masaraken produk kemasan macem-macem panganan sakat kira-kira rong ulan kepungkur. Hang dipasaraken hing mung sak macem, kayata bumbu pecel, sale goreng, rendang daging lan rendang jengkol.
"Ana hang nggawe dhewek kaya rendang daging lan rendang jengkol, ana pisan produke anggota kaya bumbu pecel hang digawe ring Warung Bu Siti anggotanisun ring Cikarang," jare mbok Kurnia hang kawentar kelawan aran Bunda Kurnia.
Malah hang sale goreng gedhang berlin iku produksi UMKM Banyuwangi hang dibungkusi ring kene, jare mbok Kurnia hang asal teka Welaran Banyuwangi.
Kelawan kemasan hang apik lan katon higienis, produk panganane dikarepaken bisa nembus pasar hususe wong Banyuwangi hang ana ring kawasan Jabodetabek.
Dene rendang daging lan rendang jengkole diolah dhewek ambi anak buah kateringe tepak Sabtu/Minggu kadhung preian.
Kateringe mbok Kurnia iki saben dina ngelayani ewonan porsi kanggo perusahaan-perusahaan hang ana ring Kawasan Industri Cikarang, kayata PT Tirta Alam Segar, PT NSK, PT America Standar Indonesia, PT Tigasifuji, PT Temma lan PT TNB.
Saiki Ikobe buru ngawiti nggawe atusan bungkus hang dipasaraken sak njerone wong-wong ring pabrik-pabrik kono. Mengarepe arep dititipaken pisan ring koperasine Ikawangi.
Saben bungkus panganan hang payu, ana hang dijuwut dienggo kas organisasi. "Makene aja saben-saben ana kegiyatan anggotane tiblakan terus," jare mbok Kurnia, "Makene organisasine iki aja ngaboti uripe wong-wong anggotane."
Sithik-sithik perusahaan hang pesen menu mangan ring kateringe melaku maning marek diantem pageblug.
Ikobe ngadeg tanggal 8 Desember 2019, setemene mung Koordinator Wilayah ring ngingsore organisasi wong Banyuwangi, Ikawangi Pusat Jakarta hang sulungan ngadeg sakat 1972.
Naming kanggone Bunda Kurnia, nyurung melakune organisasi lebih telikas Korwil timbang pusat merga kadhung ring pusat ketungkul wektu penguruse hang rata-rata duwe pegaweyan dhewek lan lokasi hang adoh-adohan nggarai sara.
Ikobe saben-saben nduwe iwuh hing mung ana acara mangan-mangan sak anggotane taping uga ngelungaken bantuwan kanggo wong-wong liya hang mbutuhaken, kayata ring yayasan lare atim.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.






