Ipat-ipat Makene Seger Ring Iwuhe Ikawangi
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 22 Maret 2021 06:27 WIB)
- Laporan
"Kadhung kepingin awak seger: aja iri, jenggi, susah, bangkel nyang liyan. Kabeh iku penyakit, buwangen hang adoh," jare penasihat Ikawangi Mayjen (purn) Rusdi Maksum nyang wong-wong Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi) Jabodetabekcimerang dina Sabtu 20 Maret sore.
Sakteruse pak Rusdi hang umure saiki wis 77 taun, cerita gok iyane magih main tenis lan main golf seminggu pindho.
Ipat-ipat mau iku diceritakaken nang wong-wong Ikawangi hang marek mancat sepidhah sak perlu nggolet seger/awak sehat. Ana nawi 45 wong hang milu keliling ring dalan-dalan sakubengane Warung PakDhe Panjang Jiwo ring wilayah Cikeas duwene artis asal Banyuwangi Fitri Karlina.
Grup komunitas Gowes Ikawangi iki minangka Kelompok Masyarakat (Pokmas) anyar ring ngingsore Ikawangi Pusat hang pungkasan. Buru diluncuraken ambi Ketua Umum Ikawangi kang Bambang Sugiono lan pengukuhan penguruse dibarengaken ambi pokmas Ikawangi liyane kayata Prajurit Blambangan, Masyarakat Genteng dan Sekitarnya (Magenta), Ikabaru (Ikatan Keluarga Kalibaru). Pengukuhane uga bareng ambi korwil-korwil Ikawangi hang ana ring wilayah Jakarta Pusat, Jakarta Utara, Jakarta Selatan, Jakarta Timur, Bogor, Depok, Tangerang Raya, Tangerang Selatan, Bekasi, lan Cimerang (Cilegon, Merak, Serang).
Merga anane pageblug, acarane magih miloni protokol kesehatan, wong hang diundang diwatesi diepasaken ring jumlahe kursi lan panitiyane nyedhiyani tongkos (faceshield). Nganggo topong (masker) ya wajib kanggone kabeh wong hang teka. Lan hiburan musik hing ana. Iki setemene hang nggawe akeh peserta ngersula. Iwuhe wong Banyuwangi nong endi-endi mesthi ana gandhangane. Tapi ya kelendi maning.
Kang Bambang ring sambutane ya ngengetaken pisan, Ikawangi wis setaun iki hing nganakaken iwuh paran-paran, kelebu iwuh gedhe hang dianakaken saben taun yaiku halal bihalal.
Kang Bambang uga ngengetaken gok Ikawangi aja digawa-gawa ring ranah politik, kaya hang diwekasi ring para sesepuh Ikawangi. "Anane Ikawangi sakat taun 1972 iku merga hing nggelibet ring politik, kadhung using mesthi wis bubar," jare wong Genteng hang tau dadi walikota Jakarta Utara iki.
Kang Bambang uga ngucapaken terimane hang gedhe nyang korwil-korwil hang wis melaku dhewek ngelungaken bantuwan nang wong-wong hang keneng korban banjir kayata ring korwil Jakarta Timur, Bekasi lan Tangerang Raya.
Sak uwise ngelungaken SK pengukuhan Pengurus ring kabeh Korwil lan Pokmas, kang Bambang warah: "Pungsine SK iku kanggo nduduhaken legalitas Ikawangi, gok Ikawangi iku dudu perkumpulan liar. Kelawan nyekel SK iku, setemene korwil bisa ndaptaraken SKne ring Kesbangpol lan bisa ulih bantuwan utawa hibah kanggo kemasyarakatan.
Ring pidhatone kang Bambang uga nyatakaken terima hang gedhi nang kang Yani, anake ruwahe pak Abdul Kahfi, bengen tau dadi wakil gubernur DKI Jakarta lan dadi penasihate Ikawangi, merga wis ngewani panggonan kanggo kantore Ikawangi hang buru pindhah teka Jakarta Timur sedurunge.
Dene kang Sujiono hang dadi Ketua Pokmas Gowes Ikawangi hang uga penasihat/pembina Ikawangi Tangerang Raya ngomong gok mengarepe Gowes Ikawangi arep digedhekaken ring korwil-korwil. Acara gowese bisa pindhah-pindhah teka wilayah siji nang wilayah liyane.
"Hang penting awak sehat lan silaturahim keluarga Ikawangi bisa melaku, tambah guyub," jare wong Buluagung, Siliragung hang saiki dadi manggon ring Tangerang.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.






