Jamasan Pusaka ring Banyuwangi Mangsa Pandemi
Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Rabu, 11 Agustus 2021 06:46 WIB)
- Laporan
Tanggal siji Sura wis dadi adate wong Banyuwangi anggone ngedusi pusaka hang diarani jamasan pusaka. Ring taun iki ketepakan kelebu ring mangsa pandemi covid-19 utawa ring mangsa PPKM level 4. Mula iku kegiyatane dianakaken kelawan sakmajade bain sing gedhen-gedhenan kaya biyasahe. Jamasan pusaka dikawiti ana ring umahe KRT H. Ilham Triadi Hadinagara salah sijine budayawan Banyuwangi hang uga kesuwur dadi empune keris Banyuwangi ring Perum Gedong Kertosari Residence Banyuwangi.
Kang Ilham hang uga nganggo aran Panji Belambangan iki wis ngelakoni adate ngedusi gaman utawa pusaka duwene dhewek lan duwene sapa bain hang kepingin diedusi utawa dijamasi sakat taun 2006. Pusaka hang diedusi iku arupa keris, tumbak, pedhang lan gaman-gaman liyane hang dadi wujud warisan leluhur.
Kang Ilham iki ngakoni kadhung hang penting ring ngelakoni jamasan pusaka iki kudu ana ring badan hang suci, rijik laire lan batine hang utamane maning ring pikirane.
Pusaka iku saktemene gambaran nyatane teka wong lanang, hang dikarepaken wong lanang iki mestine bain hang aran pemimpin. Kadhung pusakane dirumat apik iku bakalan apik pisan ahlake hang duwe. Gediku uga sakbalike. Mula iku saban setaun sepisan ring ulan Sura, pusaka kudu dijamasi makene rijig lan sing gampang rusak, gediku kaya hang dinyatakaken kang Ilham ana ring artikel hang diuwot ring postingan Facebook akun pribadine selasa 10 Agustus 2021.
Sakmarine jamasan ring umahe dhewek, Kang Ilham nerusaken jamasan pusaka lan madhang bareng jenang Sura ring Waroeng Kemarang jam 12.00 Wib. Milu nekani acarane mung ana welasan budayawan Banyuwangi, merga ana pandhemi covid-19 hang teka diwatesi makene sing ana wong umpel-umpelan.
Jenang Sura iki mula dadi adate wong Banyuwangi angger selametan ring taun anyar ulan Sura sak perlu njaluk nyang Pengeran makene diweni keselametan kanggone ngelakoni taun anyar iki, lan muji nyang Sang Hyang Tunggal njaluk gancang diadohaken bumi iki teka pagebluk.
Iki mung kegiyatan dadakan bain ambi mengeti tekane dina hang suci yaiku dina anyar ring taun anyar kalender Jawa. Ring kana uga dianakaken ritual jamasan pusaka, sakliyane keris lan tumbak uga ana akik lan barang-barang pusaka warisan leluhur liyane, gediku kang Ilham nerangaken nyang belambangan.com liwat Whatsapp pribadine. Sakmarine teka kene diterusaken nyang markase Komunitas Osing Pelestari Adat dan Tradisi (KOPAT) hang ana ring Dukuh Glagah Banyuwangi. Padha bain acarane ya selametan ambi jamasan pusaka gediku Kang ilham nambahi keterangane.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Kabar Anyar
Editor: Hani Z. Noor






