Jangan Kates Ragi Kuning

Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Minggu, 06 Oktober 2019 15:58 WIB)
- Kuliner



(Olahane Mbok Komah)

Kates anggone wong using wis kepara nyata bisa dadi panganan hang migunani. Sakat ngisore uwit hang aran  odod sampek ndhuwur godhong kabeh keneng dienggo. Paran maning hang aran uwohe. Uwohe kates hang wis mateng enak rasane. Empuk manis lan adhem ana ring njero weteng. Kadhung manpaate anggone menungsa mesti jelas jare akeh kandhungan vitamin A lan vitamin C.

Kelendi kadhung uwohe kates iku magih kemunir utawane magih enom endane bisa enak dipangan tah? Ring kene wong Using bisa nggawe panganan kates enom hang diolah jangan ragi kuning. Wis aja takon rasane gurih lan kares-kares. Lan jare maning kandhungan vitamin C-ne seru akehe.

Ayo dicacak nggawe jangan kates ragi kuning nganggo resepe Mbok Komah.

Kawitane kates siji bain hang sedhengan kira-kira rong kepelan tangan pilihen hang magih enom durung kari kemunir terus dikenceti kulite. Mari gediku dirajang tipis-tipis antarane 2.5 – 4 cm. Aja kari gedhe-gedhe rajangane polane jare Mbok Komah ragine sing bisa ngeresep kadhung rajangane gedhi. Paling gedhi antarane, sing lebih teka ½ cm pesegi.

Kates enom hang wis rajangan mari dikumbah aju dikukus, dialub-alubi bain sukur empuka, pokok wedange gemulak pindho dientas wis. Mari gediku nyepakaken ragine. Ragine sing akeh merga ragi kuning iki wis nganggo santen dadi gurihe santen makne sing dirusak ambi akehe racikan ragi mau ika.

Bawang putih rong siung, bawang abang telung siung, kunir sak tuding, jahe sak pucuke tuding, laos sak jempolan digepleng, terasi sithik, uyah sak cukupe, aja lali gula pasir sithik. Santenan kenthel rong lumur bain. Aja lali nyepakaken gorengan bawang dienggo sedhep-sedhepe dhung jangan wis mateng engko.

Kabeh ragi digerus alus aju diungseng ana ring wajan. Kabeh ragi dicemplungaken nong wajan sak laose pisan, kejaba gorengan bawang. Diungseng sedhela setengah mateng kates hang wis kukusan diceburaken. Kates digaluh nyang ragi sampek rata. Kadhung wis mambu arum santen rong lumur diceburaken nyang wajane. Kadhung wis gemulak sepisan gorengan bawang diceburaken, gemulak pindho jangan wis mateng.

Wis ayo padha olah jangan kates. Regane murah naming kasiyate akeh kanggo kesehatan.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Olahane Mbok Komah

Editor: Antariksawan Jusuf