Jangan Kocahan

Iskak Basuki (dipublikasikan pada Senin, 04 Juli 2022 11:40 WIB)
- Esai



Jangan Kocahan iku jangan paran? Jawabane: Jangan macem-macem. Kamsude, bahane bisa teka jangan paran bain, bisa sakmacem, bisa teka pirangane macem jangan; bisa uga dicemplungi karen-karene masakan liyane. Pendheke iki jangan nget-ngetan. Tepak ana hang padha kari sithike, aju dicampur sak wadhah dipanasi dadi siji. Tepak ana karene sambel goreng tempe upamane - dibuwang eman, dienget dhewek nanggung kari mung sak upil - dicemplungaken bain wis, diubleg mesisan sewajan utawa sepanci.

Diarani resep iki resep tinggalane embah-embah buyut bengen hang kabeh tau ngalami urip sara, kedhungsang-dhungsang kurang sandhang tosene pangan. Mugane serta merdheka aja heran gok ana wong tuwek seru emane nang panganan. Enget bengene. Sampek saiki nawi rika magih duwe adon (embah wadon), nawi rika nepaki nyambang, titenana yara mesthi takon, bolak-balik takon,

"Sira wis madhang? Madhanga kono sak anane ring pawon".

Jare wong Jawa kulonan jangan macem-macem iki arane 'Jangan Belendrang', jare wong Kenjo arane iku mauka: 'Jangan Kocahan'. Kadhung jare wong wadon - embuh mula istilahe wong sepanyol (sepanjang Boyolangu) - 'Jangan Oblok-oblok'. Kerana diubleg iku tah endane?

Taun 90-an, magih megawe ring Trenggalek, magih durung umah-umah, isun biyasah marung sega pecel ring warunge bu Kendar arane, ring elore pasar sore. Iku warung cilik lan sederhana, warunge rakyat 'jelantah''. Buru-buru marung merono hun deleng ana hang njaluk tambah jangan. Isun milu-milu pisan, polahe katone mula windul. Jangane ya jangan mauka: belendrang. Kadhang anane belendrang kacang, kadhangane belendrang tewel alias tombol. Embuh wis dinget-ngeti ping pira utawane pirangane dina sing masalah. Hang penting aja sampek kasep. Sing masalah takera asat, memet, soklat semu-semu cemeng rupane. Lantelangan nong ilat gurih.

Mula sing kabeh uwong arep panganan mblekethek gedigi iki. Malah ana hang suker, ana maning hang ngomong jare miturut ilmu kesehatan hing apik. Jeh, nyatane wong bengen meh kabeh mangan ya seger-seger, urip meceger. Isun jelase termasuk hang sing arep....nolak. Rupane mula ala ting rasane memei eca. 

Hang ecaan maning tibane belendrange bu Kendar iku 'free', gratis, bonus jare. 'Meriki niki warung damai. Mboten diitung pokoke kersa sak wontene jangan'. Sakat iku saben madhang merono mesthi pecelisun dipupuki bonus jangan lithek iku. 'Toping'-e hang klasik - anane mung ring Trenggalek - yaiku tempe gaplek, tempe goreng adone - jare wong kono larone - teka gelepung gaplek. Nemplek nong tempene katon alus meringkil-meringkil 'seksi'. Dipangan anget-angetan, rasane nong cangkem memei gurih renyah, 'nggapleki'.

'Nggapleki' embuh paran? Kayane cara Surabaya-an. Pokoke istilahe wong Jawa kulon-kulonane telatah Banyuwangi; aran belendrang semono uga. Nyatane belendrang utawa oblok-oblok, utawa kocahan, utawa paran bain wis gok ngarani, merono-merono ana. Rasane eca arane paran jare rika?

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor