“Jaran Ucul” Gendhing Using Ngemu Karep Perjuwangan

Elvin Hendratha (dipublikasikan pada Kamis, 29 Oktober 2020 07:14 WIB)
- Resensi



Kawitan unen-unen “Jaran Ucul” dimencungulaken,  uwong hang dhemen tabuhan lan gendhing Banyuwangi padha heran. Pilihan ujar hang nakal lan nggudha kuping noring njerone gendhing hang endah iku, mulai rame dadi omongan. Ambi sagah para sopir rame-rame nggawe tulisan ring kendharaanne “Jaran Ucul”. Malah Pomo Martadi (wartawan lan uga seniman) nyeja nggawe kelompok melaku esuk kelawan aran “Jaran Ucul”. Asile, anggota kelompok hang akeh teka wartawan Banyuwangi nakokaken paran artine iku? Pomo ambi munyik njawab enteng: “Weruh tah Rika lare, kadhung Mahawan hang nulis lirik gedhing iku uga wartawan?”

Seminggu sak uwise marekaken gendhing anggitane, Mahawan dibisiki ambi ruwahe BS. Noerdian: “Gendhinge awak dhewek Jaran Ucul iki, pasti engko mbeledhos lan kondang ring masyarakat”, gedigu ujare BS Noerdian hang nganggit gendhinge. Ramalane BS. Noerdian iki dadi kasunyatan. Jaran Ucul dadi gendhing hang paling didhemeni jaman semono, sampek saiki uga. Anjerahe sampek merambat ring njabane Banyuwangi, malah sampek nembus  jenis tabuhan liyane, merambat dawa menthang wayah. Malah unen-unen “Jaran Ucul” nyerambahi penganggit gendhing-gendhing sampek saiki. “Jarane wis kadhung ucul!!” Acak damakena uga gendhing-gendhing anyar taun 2018 hang judule niru emeh padha “Jaran Ucul”, katon seru adoh bedane arti lan pesen hang kebungkus ring njerone gendhing mau.

Sing gampang diweruhi gendhing iki nyimpen rahasia hang durung kewiyak, ngelairakenn macem-macem taosir para penikmate. Katone pesen seja disengidakaken ring walike pilihan ujar “konotasi” (makna rangkep), nyengidakaken rasa susah lan kelara dibungkus apik ambi nata gendhing hang nggambaraken rasa seneng. Melaku bareng waktu sing bisa ales hang nggawe lirik,  uwak miloni lakune jaman. Malah sing weruh wujud aseline : “Jaran-ne”. Mencar adoh teka sewijine Gurit Using hang endah dianggit Mahawan.

Jaran Ucul yaiku gendhing Banyuwangi hang dianggit BS. Noerdian lan Mahawan hang nganggit lirike antara taun 1976 an. Rekaman kaset kawitan ditembangaken Siti Maswah, ambi hang nata tabuhan angklung ruwahe Soetedjo Hadi. Gendhing iki dikawiti ambi unek nakal nggudha kuping, hang uga dadi judhul gendhing. Dikawiti ringkikane jaran ngumbara, aju dipungkasi kangene anak rabi hang nerenyuhaken.

Sak liyane nduweni ‘komposisi’ gendhing  hang seru apike, gendhing Jaran Ucul iki uga nduweni lirik hang kuwat lan bisa nyihir hang ngerungokaken. Masiya sing gampang nangkep wekas hang dikarepaken  penganggit, naming sak using-usinge katon ana pilihan ujar lirik hang ngiringi noring njero nduweni karep hang padha. “Ana pesen hang sengidan lan kepingin diomongaken utawa diberakaken”. Wayah BS Noerdian ditakoni dulure, masalah makna hang maneka-rupa gendhing Jaran Ucul: “Sir, Jaran Ucul iki karepe kelendi?”. Ambi munyik dijawab: “Lah, sing weruh Isun, takokena nang Mahawan!"

Tulisan iki mula diseja ngajak ngurut melebu gapura njerone mburitan hang dadi lakune nggawe lirik gendhing Jaran Ucul, supaya ketemu nyang pesen sak temene. Muputi noring pikiran, supaya sing ngowos dadi salah tapsir noring pesen suci hang dikarepaken penganggit.

Cerita Ring Walike Nganggit Gendhing Jaran Ucul.

Lahan tepat untuk iklan anda di sini.

Hubungi: skb@belambangan.com atau WA telp 0811843457


Orek-orekan cilik ring buku cathetan wayang ring ngingsor uwit waru, ambi meneng ngawang segara Selat Bali teka Pesisir Boom, ndadekaken karya gurit hang diweni judhul Jaran Ucul. Ambi telikas Mahawan nemoni kancane BS. Noerdian, aju ngelungaken kertas ketikan keblatan karyane iku, kang didadekaken gendhing. Teka selembar kertas gurit Using iku, BS Noerdian rekadaya mbantu nangkep karepe kancane noring tatanan notasi gendhing. Asile ring njabane pengira-ira, sewijine gendhing hang bisa dinikmati sampek saiki. Jaran Ucul sing terima ditembangaken wong-wong Banyuwangi, malah emeh kabeh Campur Sari meneng-menang ndadekaken salah sijine “Gendhing Wajib” noring pentase.

Jaran Ucul iku setemene gurit Using hang digendhingaken. Mahawan mula nduweni keahlian noring nggawe utawa nganggit Gurit Using, gurit-gurit hang ditulis Mahawan seru apike. Seru pahame. Noring taun 1976, gurit anggitane Mahawan hang judhule “Dhedhali Putih (Kanggo Mbok Sritanjung)”, menang lomba nulis gurit Using wayah HUT VII Radio Khusus Pemerintah Daerah (RKPD) “Suara Blambangan”. Menange Mahawan mau ngalahaken aran-aran gedhe seniman lan penyair Banyuwangi, kaya Slamet Utomo. Iki keputusan abot sara kanggone juri jaman semono. Engkel-engkelan lan adu penemu mau dipungkasi, kadhung anggitane Mahawan iku ana terobosan nganyari gurit Using noring njerone sastra Banyuwangi. Ya gedigu iku Mahawan.

Mbahas lirik gendhing Jaran Ucul, sing ulih pedhot teka kaitane ambi mburitane kelendi bengen nganggite. Paran hang dadi mburitane pengarepan ring njerone pikiran penulis, hang bisa nggambaraken urip lan penguripane penulis? Pecahan-pecahan melakune lakon urip batin lan kahanan njero atine, kecathet jelas noring jerune pikiran, gemulak kanggo diunting dadi siji karya hang apik.

Pira-pira cathetan hang sun lakoni lan cerita ngisor iki, dadi bagiyan hang dadi angenan nganggit gendhing Jaran Ucul noring reroncen makna lan arti syair utawa lirik:

  • Ngarepaken Agresi Militer Sekutu noring ulan Puwasa antara ulan Juni 1947, salah sijine anggota Pasukan 0032 hang aran Bilal, nemoni kakange Darmo ring Lapangan Singojuruh. Bilal dadi serdadu hang njaga Pesisir Boom Banyuwangi, dene Pak Darmo Guru SDN Balak, Kecamatan Rogojampi, dadi intel lan ngumpulaken uba-rampe kanggo nyukupi butuhe perang. Sak liyane dadi petugas hang ngumpulaken data inteljen, Darmo uga tugas ngumpulaken uba-rampe kanggo para pejuwang teka tokok-tokok duwene Cina ring dhaerah Balak, Songgon, Rogojampi lan Singojuruh ambi sepidhahe.
  • Bilal minangka anggota pasukan 0032 nemoni Kakange, kanggo nguweni kabar kadhung pasukan Landa wis ndarat ring Pelabuhan Ketapang lan arep melebu Kota Banyuwangi. Mula teka iku, Bilal nguwarahi kakange melebu nong alas kanggo sengidan. Bilal dhewek arep bareng ngelawan ring pos-pos jagan hang wis ditamtokaken. Pelukan pungkasan kakang adhik, merga Bilal pungkasane gugur dadi Kembange Bangsa.
  • Magih ana ring Agresi Militer 1947, salah sewijine tentara Landa teka pasukan Sekutu kelawan kasar nekani Mbah Tadjib lakine Mbah Marweni, wayah buka puwasa. Sepatu laras dawa munggah ring ndhuwure kursi ambi melangkerik, nggeprak nakokaken masalah panggonane Darmo anake. Masiya weruh kadhung Darmo wis sengidan ring njero alas, panggonane Darmo tetep sing didudohaken nang Landa. Nang endi melayune Darmo, gedigu pitakone Landa diambali lan kemewing ring kuping. Ilat kaku merga ningguli anane anake, dadi pengiling-iling sing arep ilang teka pikiran anak lan rabine Darmo.
  • Sing suwe aju Darmo kecekel lan ditahan ring Markas Inggrisan. Pira-pira dulure ana hang ngintep liwat bolongan cilik ring penjara. Katon jelas kahanan Darmo magih apik-apik bain, malah katon nulis embuh paran hang ditulis ring njerone penjara iku. Lega kabeh dulure, serta marek ngintep Darmo. Sing suwe, aju Darmo dieculaken teka Markas Inggrisan. Darmo mulih teka Banyuwangi nyang Singojuruh nunggang sepur. Kabeh warga Singojuruh ambak-ambakan mapag tekane Darmo ring Stasiun Singojuruh, kelawan rasa seneng, aju kauk-kauk  ambi mberak Merdeka!! Tekane Darmo teka penjara Markas Inggrisan, disyukuri ambi warga Singojuruh. Darmo mula seru disenengi ambi warga Singojuruh, diregani minangka Pahlawan hang wani ngelawan Landa ambi carane. Mbesuk Darmo diajeni lan dihormati negara, minangka dadi anggota Veteran Kemerdekaan Golongan A.
  • Noring kedadeyan liya hang beda panggonan lan wayahe, salah sijine Kusir dhongkar aran Azhari teka kelurahan Penganjuran kelangan jarane. Jaran iku ucul lan melayu ninggalaken juragane. Kedadeyan “dramatis” ucule jaran Azhari iki sing kerasa, kepotrek noring njerone alam kesadharane lan mbesuke dadi salah sijine angenan (bagian iki dade alesan hang gampang diomongaken, kadhung ana hang nakokaken kaitane werna-maceme tapsir syair iku).

Untingan Pecahan: kedadeyan pelukane kakang adhik, Darmo lan Bilal, kedadeyan anggake penjajah hang melangkerik nakokaken Mbah Tadjib nong endi panggonan anake aran Darmo, kedadeyan kecekel lan dipenjarane Darmo ring Inggrisan, uga kedadeyan seneng lan bungahe masyarakat merga metune Darmo teka penjara ring Stasiun Singojuruh, dadi bagiyan hang terus teka lan nggudha ring pikirane penulis lirik.

Darmo lan Bilal iku, temekaken bapak lan pamane Mahawan. Masiya wis ruwahe, naming kedadeyan iku ninggalaken pecak lan nggaris gambar gedhene tekad juwang. Semono uga ayang-ayang sagahe Emak, wayah dierum-erum janji manis teka tentara Landa, nambah ngurubi karep lan angen-angen Mahawan nganggit syair gendhing Jaran Ucul.

Ring pinggir liyane, ucule Jaran duwene Azhari hang dadi kerentege Mahawan noring nganggit syair gendhing Jaran Ucul, uga tau ngerentegi karepe Mahawan anggone motrek minangka wartawan hang diuwot ring Surabaya Post taun 1980 ambi judhul : “Diperkuda Kuda”. Kedadeyan wayah Azhari ngadeg ring pundhake jaran, kanggo mijeti jaran kesenengane, ngasilaken karya potrek apik.

Beda ambi BS. Noerdian, Mahawan minangka tokoh ring mburine kelir anane gendhing-gendhing hang endah lan apik ring Banyuwangi. Mahawan ana hang madhakaken ambi Taufik Ismail-e Banyuwangi, bengen Mahawan kerep mbantu musisi noring nggarap gendhing-gendhing Banyuwangi. Pira-pira lirik gendhing asil anggitane Mahawan ambi BS. Noerdian, yaiku : "Jaran Ucul", "Ciblungan", "Ketang-Ketang", "Nyeser Nener", "Muncar", "Inthing Inthing Es". Kadhung "Wis Menenga" lan  "Nyebar Jala" yaiku gendhing hang dianggit bareng almarhum Machfoed Hr.

Acak damakena cathetan gendhing JARAN UCUL hang asli, durung ana uwah-uwahan iki:

JARAN UCUL

Lagu : BS Noerdian
Lirik : Mahawan
Vokal : Siti Maswah
Arranger : Soetedjo Hadi
Tahun : 1976

Jaran ucul, nyengrang-nyengring suwarane
Ana paran, njaluk mangan tah, njaluk ngombe
Ring tegalan sukete magih keleleran
Ring belumbang, banyune magih deleweran

Masiya suket emas, isun sing kepingin
Banyu Berliyan pisan, isun sing kepingin
Anak isun, hang ana umah padha tangisan
Ngangeni bapake, hang urip sak dalan-dalan

Pirang-pirang ujar noring syair gendhing Jaran Ucul, uwah-uwah ditembangaken ambi masyrakat umum. Ana hang nggarahi uwah kaya ngisor iki :

  • Noring larik “Jaran ucul, nyengrang-nyengring suwarane “, ana ukara  “nyengrang-nyengring” hang temekaken diunekaken beda-beda, yaiku : “Senggrang-Senggring” utawa“Senggrang-Senggrang”. Sumiati cetha ngunekaken  “Senggrang-senggrang” kadhung Gandrung Supinah jelas ngucap  “Senggrang-Senggring”. Ana beda guna ujar, Ujar “Sengrang-Sengring”  minangka ujar bendha, naming kadhung “Nyengrang-Nyengring” minangka ujar gawe (kata kerja). Jare  Mahawan ujar hang bener  “nyengrang-nyengring”, waktu sun takoni ujar balen “nyengrang-nyengring” wis cocok ambi kaidah Tata Bahasa Using? Dijawab ambi ngales,  kadhung ujar wis ana sakat bengen lan tugase mung mecungulaken teka ngisore lemah Belambangan.
  • Noring larik “Ring belumbang, banyune magih deleweran”, ana ujar “deleweran” hang temekaken diotak-atik ambi kancane Andang CY dadi  “Deredesan”  hang sing diweruhi iyane. Makane iku aju ana pira-pira penyanyi hang ngucap “Deredesan”. Kanggone Mahawan ujar “Deredesan” seru sing tepak, lebih tepake nganggo ujar “deleweran”, jare iyane tanpa nguweni alesane.  Setemene, kadhung didamakaken masalahe ana pelaku hang arep dibahas. “Banyu”  apatah “Jaran”. Kadhung Mahawan yakin kudu nganggo ujar “deleweran”, berarti  ring anggepane Mahawan “Banyu” iku “ndelewer” kaya ilure “Jaran” hang netes teka cangkeme. Iku kudu nganggo ujar “deleweran” , duduk “deredesan” hang biyasahe dienggo “Banyu”, dudu kanggo kewan. Jare Hasan Sentot, iku kabeh kelebu cara ucap (Gaya Bahasa) hang dilebih-lebihaken (hiperbola) kanggo nggambaraken seru nemene. Ring kene jelas, Mahawan ngajak melebu noring “bingkai” angen-angen jaran.
  • Noring larik “Banyu Berliyan pisan, isun sing kepingin”, akeh hang nganggo ukara “isun sing perduli”. Ring bagian iki temekaken uwahe ujar “Kepingin” dadi “Perduli” iku diseja ambi BS. Noerdian. Kanggone Mahawan, nganggo ujar “Perduli” seru sing tepake lan kurang ‘puitis’. Mergane ujar “Kepingin” iku dhewek minangka balenan teka larik ndhuwure kanggo nguber endahe. Alihe kadhung dideleng teka guru wilangan lan notasi, ujar kelorone iku padha sing dadi masalah. Pantese bain iku kaitane ambi ‘keindahan’ lan makna. Ring kene ujar “Perduli” hang uga biyasahe dienggo wong Using, minangka ujar silihan teka basa liya (Bahasa Indonesia).
  • Noring larik “Ngangeni bapake kang urip sak dalan-dalan”, akeh hang keliru ngunekaken  ujar “Ngangeni” ambi ujar “Ngenteni”. Kadhung dideleng teka ‘keindahan’ lan tatane gurit utawa ‘notasi’ uwah-uwahan iki sing dadi masalah. Naming beda kadhung dikaitaken ambi rasa rumangsane “Lare Cilik” , pilihan ujar “Ngangeni” kanggone Mahawan wis seru tepake kanggo makili rasa rumasane lare cilik hang ngangen mulihe bapake wayah kecekel Landa. Pilihan ujar hang wis tepak teka penulis, kudune  sing uwah merga kaitane ambi rasa batine penganggit.

Teka tulisan iki, kegambar jelas kadhung nganggite “Jaran Ucul” aju dadi gendhing hang disenengi masyarakat iku, dudu kedadeyan cendhek lan gampang. Pilihan ujar bener-bener dilakoni njelimet, kanggo nggambaraken rasa pangrasane penganggit noring karya-karyane. Liwat pilihan ujar hang njelimet lan titen, aju digarap nang notasi bisa cerita. Uga makna hang disimpen noring njerone gendhing mau seru antebe, merga ana kedadeyan perjuwangan jaman Landa yaiku Agresi Militer Landa kaping 2 taun 1947. Sak uwise 40 taun, Mahawan bareng BS Noerdian ngeculaken “Jarane hang Ucul” kanggo ngibur masyarakat Banyuwangi, buru kebiyak ana pesen ring njerone. Terima hang akeh kanggo Pak Mahawan lan Pak BS. Nordian. Tabik. 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor