Jaranan Buta Banyuwangi Ring Taiwan

Hasan Sentot (dipublikasikan pada Rabu, 17 Juni 2020 07:28 WIB)
- Laporan



Tekad dulur-dulur Buruh Migran Indonesia (BMI) hususe hang teka Banyuwangi, pancen nggawe gawok wong akeh. Masiya ana ring kadohan lan waktu saben dinane entek dienggo megawe, ana prei sedina angger seminggu bisa digunakaken nguri-uri kesenian dhaerahe. Salah sijine dulur-dulur Buruh Migran hang megawe ring Negara Lembah Formosa, utawa Taiwan.

“Merga kesenian hang ana ring kampungisun, Desa Tapanrejo, Kecamatan Muncar anane Jaranan Buta ya Isun ngajak kanca-kanca nganakaken ring Taiwan kene. Alhamdulillah kanca-kanca seneng, langsung belajar lan nekaken kostum lan alat-alat pendhukung teka Banyuwangi. Iku kabeh dikuwati dhewek, alias swadaya kanca-kanca," jare Sugeng hang wis taunan ring Taiwan.

Jaranan Buta Banyuwangi ring Taiwan wis ngadeg sakat taun 2007, hang dadi penarine wis gonta-ganti. Akeh-akehe merga entek kontrak megawene, aju mulih nyang Banyuwangi. “Semangate kanca-kanca pancen seru gedhene, iyane biyasahe mung dadi penonton ring Banyuwangi. Malah serta ring Taiwan iki padha murub tekade ngelestarekaken kesenian dhaerah, ambi sing mikir waktu lan bandha hang metu dienggo kesenian iku mau," jare Mohammad Zamzam hang uga milu ngedekaken Jaranan Buta.

Zamzam hang asli Melik Parijatah Kulon, Kecamatan Srono iki nyeritakaken, kadhung anane Jaran Buta Banyuwangi ring Taiwan ulih kawigaten gedhe teka Buruh Migran Indonesia liyane. Wayah ana acara KDEI Taipei ring Touyen lan acara konseling Dream Mall Kaohsiung.

“Masiya Jaran Buta iku iku nganggo label Banyuwangi, tapi hang milu sing terima wong Banyuwangi.  Laire Jaranan Buta iku ring Taiwan, formasi awal penari, Isun, Kang Minto, Suntoro teka Banyuwangi, Iwan teka Cilacap lan Pak Agus teka Tulungagung lan Dedi teka Jawa Barat. Tambahan marek iku ana Didik, tukang Barong asli teka Cemethuk, Cluring. Atraksi Jaranan Buta aju tambah disenengi, merga Didik iki kadhung wis ndadi digepuk kayu, mangan beling sampek mangan geni kaya umume Jaran Buta ring Banyuwangi," jare Zamzam ketua kawitan aju leren serta megawene pindah teka Taiwan.

Angger ana acara hang dianakan KBRI lan uga BMI teka dhaerah liya, akeh ngundang Jaran Buta tampil. “Malah wayah acara politik teka Partai Kesejahteraan Sosial (PKS) kampanye ring Taiwan, Jaranan Buta uga diundang lan tampil. Wayah sakmono uga tampil Barongan ana telu akehe, hang paling istimewa sun tulis Laros,"  pungkas Zamzam hang saiki wis umah-umah ring Lampung.

 

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf