Jenderal Dudung Dikukuhaken Dadi Warga Kehormatan Using

Nani Asiany Mustikowati (dipublikasikan pada Minggu, 27 Agustus 2023 07:04 WIB)
- Laporan



Bengi iku sebagiyan pengurus Dewan Kesenian Blambangan (DKB) dikancani Wiwid, celukane camat Licin, Sugirah wakil bupati Banyuwangi lan kepala dinas terkait padha mapag tekane Kepala Staf Angkatan Darat (KSAD) Jenderal Dr. Dudung Abdurachman lan rabine, Rahma Dudung Abdurachman lan rombongan nong hall hotel Grand Harvest Tamansari Licin. Mula bengi iku arep ana acara ngukuhaken Jenderal Dudung lan rabine minangka dadi warga Kehormatan Masarakat Using.

Dikancani Aminoto, owner hotel Grand Harvest, Jenderal Dudung lan rabine uga rombongan teka langsung lungguh nong kursi kang wis disiyapaken ambi panitiya. Sing sepira suwe acara dikawiti kang diisi sambutan ketua DKB, Hasan Basri. Ring sambutane, Hasan maca maklumat kang nyatakaken kadhung masarakat Using iku pewaris kultural peradaban kerajaan Blambangan. Kerajaan Blambangan iku kerajaan paling bungkasan kang ditaklukaken penjajah Landa ring tanah Jawa. Lakune sejarah kang dawa nggarai dadi karakter khas masarakat Using. Karakter masarakat Using antarane: 1) Patriotis. Sekira 60.000 rakyat Blambangan kang gugur ring njerone perang Puputan Bayu antara taun 1771-1772. Tentara VOC Landa kelangan akeh nyawa lan bandha ngadhepi pasukan Blambangan iki. Kanggo ngadhepi perang Bayu iki Landa nekakaken pasukan kang akehe sampek 12.000 prajurit. Malah Landa ngakoni kadhung perang iki minangka “de dramatische vernietiging van compagniesleger”,  2) Egaliter. Struktur masarakat Using iku horisontal. Cara ngurmati wong liya dianggep padha kabeh, kadine wong Using sing kathik nganggo basa utawa krama kadhung ngomong nyang wong liya, 3) Terbuka. Miturut panggone, wilayah Blambangan tepak ring jalur palang kang nggarai dadi jujugan macem-macem budaya teka njaba. Kerana panggonan kaya gedigi masarakat Using tambah sugih seni lan budayane. 4) Dhemen nguri-uri warisan mbah buyut. Seduluran kang rapet lan singset nggarai wong Using seru singsete pisan nguri-uri budayane. Budaya kang dadi kearifan lokal Banyuwangi.

Mari maca, aju maklumat kang ditulis ring piagam lan dipigura iku diuwekaken Hasan nyang Jenderal Dudung. Sakteruse kanggo ngukuhaken kadhung Jenderal Dudung lan rabine diterima dadi warga kehormatan masarakat Using, Samsudin Adlawi minangka ketua Dewan Pengarah DKB nganggokaken udheng lan selendhang nyang Jenderal Dudung kang wis nganggo kelambi adat Using, sedheng bupati Banyuwangi Ipuk Fiestiandani nganggokaken selendhang utawa seleyer nyang Rahma rabine Jenderal Dudung kang uga wis nganggo kelambi adat Using.

Jenderal Dudung kang wis dikukuhaken dadi warga kehormatan masarakat Using iku nyampekaken nong sambutane kadhung iyane seneng lan kesuwun nyang masarakat Using. Kesuwun merga masarakat Using wis percaya nyang iyane lan anane pengukuhan iki para TNI Angkatan Darat kang uga diweni kepercayaan ambi masarakat Using kudu tetep njaga manunggale TNI ambi rakyat. Pesen Jenderal Dudung nyang para TNI kang hadir kudu tetep parek ambi rakyat, welas nyang masarakat Banyuwangi, milu nyurung terus pembangunan kang ana ring Banyuwangi iki makene tambah maju. Pesen liyane supaya para TNI warah-warah, ngabar-ngabaraken nyang masarakat dhaerah liyane paran kemajuan kang wis digape Banyuwangi.

Ahire acara diterimane Jenderal Dudung dadi warga kehormatan masarakat Using ring tanggal 23 Agustus 2023 iku dibungkasi mbaure KSAD Jenderal Dudung lan Rahma rabine ambi dhayoh undangan kang hadir.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor