Jenggirat Gendhing Banyuwangi Ring Sorong Papua

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 25 Mei 2021 08:10 WIB)
- Laporan



Salah siji tetenger anane wong Banyuwangi ring tanah boroan iku ya keseniane. Nong endi ana wong Banyuwangi kayane ana hang kurang kadhung hing ana tabuhan has tradhisional Banyuwangi. Iki uga hang diduduhaken wong-wong Banyuwangi ring Sorong, Papua kelawan ngedegaken grup Laros Musik hang diresmekaken minggu sore.

Grup Laros Musik iku isine ana jaranan lan kendhang kempulan, minangka kegiyatane perkumpulan Laros Community Sorong Raya. Organisasi iki minangka perkumpulan hang duwe otonomi dhewek naming tetep ring ngingsore payunge Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi) Sorong Raya. Ikawangi Sorong nduwe pisan organisasi kaya gedigi hang aran Garda Wangi.

“Setemene grup Laros Community Sorong iki wis ngadeg kapanane taping hing ana kegiyatan, aju kira-kira enem ulan kepungkur iki jenggirat tangi maning lan bisa aktip,” gedigu jare kang Erwin wong asal Karetan Bangorejo hang dadi ketuane Laros Community.

“Hang dilakoni Laros iki ya diweruhi ring Ikawangi kabeh. Dadi dudu saingane,” tambah kang Erwin hang wis teka ring tanah Papua sakat taun 1995 taping buru netep taun 2000. Iyane ngaku megawe serabutan, taping sakat ana pageblug iki nulungi rabine hang dodolan jajan.

Masiya buru diuripaken maning setemene kegiyatane wis melaku kayata jaranan lan mbagi takjil ring pinggir lurung disambi ana gendhingan musik kendhang kempulan.

Kegiyatane Laros Community hang duwe anggota lebih 300 wong iki hing mung nguripaken kesenian Banyuwangi taping uga ana kegiyatan sosial kayata kerja bakti ring pondhok pesantren Al Hikmah Annadiyah Sorong pimpinane Kiai Ahmad Misri wong asal Kemiren Glagah.

Taping mula keseniane iki hang melaku kenceng, merga alat-alat musike wis genep kendhang, kempul, keyboard, gitar, hang durung suling, merga tukang sulinge mulih nong Banyuwangi durung ana gantine.

Panjak kendhang kempule ana wong rolas. Saben minggu latihan ping pindho ring Aimas, Sorong. Pelatih kendhang kempule kang Giyanto, dene kuntulane dilatih KH Misri, kang Minto lan kang Ridwan.

Seperene durung ana hang nanggap ring njaba taping wis tau munggah genjot kanggo wong Banyuwangi dhewek. “Iki magih promosi,” jare kang Erwin.

Dene Ikawangi Sorong Raya, salah siji Ikawangi hang wis nduwe panggonan sekretariat dhewek arupa bangunan sekretariat hang bisa dadi panggonan pertemuan ukurane 14x38 meter ring lemah hang werane 1,5 hektar.

Ikawangi Sorong Raya hang diketuani kang Sutikno nduwe macem-macem grup kesenian dhewek kayata Kuntulan, Jaranan, Gandrung, Kendhang Kempul, lan Janger.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : wawancara

Editor: Hani Z. Noor