Jerangkong-Jerangkong Banyuwangi
Abdul Hamid (dipublikasikan pada Jumat, 12 Maret 2021 07:20 WIB)
- Esai
(Isun lair awal 1945 ning Kemasan, Panderedjo, Banyuwangi. Saikine Jalan Citarum. Sampek umur 8 taun isun urip lan memengan sak kancaan, sekolah SR (Sekokah Rakyat, saiki SD), ngaji nang langgar sak jerone alam tradhisi kampung Kemasan hang kala semono magih akeh kepercayaan cerita-cerita spiritual turun temurun. Magih jelas, kaya magih nang ngarep matanisun, uripe lare cilik hang diebeki ring gugon tuhon lan cerita-cerita cuba kala ngawiti sekolah dasar. Isun nggawe daptar tokoh-tokoh cuba hang ana kala iku.
Jerangkong-Jerangkong Banyuwangi
Aran-aran cuba bisa bida-bida kala jaman cilikanisun taun 1950an bengen.. Bida kampung bida aran cubane. Kampung Kemasan parek ambi aliran Kali Lo, cerita-cerita cubane ya sebagiyane sithik akeh ana cantholane ambi kali.
Cerita-cerita iku sak temene ceritane wong tuwek nang anak-putu-buyut supaya lebih nggampangaken wong tuwek ngurusi anak putune serta ngupaya anak putu bisa ngadohi bebaya.
Iki aran-arane cuba sekitar kampung Kemasan Banyuwangi ambi gambaran dedege.
1) Jemberiti. Cuba hang metu mari magerib, kemulan sarung cemeng.
2) Alan-alan. Metune raina, merupa wong tuwek raine elek.
3) Jerangkong kelunthung. Anane nang parek-parek kuburan wujud belungan menusa ngadeg mejeger wayah bengi.
4) Gulung kelasa. Kelasa hang nggulung lare cilik hang tepak adus-adusan nang kedhung, lare hang kegulung digawa melebu noring ngingsore kedhung.
5) Dulit. Wong tuwek, raine mbesengut nggawa karung goni, nggolet lare cilik hang keleleran aju dilebokaken karung digawa nang pabrik lenga keletik Hoo Gwan (Naga Bulan) ning Bengkalingan (saiki Karangrejo) kanggo digiling ring mesin pabrik.
6) Sunder Bolong, wadon ayu anane nang petengan hang boyoke bolong lan katon jeroane.
7) Uling (belut) Serngangong ning pinggire kali Lo hang bisa mbelelet lare cilik hang memengan ning kali.
8) Mbah Berod, embah-embah tuwek raine elek hang njaga kali lan nyilepaken lare bayi.
9) Gandaruwa/gandaruwo, untune gedhi-gedhi lan tojong nganggo petang untu siunge dawa, matane gedhi mendelik metu teka rai.
10) Baong. Kewan aneh hang metune sakwise lohor. Matane mung siji tapi gedhi ana ning silite.
11) Samarwulu, metu nggolet kurban parek-parek magerib hususe nguber lare cilik hang magih memengan ning njaba umah. Bisa miber.
Kang/mbok, ana hang magih enget cerita-cerita cuba ning kampungrika?
Acake ceritakena kelendi.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Kenangan masa kecil
Editor: Hani Z. Noor
