Jongkong, Wenjong!

Nur Holipah (dipublikasikan pada Sabtu, 21 Mei 2022 07:46 WIB)
- Kuliner



Siji engkas, panganan ring Banyuwangi, aran Jongkong. Jajan teka gelepung beras iki gampang ngolahe. Padha kaya nggawe adonane sumping utawa thuyul hang wis tau ditulis resepe lawas sakdurunge iki. Bidhane, jongkong disumba nganggo peresan godhong suji hang wis digejah lan dijuwut sari banyune.

Kanggo olah Jongkong, rika perlu nyepakaken :

  1. Santen kelapa 5 gelas belimbing (Iki rika bisa nganggo santen instan kadhung aras-arasen marud lan meres. Dhung marud lan meres dhewek rasane lebih gurih, aja lali kulit kelapa njaba daginge hang kelire soklat dikenceti makene santene sing buthek)
  2. Gelepung beras 500 gram/ ½ kilo (Bisa nganggo gelepung tukon utawane kadhung nggawe gelepung dhewek alias nyelep dhewek, beras hang wis pucusan dikum sulung sewengi. Dietus, buru siap diselep). Iki isun nganggo gelepung beras tukon, merk Rosebrand)
  3. Gelepung kanji, 2 sendhok.
  4. Gula Abang hang wis diiris alus kanggo isenan njero jongkonge. (Isun nganggo 1/4 kilo)
  5. Uyah secukupe (¼ sendhok teh)
  6. Godhong gedhang hang wis disuwiki, kanggo mbungkus jongkonge.
  7. Semat kanggo nyemati.

Kelendi nggawene? 
Gelepung beras, kanji, santen, ambi uyah, diuled dadi siji. Kunteken banyu peresan godhong suji hang wis digejah, sithik-sithik. Serta wis uled kabeh, aju dijenang ring dhuwur wajan. Geni kompore aja kari barak aja kari kiyep. Tengerane ya jenang gelepunge kudu sampek kalis. 

Sesendhok rong sendhok jenangan gelepung mau dipenyet ring dhuwur godhong, aju diiseni sesendhok gula abang ring tengah-tengah aju dikemuli maning ambi adonan gelepunge. Pincuken godhonge lan sematana.  Gedigu sakteruse sampek adonane entek.

Dietap sulung pincukan jongkonge ring panci kukusan kanggone dikukus kira-kira 30 menitan. Paceke jongkong dienggo jangkep-jangkepe jajan tepak selametan. Jajan iki cocog uga kanggo pilihan menu buka puasa. Menul-menule jenang hang gurih kelir ijo enom kecemak mecothote gula abang kelir soklat seru wenjonge. Kelendi? Cacaken yara wis.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Dokumen Pribadi

Editor: Antariksawan Jusuf