Joyo Karyo Art Akustik ring Pameran Kepurbakalaan Banyuwangi
Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Minggu, 10 Oktober 2021 05:54 WIB)
- Resensi

Ana hang beda saban bengi ring Pameran Kepurbakalaan hang dianakaken Pemda Banyuwangi manggon ring pelataran Dinas Kebudayaan dan Pariwisata Banyuwangi yaiku anane genjot pinggir kulon hang madhep ngetan.
Sakliyane tatanan hang apik arupa welit lan jajang-jajang hang nduduhaken kadhung iki nggawa nyang khasanah tradhisional Banyuwangian bedhang-bedhag pameran hang unik iki mau magih ditambah maning uga dhasaran panganan jajanan teka UMKM (Usaha Mikro Kecil dan Menengah) hang dodol panganan lan ombenan. Umpama anane dhayoh hang nekani pameran iki hang mesti sing bingung golet keretepan utawa anget-angetan kayadene kopi lan teh ana ring kana. Hang sing keneng diungkuri mesthine ya anane lare nom-noman hang nggelar akustik Banyuwangian hang manggon ana ring genjot madep ngetan iku mau.
Sing mung katon rumang pelataran Disbudpar sakat ring tanggal 4-6 Oktober 2021 naming uga kerasa tenterem nong ati merga saban bengine ana rengeng-rengeng akustikan. Bengi kawitan Akusitik teka Younger’s utawa Kawitan Junior hang diterusaken bengine Joyo Karyo Art.
Metune Joyo Karyo Art akustikan ana ring panggung iki mesthine dadi kiprah anyare Joyo Karyo Art ana ring panggung akustik, merga kawit asal-muasale Joyo Karyo iki kesuwur ana ring grup patrol hang buru bain ana ring ulan Mei taun 2021 menang juwara siji tingkat kabupaten. Mari menang ana ring Lomba Patrol Banyuwangi 2021 hang manggon ana ring Waroeng Kemarang sakteruse menang maning juwara siji ana ring Lomba Musik Patrol Golkar Jawa Timur 2021.
Joyo Karyo merga nganggo konsep sanggar seni, uga bisa nampilaken maneka unsur seni Banyuwangi kayata tari, nyanyi, drama lan bisa uga angklung, patril lan liya-liyane.
Kadhung Joyo Karyo Art hang dikomendani ambi Nuno Sutedjo iki nganggo konsep akustikan Banyuwangian kaya dene patrol orchestra hang wis ana bengen, anane cello lan cajon hang wis didadekaken gantine kendhang ring jaman semana saiki ana maning kendhang Banyuwangian hang diedekaken nganggone kaya dene bongo drums lan conga drums. Instrumen liyane magih pada kayadene gitar, bas, suling, angklung lan keluncing.
Joyo Karyo Art akustik dalu iku main ambi anggotane antarane bain, gitar 1 Diastro, gitar 2 Abzarin, bass Yordiansyah, angklung Helmy, cello Haris, kajon Dayat, kendhang Rivaldo, keluncing Ajril, suling Farhan Dhika, vokal Fajar lan Farhan Dhika kolaborasi ambi Iqbal Maulana. Joyo Karyo Art iki wis tau munggah genjot ring Warung Loji perliman. Paglak Pethung ring Segobang Licin, lan acara-acara hajatan-hajatan liyane.
Gendhing Banyuwangian digawa enak ambi Iqbal Maulana yaiku “Widodari” lagune Catur Arum, iyane nggawa anak-rabine munggah ana ring genjot dadi koreone. Farhan Dhika Nggawa gendhing “Lanun” anggitane Elvin Hendranata lan Nuno Sutedjo. Fajar salah sijine vokal teka Joyo karyo nggawa gendhing “Rantag”.
Ring pungkase acara Nuno Sutedjo yaiku salah sijine anak teka Kang Aji Tedjo, legenda angklung Banyuwangi, nggawa gendhing karyane Yon’s DD yaiku “Beng”. Penonton katon girang ambi keplok-keplok merga ana penari hang diunggah nyang genjot.
Hang nggarahi apik, Joyo Karyo iki kadhung ngaransemen lan nggawe gendhing mesthi juger-juger ring potensi tradhisi lan tetep mituhu nganggo kekuwatan nada-nada has banyuwangian.
Acara hang kaya gediki mesthine bain keneng dienggo nguweni panggonan nyang anane grup-grup anyar kanggo nguweni kesempatan nduduhaken eksistensine nyang lagu-lagu Banyuwangi makene tambah moncer maning. Mesthine sing mung ana ring acara Pameran Kepubakalaan iki naming uga ana ring acara-acara liyane.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Seni
Editor: Antariksawan Jusuf