Tanduran Tamba, Jeruk Pecel Lenga Keletikan Ngilangaken Pecah-pecah nong Capah
Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Sabtu, 18 Juli 2026 07:22 WIB)
- Resensi
Usum “bedhidhing” (usum hawa adhem hang keliwat) bisa nggawe awak sing enak merga kelembabane udhara kurang, nggarahi kulit garing merkingking uga bisa nggarahi capah nong sikil pecah-pecah melethek kaya kampalan nong kedhokan hang garing.
Kanggo nambani capah hang pecah-pecah bisa nganggo tanduran tamba iki yaiku jeruk pecel lan lenga keletikan (minyak kelapa).
Carane,
Sedurunge turu bengi, sikil hang capahe pecah-pecah diekum ambi banyu anget hang wis diirisi jeruk pecel. Ambi dikusuk edheng-edheng nganggo jeruk kum-kuman mau. Mari dikusuki sikil dientas aju dipulas ambi lenga keletikan aju dikasuti nganggo tisu/gumbal rijig hang alus aju mapan turu bengi. Sampek isuk Insyaalloh sikil rijig lan balik asal sing pecah-pecah. Balenana maning sipat arep turu bengi.
Kandhungan
Jeruk pecel/nipis efektif ngilangaken pecah-pecah nong capah merga ana kandhungan asam sitrat lan vitamin C. Asam sitrat dadi eksfoliator alami hang bisa ngangkat sel kulit mati, sipat antioksidan lan antibakteri (flavonoid) gancang marasaken peradangan ring capah sikil hang pecah-pecah.
Kasiyate
Lenga keletikan (minyak kelapa) duwe kandhungan asam Laurat (sekitar 47%) hang duwe sipat antimikroba, Vitamin E, uga senyawa polifenol hang bisa dadi antioksidan hang apik kanggo infeksi ringan ring njabane kulit.
Jeruk pecel/nipis kandhungane Alpha Hydroxy Acids (AHA) alami kayadene asam sitrat. Kandhungan iki bisa kanggo eksfolian kimia ringan hang bisa ngerontokaken sel-sel kulit mati lan ngerangsang regenerasi kulit.
Cacaken bain iki obat/tamba kunane wong Using Banyuwangi sakat kuna-makuna.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : dokumen pribadi
Editor: Hani Z. Noor