Tanduran Tamba Kanggo Kelinjeren
Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Rabu, 08 Juli 2026 06:43 WIB)
- Resensi
Radang kelenjar, abuh utawa cedhut-cedhut ana ring pelengan, cingklakan, lan selakangan iki biyasahe merga ana inpeksi ring njero awak hang andulane nyang panggonan-panggonan iku. Lare bayi ngisore limang taun gampang keserang penyakit iki. Kadhung nemen bisa dadi panas awake lan nggereges merga ana peradangan akibat teka serangan nong kelenjar getah bening.
Kadhung ana inpeksi nong untu/gusi biyasahe pelengan abuh. Kadhung ana udun utawa tatu/korengen biyasahe selakangane lan cingkelakane abuh.
Asem (asam jawa) hang diracik ambi lenga keletikan lan uyah sithik bisa ngenthengaken cedhut-cedhute lan ngemplesaken abuhe. Kadhung sing ana sudane mari diobati uyah asem lenga keletikan gancang digawa nyang dokter bain.
Kandhungan:
Uyah iku apik kanggo radang tenggorokan lan sariawan. Peredaran darah bisa dilancaraken sarap bisa rileks lan kontraksi otot bisa kendho.
Godhonge asem, wiji lan ekstrak uwohe asem ana kandungan tanin hang bisa nggancangaken regenerasi jaringan kulit lan mateni bakteri, kadhung dipangan kanggo peradangan lan mangkug-mangkug (mual) ana ring weteng.
Lenga keletikan mateni bakteri jahat (kayadene E. coli, virus, lan jamur) uga nggalesaken kulit (melembabkan kulit)
Carane nggawe
Lenga keletikan (minyak kelapa) 2 sendhok (kira-kira 25 ml) diendoh ana ring lepekan dicampur asem jawa 3 wiji (wijine dibuang) lan uyah sak wuku diuled dadi siji nong lepekan.
Kadhung wis ramed uledane aju dipulas-pulasaken nong hang lara kelinjeren ring cingklakan, ring pelengan utawa selangkangan (hang biyasahe abuh lan lara)
Kasiyate
Lenga keletikan (minyak kelapa) duwe kandhungan asam Laurat (sekitar 47%) hang duwe sipat antimikroba, pitamin E, uga senyawa polifenol hang bisa dadi antioksidan
Uyah bisa ngerijigi tatu-tatu njaba. Sipate bisa dadi antibakteri
Asem (asam jawa) bisa mateni bakteri hang nggarai infeksi nong awak.
Cacaken bain iki obat/tamba kunane wong Using Banyuwangi sakat kuna-makuna.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : dokumen pribadi
Editor: Hani Z. Noor