Juger-Juger Motip, Batik Godho Ngetokaken Kawung Kendedes
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 29 Januari 2021 06:29 WIB)
- Laporan
Arane milu iwuh ring bisnis kreatip kaya nggawe batik iki ya kudu diakehi reka daya kelendi terus merujukaken desain-desain hang anyar.
Kang Firman Sauqi teka batik Godho lan ketua perkumpulan Batik Sekar Jagat Blambangan kecaruk kang Peter L. Adiningrat, ahli hukum (advokat) hang uga magih kerabat keraton Surakarta Hadiningrat.
Ulih inspirasi teka kelambi hang dienggo Kendedes (rabine raja Singosari Tunggul Ametung lan mburi-buri Ken Arok) hang ana ring patung, kang Peter njaluk nang kang Firman digawekaken desain hang emeh padha ambi hang dienggo ring patung sampek dadi batike.
Aju serta wis dadi, batik lan cerita latar mburine mau dijalukaken tandha tangan nang KGPH Harya Puger, anake Paku Buwana XII, hang nduwe wigati gedhe nyang nguri-uri tinggalane embah buyut arupa batik, hang diarani Kawung Kendedes.
"Dadi kawung iku hing mung tinggalane sakat era Mataram Islam, paran maning wis dadi Republik, taping wis dikawiti sakat bengen jamane Singasari," gedigu jare kang Peter hang saiki manggon ring Banyuwangi.
Setemene kadhung diurut memburi, akeh bupati (temenggung) Banyuwangi hang nduwe gelar RT (Raden Tumenggung) hang dipilih VOC Landa dadi bupati ring Banyuwangi bengen. RT iku mau nduduhaken gok bupati iku setemene ngabdi nang Kasunanan Surakarta Hadiningrat. "Kadhung hing percaya, delengen urut-urutan arane para bupati Banyuwangi hang ana ring Dinas Pariwisata," jare kang Peter nganggo basa Indonesia.
Magih ana siji maning motip batik hang arep digawe hang diarani Sangga Langit, hang asale teka oret-oretan hang digawe KGPH Harya Puger dhewek.
"Engko ring sertifikate, arep Hun jelentrehaken kelawan narasi teka endi asale, paran unsur sejarahe hang nduwe perjalanan dawa ring tatanan sejarah," jare kang Peter.
Dene kang Firman ya arep nggarap motip siji maning hang diarani Sekar Sayu Atika hang ulih inspirasi teka Buyut Atika, "ibu asuhe" Sunan Giri, hang dipercaya kuburane ana ring parek pertelon Giri Banyuwangi.
Isi motipe ana makam, kembang semuja, kampung lan sawah hang digambaraken ring beras kutah, manuk minangka simbol kehidupan hang nana putuse lan selendhang. "Latare putih kanggo nduduhaken aura suci," tambah kang Firman.
Firman ngawiti nggawe merek batik Godho sakat taun 2011, sedurunge iyane aktip ring Bali merga sedurunge Bupati Anas, UMKM batik ring Banyuwangi kaya hing direken.
Serta ana wigati teka Bupati Anas, Godho lan UMKM batik hang kelebu UMKM cilik diejak pameran nang kutha liya. Taun 2013, para UMKM batik iki sepakat ngedegaken asosiasi hang diarani Sekar Jagat Blambangan, lan kang Firman hang didapuk dadi ketuane seperene. Kawitane mung ana 10 UMKM saiki wis nambah dadi 30 UMKM.
Taun 2018 sore ana Jambore Batik Jawa Timur ring Banyuwangi, sukses sampek ditekani Asosiasi Batik Indonesia.
"Wong-wong teka Asosiasi Batik Jawa Timur sampek nangis serta diajak nong lapas ndeleng binaane UMKM batik Banyuwangi lan Pemda kanggo pemberdayaan sampek nong wong-wong lapas," jare Firman.
Ketua Yayasan Batik Indonesia tepak nong gedhung pamerane tau rada kaget merga Banyuwangi ya duwe batik Sekar Jagat, percis arane kaya hang ana ring Yogyakarta. "Ya kene iki nduwe motip dhewek kaya Kangkung Setingkes, Paras Gempal, taping ya ana uga Sekar Jagat Blambangan hang pendaptarane wis ulih surat teka Kemenhumham," jare Firman hang wis kepilih ping telu dadi ketua asosiasi Sekar Jagat Blambangan.
Batik Godho dhewek saiki wis ngetokaken lebih 50 motip batik, jare Firman, taping durung kabeh ana arane. "Pokoke Isun nggawe motip bain, arane mburi-mburi bain."
Foto: kiwa, motip ring patung Kendedes, tengen motip batik Godho Kawung Kendedes.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.






