Jujugan Kelenceran Wisata Jopuro

NURHARIRI (dipublikasikan pada Kamis, 03 Maret 2022 09:24 WIB)
- Wisata



Siji maning jujugan kelenceran hang wong Banyuwangi kudu weruh, yaiku Wisata Jopuro, panggon adus-adusan hang aman kanggo lare cilik. Merga Jopuro dudu kali hang mili teka adoh hang bisa belabur utawa banjir kadhung ana udan gedhe ring ndhuwur kana. Panggon adus-adusan iki asale teka sumber gedhe hang ana ring ndhuwure kira-kira 300 meter teka panggone adus.

Adohe dalan sing dadi alangan, dalan hang bilak-biluk mbisiki ati gara-gara gadug, munggah mudhun sing bakal dadi getun. Sepidhah montor sun parkir mbayar telungewu, aju melebu ring panggon kelenceran ditarik karcis limang ewu saben uwong. Sakat teka pangggonan lawang melebu sampek panggon adus-adusan kira-kira satus meter, mata iki mung nyawang timplikan kedhokan sawah, kali irigasi hang isine rawatan iwak koi, uga ana warung-warung hang jaja macem-macem panganan. Watu cemeng hang gedhi-gedhi nambahi endahe sesawangan. Suwara gemericike banyu ngelik-elik ati kaya ngongkon nyemplung, kungkum memengan banyu ciblang-ciblung. Ring bagiyan tengen gemelar kaya permadani ijo tanduran seladhah hang siyap dipanen, lalare keli-keliyan nunggang ban ambi jerit-jerit kaya-kaya memengan Arung jeram. Lanang wadon cilik gedhi tublek dadi siji padha adus-adusan ring balong sedherhana, mung dibebeng watu aju disemen, dadi magih katon aseline kali. Ring ngisor uga magih pasir lan watu-watu cilik, watu kerikil hang kadhung diidek kerasa ring sikil, naming sing ndadekaken getuhe banyu masiya semono akehe uwong hang adus.

Isun lan kanca sing langsung adus, taping nyebrang ngalor liwat dalan hang dienggo mbebeng banyu. Adheme banyu kerasa nyokot sikil, aju kelendi adheme kadhung adus. Timplikan sun unggahi, arep ring warung paling dhuwur lan paling kulon. Dhonge gadug sakkal lungguh ring bangku, kerana rasane sikil wis lisuh. Ambi nganteni kopi lan gorengan hang wis dipesen, mata iki keliling ndeleng sesawangan hang endah, sawah hang parine magih ijo, lakune banyu hang kening gemericik ngeliwati watu cilik lan gedhe, uga girange lalare hang memengan banyu, ceburan, ciblungan, lan lange-langean. Sing ketinggalan emak lan bapake uga milu memengan banyu, ana pisan hang nggawa HP kanggo poto-potoan ring tengah balong, ana pisan hang poto-potoan ring ngarepe tulisan WISATA JOPURO, hang ana ring pinggir kulon.

Kopi panas lan gorengan wis disuguhaken, wedang kopi hang magih kebul-kebul sun seruput taping sing kerasa panas merga adheme hawa hang ana ring kene. Jajan kucur sun pangan kanggo ngganjel weteng hang wis kerasa elom. Sing suwi mi gelas wis teka pisan, kerana weteng wis elom, mi langsung sun entekena, Alhamdulillah wareg weteng iki.

Ambi mangan kucur, isun gesah ambi wong hang dodol. Jare hang dodol kadhung kali hang kening lan gedhe iki asale teka sumber hang ana ring dhuwur kana, kira-kira 300 meter teka kene. Aran sumber iku “KAJAR REJOPURO”, hang saben tanggal 12 Dzulqoidah dianakaken selametan kampung “Ithuk-ithukan”. Sampek saiki selametan kampung iku magih tetep dilakoni ambi wong Rejopuro. Penduduk Rejopuro iki magih deles wong Using, basa sedina-dina uga nganggo basa Using.

Mari mbayar panganan lan ombenan, isun agage marani panggon sumber hang diceritakaken wong dodol kopi mau. Dalane apik dipaping melaku ngulon, ring tengene dalan banyu mili lan gelaran tanduran seladhah ngancani lakunisun. Kesele sikil melaku kebayar ambi sesawangan ring ngarep mata, pungkase dalan ana ring pereng dhuwur hang ring ngisore gemerojog banyu gedhe hang metu teka bolongan pereng iku. Subhanallah, Ndika dadekaken sumber niki bukti keagungane Ndika, mugi dadi berkah kangge sedaya mahluk ciptaan Ndika. Kancanisun sakkal nyebur ring banyu parek sumber banyu kening iku, ngerasakaken adheme banyu hang magih asli teka sumber. Ana cedhingan banyu, lan kolong hang gedhi kanggo ngilekena banyu ring kampung lan kanggo penguripane wong-wong kampung, kaya dienggo ngombe, adus, lan liya-liyane.

Kelenceran adus-adusan JOPURO iki ucap asale teka aran Dusun REJOPURO hang supaya enak ngucape disingkat dadi JOPURO. Jujugan kelenceran iki panggone ana ring dhusun Rejopuro, Desa Kampung Anyar, Kecamatan Glagah Kabupaten Banyuwangi. Kadhung teka Banyuwangi kutha, kira-kira adohe 10 km, hang bisa diparani nganggo montor utawa sepidhah montor, taping kadhung nganggo bis kaya-kaya sing bisa. Kadhung rika wis tau ring Pemandian Taman Suruh, Rika mung kari melaku ngulon sithik aju ana dalan munggah melebu ngidul, terus bain miluwa dalan iku sampek notog aju meleguk nengen. Muga-muga ana manpaate. 

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor