Anggitane: Nur Holipah
(Minggu, 09 Februari 2020 06:49 WIB)

Jukung


Dina Minggu iki, wong umah arep singkrih. Nubengi wis rembugan. Emak hang ngerijigi jerumah. Isun ambi Mbok Ain rijig-rijig nung njaba. Apak hang rabas-rabas dheket wétan umah, ditulungi Dhik Agil.

Nung njerumah emak ngerijigi badhang, kusut-kusut cendhéla, lemari hang bek beldugé. Apak, isun lan adhik ngerijigi njaba. Apak mangkat ngerabasi suket wetan umah. Suketé wis pating dawa-dawa. Kadhung digeningaken bisa-bisa saya dhuwur. Sing lali empangé santenan uga dipungglengi. Suket-suket hang nyelolor merambat ring pageran uga diceraguti.

Isun bedhol-bedhol suket teki nung ngarepan. Latar ngarep umah mula rada wéra. Umahé apak ambi embah dhèmpèt, padha-padha madhep ngidul. Pinggir wétan ana lèdheng. Wité poh gadhung ana ring nggir kulon, ngarep umahé embah. Kembang anggrèk ditèpelaken nung bongkoté uwit santenan. Nung empangé pohé, anggrèké uga digantungaken. Ana kembang mawar jambé, parek-parekan ambi kembang melathi bengèn ulihisun nandur, njaluk winih nyang rabiné Man Bakir. Kembang melathiné sun geningaken urip nung lemah.

Godhong-godhongé kembang hang wis alum sun pethik, dikelumpukaken dadi siji. Mbok Ain hang ngetap pot-pot hang selingkrahan. Ditata, dielih nung pinggir kulon. Perujukané lobok pareké ledheng sun tandur nung gelas pelastik pecaké banyu ngombé. Uwohé ranti hang wis mbelangat sun unduhi, kenèng dienggo nyambel.

Mbok Ain ngerabas wité pandan, sithik. Sangking makené rada padhang. Tanduran mawar lan melati nung pageran pareké lawang melbu, dipuket nganggo rumput jepang makené uwité sing keneng keidek. Perujukané bobohan lan kemangi digeningaken, emak menging mbedhol. Tanduran suruh hing lali sun siram. Mbok Ain hang ngangsu, isun hang nyiram nganggo cibuk. Polahé isun sing kuwat njunjung timba, abot.

“Beng ampetna banyu Tik!” Jaluké emak nyang Mbok Ain hang enak nyingkur tangan nganteni tadah banyu nung lèdheng. Emak ngelungaken timba kothong. Isun hang  nampani ambi gayané kaya njaluk upah.

“Limangewu kerin talah. Héhéhéhé.” Emak mèncep. Mbok Ain kauk. Abané apak teplak-teplek, kayané lengené dipangan rengit.

***

Apak, emak lan Dhik Agil wis lungguh ring ngarepé tipi. Kesel wis. Dhik Agil kilah-kilah ngeluk boyok. Es Tèh sak kètèl kari ketelé wis. Isun ambi Mbok Ain magih nung pawon. Kari sak gorengan maning.

Mara-mara ana wong ndhodhog umah. “Assalamu’alaikuum.” Teka abané wis ketara. Mbok Ain ngintep. Endhasé nyungup sithik, katon apak magih ududan. Nulih menjaba kalingan ponakan teka.

“Wa’alaikumsalaam. Iiihh Ramdani Sahek ya. Ambi sapa lik?” Sauré apak ambi nyokot gorengané mauka.

Arané dudu Ramdani Sahek. Sangking wis, apak iku mula gedigu. Dhemen nggeredho. Dani iku anaké Mbok Dayah. Mbok Dayah iku anaké Mak Tik (emboké emak). Dani, saiki magih kelas siji SD. Umahé ring payaman, parek rel sepur.

“Diteraken apak Nang. Anang Sakur sing nyingkal tah?” Abané Dhik Dani mula magih sing bisa basa alus. Batiné Dhik Dani, dungaren jam semené Nang Sakur kok ana ring umah.

Dik Dani iki sakat bengèn mula dhemen kadhung apak nggawa teter utawa singkal. Bengèn tau, kala magih TK milu nyang sawah. Weruh anangé nyingkal sampék emèh kejeluwuk nung kedhokan. Ya untung, mung sandhalé hang kecelep nung endhut.

“Perei Anangé Lik. Sapiné magih nyang AIL. Memengan.” Apak mangkat nggeredho maning. AIL iku oanggonan kelenceran hang ana ring Rogojampi. Aju Dik Dani larené sing ngguguan.

“Alah apus.” Jaré Dik Dani ambi nabok-nabok saka ngarepan. Karepé thothokan.

“Aja gedigu ra. Kenèng susur aju tangané. Melebuwa kana nyang Mbok Ain. Kek gedhang goreng, windhul. Nyak!” apak ngelungaken sak piringé. Gedhang goreng kari mung siji. Dik Dani thingel. Daya tah iku arep, sangking magih isin-isin kucing.

Dhik Dani dhodhogan saya anter. Mara-mara abané geludhuk ngagetaken. Dik Dani hang mauné ana ring ngarepan, sakkal melencung menjero umah. Wanguné udané arep temebluk. Derem. Langité katon petheng. Sing sepira suwi, gerigis.

Apak, emak, isun lan Mbok Ain gemuyu ndileng tingkahé Dhik Dani hang keweden. Paran maning Dhik Agil, sampek gemuyu kekel.

“Lungguha kéné kèk.” Jaré emak ambi ngèrèd lengené. Sakat muka megiyet, sing gelem entheng.

Mari ngomong gedigu, Dhik Dani mareki cendhela hang madhep ngetan, ndileng gemerujugé udan saya deres. “Mbah, Isun kecèk ya.” Abané ambi arep nguthak kaosé. Emak agagé menging ambi rada dipendheliki makené wedi. Cumpu Dhik Dani mbesengut.

“Nyak memengan iki bain nyang Mbok Anis ambi Cak Agil pisan kek...” Isun nggawa koran suwekan limang lembar, nulih Dhik Dani kaya ngambul. Serta diwarahi, Dhik Dani pungkasané gelem. Isun hang nguwani conto kelendi cara nggawené.

Kertasé pesagi ditekuk dadi loro kudu padha dawané. Mari digu ditekuk maning dadi loro, taping hang diperlokaken mung pecak tekukane iku muka. hang kiwa ditekuk merupa segitelu kudu lurus nung galur muka. Sing sepira suwi, nekuk ngiwa, nekuk nengen, pungkasané dadi.

Durung sampek mari, Dhik Dani wis nyela. “Jukung-jukungan? Bisa Mbok. Bengen tau diwuruki tepak TK. Endi Dhik Dani arep nggawe pisan.” Jaré Dhik Dani weruh asilé hang sun gawekaken. Dhik Dani seru pinteré nekuk-nekuk. Isun sing kathik ngewuruki.

Sing suwi, jukunge Dani dadi. Dikelir abang nganggo kerayon.

Dhik Dani ngèthèng-èthèng jukungé, “Ayo dikelikaken!”

“Yeee... Kok jukungisun nung ngarep. Horeeee...” Abané Dhik Dani seru girangé.

“Cak Agil, meriniya tah kek e..” Hang diceluk terusane mara. Milu ngelikaken jukung-jukungan ulihe dewek. Dhik Dani mung nulihi jukungé  keli.

Apak nggacahi maning, “Engko mulihé nungganga jukung bain wis!” Dhik Dani munyik-munyik rungu apak ngomong gedigu.

Pungkasane, Agil—adikisun—lan Dhik Dani, keloronan menganan jukung taker udané terang. Hang mauné ngambul njaluk kecek wurung wis, weruh jukunge kèmbang-kèmbang kenèng banyu udan.#

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Ilustrasi: brokeniceberg.wordpress.com

Editor: Antariksawan Jusuf