K E N J O

Iskak Basuki (dipublikasikan pada Jumat, 20 Mei 2022 09:34 WIB)
- Esai



Sakat pirang taun kepungkur isun ketemu koncar-kancir, wira-wiri, nyang Kenjo, mergane bapak (mertuwa) rabi maning ulih wong kono.

Kenjo iki arane kelebu hang aneh, kelebu hang 'asing' kanggone wong saiki. Desa-desa parek kono ana maning tunggale, kaya Glagah, Paspan, Jelun, Segobang, Kluncing, Pakel, lan liyan-liyane. Paran bain endane artine?

Ngalor sithik teka Kenjo ana Tamansuruh, Kampungayar, Kemiren. Gampang tapsirane. Kelendi ambi Bulupayung? Wong saiki, tosene lare saiki, wani totoan padha ngira bulu ring aran iku maksude rambut. Aju padha kepilenge ngartekaken, paran artine Bulupayung? Ketang hang nulis aran iku - kayane awam soal bahasa - kurang teliti. Kudune ana 'h'-ne, polae aseline 'buluh', buru terang artine yaiku jajang. Warga kono akeh wong Medurane, ngarani jajang - padha ambi wong Melayu - buluh. Buluhpayung - hang aju dadi arane dhusune (desane Bulusari) - maksude jajang utawa jajang-jajangan hang akeh ring kono, gedhi-gedhi barongane lan dhuwur-dhuwur lonjorane taker wera mentelunge, erob alan-alane payung.

Aju Kenjo iki paran? Kenjo, posisi geografise sing kari ring ngingsore gunung, sing mepet alas padhane Bulu(h)payung, ting katone - bengen sedurunge ana aspal tapi - lebih menjero 'pedalaman', lebih ndesa kesa-kesa kerana mula mecegrok ndhewek ring jeroan, mencil, adoh kana-kene, dalane mari-mari sara. Teka wetan - teka Jambean (Glagah) - dalane watu-watuan, ciyut, sengka, munggah puthukan; teka kidul - teka Pereng (Paspan) - munggah mudhun; teka lor-kulon - teka Tamansuruh - sing kari sengka ting hang adohan, linggak-lingguk ngeliwati sawah-sawahan lan kebon-kebonan salak sithika; serta meh gadug, metu teka kebonan hang katon sulung pucuke menara masjide, mecungul ijo nong antarane kelapaan; rada parek maning ketara gentheng lan kampungane. Emak! Kaya nemokaken 'lost city, lost civilization'. Jeh! Pilem nawai....

Hang buru weruh sepisanan - kaya isun bengen - mesthi gumun lan mikir, 'Kok ana papane menungsa? Iki negara endi?' Pisan maning, iku bengen. Kelemben ya kelemben, roti ya roti. Bengen ya bengen, saiki ya saiki. Bengen jare tenget, saiki jare mung kari karen-karen magise, sengete. Tunggale Bengkalingan (Kertosari) kadhung hang parek-parek kutha kono, bengen tapi ya....

Kenjo, arane memper ambi Kenzo, kutha ring negara Jepang kono. Takona wong Nippon kadhung arep weruh artine kenzo. Hang paling memper ambi kenjo ring basa Jawa iku 'kenya', artine lare perawan. Perawan Kenjo akeh, kenya Kenjo sing ana.

Kenjo, aja-aja sakat wingi taklam mula 'terisolir', kepisah teka wong Using liyane. Ana pantese. Ulihe wira-wiri merene isun nemokaken ucap-ucap (kata/ungkapan) hang nganeh-nganehi, hang bida-bidaan ambi basa Using liyane, durung maning lugote hang rada dawa nggelandhot....

Contone - mbuh kelendi asal muasale - wong Kenjo ngarani seprei iku 'sasab', kolek 'sarimoka', ketan duren 'sega susu'; endhog ya 'endhug'. Temune saben muludan ring Kenjo sing tau ana endhog-endhogan, anane.... endhug-endhugan. Kenjo? Jare kanca hang aseli kono, asale teka 'kunjo', artine bumbung teka jajang tunggale hang dipikul, dienggo wong adol legen. Enget? Wis lawas pisan sing tau tumon wong dodol digonan.

Ya miturut kanca iku, cikal bakale warga Kenjo manggone ring lemah puthukan, ring Kenjo bagiyan kidul, saben dinane ngangsu, mikuli banyu teka sumber nganggo bumbung teka jajang petung. Yaiku timbane wong kuna, arane kunjo, suwi-suwi gadug anak-putu nggeleyor sithik dadi kenjo, dadi arane desane: Kenjo.

(Bwi,0522,1.ib)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Pemikiran dan Pengalaman

Editor: Hani Z. Noor