Kali Lo Kelendi Kahanane Bengen?
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 07 Maret 2023 07:00 WIB)
- Esai
Ater-ater redhaksi: Jare ruwahe Pak Hasnan Singodimayan Kali Lo arane dijuwut teka wit Elo hang jaman bengen dhirik merujuk ring pinggir kali iku. Taping jare Iskak Basuki beda maning. Gedigi ceritane:
Kali gedhi hang iline linggak-lingguk ring tengahe kutha Banyuwangi iku akeh kenangane nong atinisun. Cilikanisun sing mentas-mentas teka kono.
Kali Lo. Arane kari gedigu ya. Embuh paran endane artine? Endane ana artine? Kadhung arane gedigu iku lan tulisane gandheng gedigu iku, repot nggerayahi dhasare. Nawi 'lo' iku kayane asale teko 'loh'. Temune dadi Kali Loh arane, buru gampang diartekaken, yaiku kali hang banyune loh, wawah, jeru. Bengen-bengene mesthine gedigu kahanane. Nawi, sepisan maning nawi, aran asale mula Kali Loh, suwi-suwi luntur, amet gampange ngomong dadi Kali Lo. Salah sijine aran hang nawi pisan bisa nguwati, yaiku kampung pinggir banyu ring wetane biskop Suazana, arane yara Lohkanti. Embuh kelendi maning sejarahe iku? Secara lisan, umume disebut Lokanten. Ilang 'h'-ne.
Kali Lo, gampange ngucap mula mengkono bain. Maning nyatane saiki banyune wis sing loh, kejaba usum udan. Kaya umume kali ring endi-endi Kalilo saya taun milu-milu saya nyithik-nyithikaken banyune, saya nyethek-nyethekaken - suwi-suwi maning aja-aja asat, arane sah diuwah dadi Kalisat - sebalike tepak usum udan, tepak gedhi udane, tepak rada suwi, byek, saya medeni amuke, belabure. Masiyatah wis dipelengseng kabeh, sapa hang wani njamin satus persen aman?
Kampungisun bengen - panggonan memenganisun tepak magih cilik - ring Lebak kono, ring Kelurahan Tukangkayu paling lor, parek Pecinan.
Kali Lo, pinggirane ana hang dhuwur ana hang endhep meh rata banyu, akeh wit-witan kelebu jajang-jajangan uga gedhang-gedhangan. Akeh elenge macem-macem kewan sedawane pinggirane iku, kelebu welut, uling, ula, kadhal, lan liyane, nyambik bengen cepet tumon. Bengen durung ana hang dipelengseng rekene. Embuh kelendi saiki nasibe kabeh kewan banyu iku?
Kali Lo, banyune magih lumayan jeru tepak iku. Keneng dititeni, kadhung mara-mara buthek berarti teka ndhuwur ana tentara latihan perang, arep liwat. Wong Lebak tosene lare, sithika ring pinggir banyu alan-alane ndeleng perayaan, karnapal. Tentarane mula akeh, atusan, ana hang gedhi ana hang ketara cilik, seragame ijo-ijo, topine waja. Kabeh ngimplok rangsel, tangane nyekel bedhil, ambi melaku ngeropyok sing leren nyanyi 'mars', lagune tentara. Memei rame Kali Lo tepak gedigu. Lan embuh teka endi awal njebure pasukan redes (raiders) iku? Sampek saiki sing paham isun. Weruh-weruh liwat. Kadhangane diwalik, latihane teka arah ngisor - teka segara pantese - munggah, ya embuh sampek nyang endi mandhege? Bangete gadug sasak Pecinan tau sepisan mandheg suwi. Kabeh tentara mandheg. Ana hang katon nyilem nong wetane sasak - nong ndhuwur wong liwat padha ndileng - jare ana bedhil hang ilang.
Kali Lo kadhung tepak mara - tepak segara lampeg, banyune melebu nang Kali Lo - dadi jeru sampek jam-jaman suwine, sampek surute. Tah tepak kondhisi gedigi iki bengen kawitane diarani kali hang loh, Kali Loh?Jelase, tepak kaline mara iku wayah hang paling didhemeni lare. Kabeh lare Tukangkayu Lebak, lanang wadon, padha nyemplung, ceburan, langi-langian, ambi ana hang nggawe gathek yaiku peraonan teka gedebog. Gedebog dijejer telu, papat, utawa lima dipathek nganggo jajang cilik, digancetaken dadi siji, aju ditunggangi munyeng-munyeng sak kancaan. Dhayunge nganggo ganjur. Ana hang jare istilah saiki 'tubing' alias ban-banan, hang duwe ban. Hang duwe jukung ya bisa jukung-jukungan. Wong Lebak ana pira kala semono hang gawene mancing nong laut; jukunge bisa menyang-mulih didhayung sampek nang Lebak, diparkir parek umahe. Saiki?
Mbengi, mudhun ngaji, isun biyasah diejak kanca-kanca hang wis lebih gedhi, nggawa oncor teka jajang sak ros, diisi lenga gas, pucuke hang disumet teka kusut disumpelaken - golet iwak nong kali. Ulihe enggo adang-adangan, ana bedhul, cokol, lele, welut, uling. Urang ya ana masiya sing kari gedhi. Urang, adate ana ring parek sumber, ambi ring rong-rong ngisore watu-watuan. Carane golet urang dijiret matane nganggo jiret teka semat hang pucuke dipelunthengi tali alus teka serate gedhang. Urang pelayune mesthi mecethat mundur. Edheng-edheng njirete tepakena matane aju peluntiren, angkaten! Keneng! Urange kencal-kencal susah, uwonge kencal-kencal girang.
Awan mulihe sekolah, kadhung memengan ring banyu bisa ambi ngemek bedhul. Saben ana pecahan gentheng hang wera, utawa nepaki nemu ban njabane sepidhah hang wis suwi kelem, digerayang njerone meh mesthi ana iwake. Luput bedhul ya cokol. Bedhul ambi cokol meh padha iwake. Bedhul lebih gedhi lan cemeng; cokol rada cilik, sing sepira cemeng.
Mancing wader pethak ya nyenengaken, termasuk hang paling hun dhemeni iku. Alihe ulihe masiya akeh sing dipangan, ya sing digawa mulih. Using. Wader digenan iku cilik-cilik, ana hang cemeng polos wernane, ana hang kembangan abang ijo awake - beda ambi wader hang digoreng ring warung-warung. Iku wader pari yara gedhi-gedhi. Wader pethak sing ana hang mangan, mugane akeh runtung-runtung ring pinggirane Kali Lo, tosene ring kangkung-kangkungan. Mancinge sukur nganggo palesan teka semat, senare serate gedhang, umpane cacing cilik-cilik abang, akeh golet ring endhut celot-celotan. Cacing ditaleni nong pucuke serat aju empakena nong ngarepe wader yara disaut; cethul, cethul, rasane gok mangan kerasa nong tangan. Tariken, angkaten! Yara katut, keneng. Gedigu bain senine. Mari iku uncalaken ring banyu maning, utawa uncalaken nang pitik, kadhung tepak ana.
Acara liyane? Kadhang golet belinge piring. Kanca-kanca iku lantelangan ulih bain acara. Belinge piring bengen mung putih thok, sing ana piring bening kaya kaca paran maning hang macem-macem kaya saiki. Hang akehan bengen piring seng. Milu lalare gedhi iku, teka umah isun nggawa welasah enggo wadhah muputi hang katon putih-putih nong njerone banyu, yaiku beling pecahane piring, akeh bengen. Ana hang wis ngelumut, serang suwine kecelep banyu, leren ngasahi iku engko. Ana kadhang tumpukan ring mburine umah-umah. Mbegh! Memei girang nemu iku, kaya nemu tumpukan emas. Embuh enggo paran setemene belinge piring iku? Nyatane payu diedol ring pecinan. Ana tukuke cina ring kono hang nampa. Embuh pira sekilone, wis lali. Engetisun pokoke picise aju dienggo tuku es setrup ring pak Mo, ring ngarep SD Tukangkayu. SD iku bengen celukane SD Lumbung, nawi awale dienggo gudhange pari - warunge. Mari-mari seger manis es-e, ale sukur es wungkul dipasrah ambi setrup abang bain. Ketang anane mung iku.
Hang enak maning ring Kali Lo tepak duwe ban-ban njerone montor - sing mentas-mentas memengan keli-kelian, ban-banan. Jaman donya durung usum 'tubing' utawa 'rafting', isun ambi kanca-kanca, elek-elekan wis main digonan. Ban siji keneng dienggo keloron, lungguh adhep-adhepan utawa nyeplang bane. Nana, ngatut iline banyu ambi enjot-enjotan. Kepingin suwi, tau teka Lebak melaku sulung mendhuwur sampek Kepatihan buru ngintir, bane digotong liwat lurung lan lompongan-lompongan. Paling adoh tau sampek sasak Kempon - jembatan kidule masjid jamek - buru mudhun, mangkat keli-keliane. Pirang kilo aju adohe iku? Nawi sing akeh kilo, taping pirang taun aju sampek saiki? Nyatane sing lali. Kayane sing mungkin lali pisan ambi Kali Lo.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.

