Kampoeng Batara Sinau Nderes Pulut ring Jelajah Rimba

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 16 Maret 2021 06:53 WIB)
- Laporan



Lalare hang melebu ring sekolah adat Kampoeng Batara nduwe acara rong ulan sepisan kanggo ngerambah alas. Minggu sore ring ulan Maret, lalare hang manggon ring pinggir alas ring Kalipuro iki diajari lebih parek ngenali alam sak ubengane. Sakat teka nggoleti sumber umbul, sinau macem-maceme wit-witan ring alas, kewan-kewan lan diajari proses ngolah wit-witan industri kayata pinus, jati, mahoni, jajang lan liya-liyane.
   Sinau Pembelajaran ring Jelajah Rimba iku mau minangka usaha nambahi wawasan lalare bab alas. Sakteruse lalare nduwe sangu dhemen lan welas dadi hing gelem ngerusak alase, malah kadhung bisa milu njaga makene alase tetep lestari. Kelebu njaga sumbere banyu.
Sapa bain hang milu? Sak liyane lalare Kampoeng Batara, Jelajah Rimba iki ya dipiloni komunitas pegiyat lingkungan, dosen lan mahasiswa, lan media.
Ring Jelajah iku, wong-wong hang milu akehe 55, dibagi ring pirangane kelompok. Saben kelompok ana tim pendhamping teka macem-macem elemen masarakat kayata Perhutani, dosen, mahasiswa lan pegiyat lingkungan.
   Salah siji hang dadi narasumber utama yaiku wong hang nderes pulute wit pinus, sak perlu ngajari proses nyadhap.
   Asisten Perhutani (Asper) Kepala Bagian Kesatuan Pemangkuan Hutan ( KBKPH)  Ketapang, pak Suwadi, uga milu njelentrehaken carane nderes, manpaate lan nduduhaken kelendi carane meroses pulut iku mau.
   Ring kawasan KPH Banyuwangi Utara ana kira-kira 100 hektar werane duwene  Perhutani. Wilayah iki melebu ring 850 hektar hang dikelola ring Lembaga Masyarakat Desa Hutan Rukun Makmur.
Jare pak Suwadi, wilayah lemahe Perhutani hang digarap ring LMDH, setengahe dienggo Hijauan Pakan rajakaya lan 50 persen sisane kanggo lahan wilayah nderes pinus. KPH Banyuwangi Utara lebih akeh ngasilaken pulute pinus.
“Saben wong nduwe seperapat hektar lemah hang bisa ditanduri. Kelawan banyu udan hang cukup, wong tani bisa nandur jagung ping telu setaune. Ana pisan tanduran liya kayata gedhang, apokat, kacang brol, kacang ijo lan jae gajah," jare Suwadi.
   Pira hang diasilaken wong nderes pulut? Salah sijine wong hang nderes yaiku Haironik (42 taun), ngomong gok pulut pinus regane 3.800 rupiah sak kilone. Ulan ngarep jare arep munggah dadi 4.000. Malah kadhung pulut hang paling apik, hang super, bisa sampek 5.000 rupiah.
   Jare penderes liyane, Maemo, saben minggu iyane bisa ulih 200.000-300.000 teka nderes wit pinus ndeleng teka usum paran. Kadhung rendheng, kuwalitase rada elek hing kaya pulut hang dideres ring mangsa ketiga. 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Widie Nurmahmudy

Editor: Hani Z. Noor