Kampung Goib Pelesteran

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 16 Maret 2023 07:19 WIB)
- Laporan



Kanggo nanggepi laporan temuan warga Pesanggaran, Ali lan Hadi, ngenengi masalah anane panggonan hang dikira pecakane candhi ring alas Gunung Gedheg Desa Baru Rejo Kec. Siliragung, Kepala Bidang Kebudayaan Dinas Kebudayaan dan Pariwisata Kab.Banyuwangi, Dewa Alit lan para stap, Senin (13/3) kepungkur marani panggonan iku mau. Kawitane njujug ana ring Bale Desa Baru Rejo. Ring kana diterima Kepala Desa Ach.Jainuri direwangi Kamituwa Mbah Dul uga Ali lan Hadi.

“Ring alas Gunung Gedheg iku mula akeh uwong hang nemu barang-barang kuna. Tapi isun mung kerungu-kerungu thok. Hang nemu sing lapor. Dhong-dhonge ditakokaken barange uwis diedol. Sabene ana hang nemu barang akeh. Dieler dadine sak meja. Ana kerise, patung-patung cilik, kendhi-kendhian lan macem-macem liyane. Kadhung iku isun weruh. Taping isun durung pati paham ambi barang-barang gedigu iku. Serta kerungu maning saiki jare wis diedol,” abane Kades Baru Rejo, Ach. Jainuri.
”Mulane bengen Kang Anas nyurung-nyurung isun kongkon ngelola Desa Baru Rejo didadekaken panggonan wisata. Kerana jare duwe pengarepan hang apik kanggo ngelancaraken mutere rodha ekonomi masarakat,” imbuh Kades.

Tim teka Bidang Kebudayaan Disbudpar Banyuwangi ngeman-eman ambi paran hang diceritakaken Kades. Umpamane para tokoh Desa Baru Rejo tanggap, barang-barang kuna hang ditemokaken warga nalikane juger-juger iku dikelumpukaken aju diwadhahi lan ditata, bisa dadi museum desa. Keneng dienggo salah-sijine roncean wisata ring Desa Baru Rejo.
“Lha….serehne saiki uwis diweruhi, ayo mingkis lengen kelambi lan celana, bareng-bareng ngedegaken museum desa. Gunung Gedheg lan sakubenge keneng dienggo panggonan jujugan ngelencer. Mulane perangkat desa lan wargane kudu bareng-bareng njenggirat nggarap kelebihan alam hang diduweni desa Baru Rejo. Sak liyane ngelahiraken UMKM anyar, warga uga bisa mbukak homestay. Nawi ana pengunjung hang kebengen tekane, sedurunge nyang jujugan ngelencer, nginep sulung sewengi ring umahe warga. Utawa, mari ngelencer nginep sulung. Nginepe iku mbayar,” abane Kabid Kebudayaan, Dewa Alit.

Sak marine diterima ring Bale Desa, Tim mangkat melaku nyang sasaran sekira jam 11.30 bedhug, ngeliwati dalan ciyut mung sak cekapah, nyabrangi kalen hang kening, melebu ring alas jati, munggah-mudhun milu galur hang uwis ana. Kira-kira emeh rong kilo ulihe melaku, Tim gadug ring sasak tengah alas jati. Ring ngisore sasak iku ana kalen hang banyune kari sithik. Saingga dhasarane kalen katon kewela-wela.
“Lha…iki Pak hang aran Kali Plesteran. Ayo mudhun kanggo nyatakaken kadhung iku setemene watu ceper hang wera, saingga warga nyebut Kali Pelesteran, merga mula kaya pelesteran,” abane Kamituwa Mbah Dul. Tim padha mudhun lan lungguh ngelesod ambi gesah. Watu ceper hang kaya lapis iku uwis ana garis kothak-kothak kaya irisan tempe. Ukuran werane ana hang 33 Cm, ana 40 Cm, ana uga hang 55 Cm, malah ana hang werane mung 25 Cm.
“Bengen sedurunge tahun 1960-an gedigu, akeh warga teka manggon ring sakubenge kene. Terus ana kabar, warga hang penekan iku padha ngilang. Taping warga kampung sakubenge alas iki bengen kerep ulih undangan selametan ring panggonan iki. Rumangsane ya uwong kampung umume, pondhok-pondhoke ya katon berai. Mulih teka undangan selametan iku warga kampung pinggiran alas ya ulih berkatan. Ana salah sijine warga hang nekani undangan iku tulah-tulih ring kiwa-tengene dalan hang diliwati. Serta nulih memburi, kampung kono mau sing ana. Taping ambi melaku maning sing wani cerita ning kancan-kancane. Serta uwis gadug pinggirane alas buru cerita kadhung rombongan warga iku setemene hang ngundang selametan iku sapa? Berkatan uwong hang tulah-tulih iku serta dibukak sing rupa panganan menusa taping kothoran hang nyukeri. Dadi ring Kali Pelesteran iki ana kampung goib arane ya Kampung Pelesteran,” cerita Mbah Dul ambi nduduhaken pinggirane kalen hang watune kaya ditatah-tatah apik.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor