Kampung Tahu Nerima Sertipikat New Normal
Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Selasa, 06 Oktober 2020 06:12 WIB)
- Laporan
Inopasi pasar rakyat kudu terus diupayakaken ana ring desa-desa Banyuwangi. Usaha Mikro Kecil dan Menengah (UMKM) arupa dodolan jajanan lan olahan masyarakat lokal dikarepaken bisa ningkataken ekonomine masyarakat desa. Paran maning ring mangsa pandemi covid-19 iki hang nggawe ekonomi masarakat jeblog nana pengasilane maning.
Plt Kepala Dinas Koperasi lan UMKM Banyuwangi RR Nanin Oktaviantie nyatakaken kadhung usaha-usaha inopasine masarakat kudu saya disurung ambi pemerintah kanggo ningkataken perekonomian rakyat. Ring kesempatan nekani Pasar Rakyat Kampung Tahu desa Gitik Kecamatan Rogojampi dina Sabtu, 03 Oktober 2020, Nanin Oktaviantie ngarepaken ring mangsa pandemi iki masarakat kudu terus ubeg ngedegaken usahane kelawan sing lali nganggo Protokol kesehatan.
Sakteruse Nanin ngapresiasi nyang usahane masyarakat Dusun Temurejo Desa Gitik Kecamatan Rogojampi hang nganakaken Pasar Rakyat Kampung Tahu ring dina Sabtu minggu kawitan saban ulane. Nanin hang uga tau manggon ring Desa Gitik iki nerangaken kadhung masyarakat dusun Temurejo desa Gitik iki wis sakat bengen nduwe usaha industri umahan yaiku nggawe tahu. Kampung Tahu hang dodolan sembarang panganan olahan hang bahan dhasare teka tahu iki bisa dadi anjang-anjange industri umahan iku dhewek. Kampung Tahu bisa nopang ngadege industri umahan nggawe tahu hang ana ring desa Gitik.
Waris, salah sijine wong Desa Gitik hang mbukak stand ring Kampung Tahu nyatakaken girange kadhung dina iki bisa ditekani Bupati Anas lan Plt Kepala Dinas Koperasi UMKM Banyuwangi. Paran maning Pak Anas lan Bu RR Nanin bisa mampir ring stand-ne lan bisa nukoni tahu gorang dodolane.
Kepala Desa Gitik nambahi kadhung tekane Bupati Banyuwangi iki mula wis dianti-anti masyarakat Kampung Tahu sakat sabane. Mula iku iyane ngarepaken nyang masyarakate makene terus jenggirat tangi mbangun ekonomi paran maning bisa ditekani wong nomer siji sak-Banyuwangi iki.
Ring kesempatan iku uga Bupati Banyuwangi nyerahaken sertipikat New Normal nyang pengurus usaha pasar rakyat Kampung Tahu. Sakteruse Bupati Anas ngarepaken usaha iki terus bisa dilakoni kelawan nganggo protokol kesehatan hang ketat.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Kabar Desa
Editor: Hani Z. Noor






