Kang Hansen lan Buku-Bukune
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 13 Agustus 2021 10:08 WIB)
- Laporan
Tepak Kang Hasan Sentot (Hansen) nemoni pesthine ulan Juni kepungkur, media-media lokal nguwot obituarine. Taping nana hang nyinggung buku paran hang wis diasilaken. Setemene kadhung dideleng nong medsos, ruwahe nduwe kawigaten hing mung merujuke basa Using taping uga nduwe bakat gedhe nong nulis gurit Using. Mergane iyane mula kenthel seru uripe ambi basa Using. Kelairan Dusun Krajan, Desa Parijatah Kulon, Kecamatan Srono hang saben dina mula nganggo basa Using minangka basa sedina-dinane. Arane ring bukune nganggo Parijoto nduduhaken gok iyane sing lali ambi desane, Parijatah.
Nulis gurit wis dilakoni sedurunge ana medsos hang saiki ngewani dalan sapa bain bisa nguntabaken isi pikirane lan perasaane dadi gurit. Kang Hansen wis sakat taun 1990an nulis gurit tepak iyane magih kuliyah ring Fakultas Sastra (saiki Fakultas Ilmu Budaya) ring universitas Jember. Gurit Usinge akeh diuwot ring majalah basa Jawa kayata Panyebar Semangat lan Jayabaya. Uga ring Surabaya Post Minggu, ring kolom Suket hang akeh nguwot akeh puisi-puisi nganggo basa dhaerah.
Malah sak uwise lulus kuliyah, kebentel pegaweyan sampek sing kaibukan nulis gurit Using. Sakat taun 2008, merga anane medsos, tanah kelairane katon parek merga bisa nggesahaken paran bain bab basa, budaya lan kedadeyan-kedadeyan hang ana ring Banyuwangi.
Tepak kecaruk kawitan taun 2013, buru ngelumpuk sak perlu nggawe organisasi hang bisa dadi panggonan kanca-kanca hang nduwe wigati hang padha ring basa Using, ruwahe hang wis merana-merene tulisane bab gendhing-gendhing Using lawas, huntawani nerbitaken skripsine hang nduweni judhul: “Lagu-Lagu Daerah Banyuwangi Tahun 1965-1975 Dalam Kajian Semiotik’. Tepak nggarap skripsine iku iyane magih nemoni akeh wong-wong hang mumpuni lan wis dadi maestro ring gendhing Using. Umpamane, lirik lagune disedhiyani teka kaset-kaset ring umahe Pak Hasan Ali, hang uga akeh nyeritani sejarahe gendhing-gendhing jaman semono. Uga teka maestro gendhing kayata Pak Bashir Noerdian lan Pak Andang CY hang nyeritakaken proses kreatip dadine gendhing-gendhing iku lan lirike hang bener. Taping embuh apuwa, ruwahe kaya aras-arasen arep ngewakaken naskah skripsine.
Buru taun 2018, iyane gelem. Taping dudu skripsine, naming iyane ngelumpukaken maning gurit-gurite mau lan didadekaken buku hang nduweni judhul “Gandrung Jagad” (SKB Pebruari 2018). Ring buku iki ana 66 gurit hang setemene wis tau diuwot ring majalah lan surat kabar. Minangka jurnalis, ruwahe kelebu wong hang kritis nong kahanan hang merujuk ring Banyuwangi. Hing maido kritik sosial iki uga akeh metu ring gurit-gurite. Sedurunge sampek umur, ruwahe hang dadi pemimpin redaksi ring portal kabarbanyuwangi.com akeh nulis soal kahanan basa Using hang nggawe perihatin. Umpamane sakat 2007, sing ana maning materi pelajaran anyar. Kelendi susahe wong utamane guru-guru nggolet kamus Bahasa Daerah Using-Indonesia, sampek kerungu ring anake ruwahe pak Hasan Ali hang nyusun kamus iku, yaiku mbok Emilia Contessa hang pungkasane ngewani atusan kamus kanggo wong-wong hang mbutuhaken hususe guru-guru.
Ring gurit-gurite, akeh idiom-idiom Banyuwangian (Using) hang dititeni ring ruwahe. Umpamane, wayah adhem mbedhidhing iku wayahe mekroke Kembang Cilung (Kembang Cilung, hal. 5) lan logroke Kembang Cangkring (Ngudhari Suwung, hal. 13). Utawa udan kawitan hang nggawa belabur taping hang diwedeni wong-wong tuwek, anake nawi kesetrum (Udan Kawitan, hal. 7).
Setaun sak uwise buku hang kawitan terbit, Kang Hansen hang nduwe akeh kanca kelebu hang ana ring Balai Bahasa Jawa Timur, nerbitaken Puisi Using Ngeronce Welas (BBJT, April 2019).
Kaya judhule, ring kene akeh gurit-gurit hang nguntabaken rasa atine (Ngeronce Welas; Mupus; Parek Rika; Adol Welas; Luru Welas; Ngasah Welas; Manjinge Welas lan liyane. Ana 54 gurit hang ana ring buku kono. Setemene, buku iki dudu mung buku hang isine gurite iyane. Kurator teka Balai Bahasa kang Mashuri, njaluk iyane ngelumpukaken gurit-gurit Using liyane, hang tepak iku dijaluk yaiku Kang Abdullah Fauzi lan Mbok Uun Hariyati. Taping sampek keneng deadline, hing ana hang ngelumpuk. Pungkasane diputusi, mung gurite kang Hansen hang didadekaken buku.
Dene skripsine, apik seru. Sampek-sampek ‘paus’ sastra Jawa, almarhum Prof. Suripan Sadi Hutomo, kepincut ring penemuane lan ngerekomendasi kanggo paparan seminar tradisi lisan ring TIM (Taman Ismail Marzuki) Jakarta ring tahun 1993.
Muga-muga keluwargane magih bisa ngupayakaken terbite skripsine kanggo nyugihi sastra Banyuwangi.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







