Karine Cerita FTBIN 2024

HENI KURNIAWATI (dipublikasikan pada Kamis, 13 Maret 2025 08:35 WIB)
- Laporan



Sakmarine Badan Bahasa duwe iwuh kang aran Festival Tunas Bahasa Ibu tanggal 1-5 Mei 2024 ninggalaken cerita ewer kang sing kira bisa dilalekaken ambi pesertane. Minangka pendamping teka Banyuwangi, Heni Kurniawati ngumpulaken cerita ewer teka lalare peserta FTBIN Jawa Timur kang diwakili 28 murid SD-SMP teka Banyuwangi lan Madura.

“Cerita ewer kang kawitan teka isun dhewek. Kala iku magih tanggal loro Mei, mula durung ana kongkonan ngisi google form kanggo pelakon karcis kapal udara. Taping mekadha bangete nge-zoom ambi Balai Bahasa Provinsi Jawa Timur ambi pendhamping teka Madura wis dikirimi link-e sun gancangi bain ngisi formate. Pikirisun alukan nganteni yara, timbangane kentekan karcis. Aju kelendi nasibe lalare peserta FTBIN Banyuwangi kadhung sing uman karcis?”, jare Heni Kurniawati salah siji pendamping FTBIN teka Banyuwangi kang sedinane dadi guru dines ring SD Negeri 1 Tamansuruh. Iyane kang duwe karep megawe ganggas cumpu luput. Selamete magih bisa diwurungaken taping ya rada diabani ambi Bu Oktavia Vidiyanti (Staf Balai Bahasa Jawa Timur) gok tandang aja kari keseng. Pak Erpandi (Kasi Mutu Pendidikan SD Banyuwangi) taker bolak-balik ngilingaken gok tandang iku kudu takon-takon sulung nyang Bu Okta. Bu Aisyah salah siji pendamping teka Medura ya jengah pisan, aju bain WA-WA-an takon wis wayahe dikongkon ngisi google form tah durung. Serta dijelasaken gok megawene kebablas, aju bain ngakak bareng-bareng. Maklum iki tugas kawitan kanggo Heni Kurniawati lan Bu Aisyah dadi pendamping acara FTBIN.

Sing cukup luput merga keganggasen ngisi google form. Bangete mari acara pembekalan teka Pak Suratno minangka Kadispendik Banyuwangi. Diwarahi gok rekaman musike dikongkon ngalusaken, jawane makene enak dirungokaken. “Njaluk tulung Bu Natalia, musike dialusaken maning. Dideleng wong sak Indonesia penampilane lalare Jawa Timur makene sampurna”, gedigu wekase Pak Ratno. Natalia Utami kang sedinane dadi guru ring SD Negeri Olehsari dijaluki tulung ngetap jogedane peserta FTBIN mari-mari sagah kadhung semaur, “Nggih, siap”. Jam papat soren Heni Kurniawati lan Natalia Utami ngepret goncengan melaku nyang desa Geladag. Tujuane yaiku nyang rumah produksi Prima Production. Rada sara nggoleti panggonane merga sing ana plang arane. Magrib kecaruk Man Prima kang duwe rumah produksi. “Dikapak musike iki, Mbok?”, Man Prima takon merga wong loro (Heni lan Natalia) sing gelem bisa njelasaken. Pungkasane Natalia kang dipasrahi tugas ngereka musik iku ngongkon Heni njaluk tulung uwong kang kirane keneng dijaluki tulung. Sing ana maning kang bisa dicageraken, Heni langsung nempuhi Pak Kasi kanggo nulungi njelasaken nyang Man Prima. Serta dijelasaken karepe ngedit utawa ngalusaken musik, Man Prima aju megawe. Tangane mari-mari telikas ndulek-ndulek pitesane komputer. Sing suwi sithik sambungane musik kang kawitan ambi musik sakteruse sing ketara gemejlog, dadi langsam abane.

Bengi iku semasa mari ngisi google form kanggo pelakon karcis kapal udara, ring grup WA MaduWangi (Madura Banyuwangi) kang anggotane ana wong Balai Bahasa, para pendamping, lan para peserta FTBIN Jawa Timur ana kiriman karcis kapal udara teka Bu Okta lan dikongkon niteni salah benere arane dhewek-dhewek. Lalare kang teka Madura gemerudug kirim wekas suwara ring grup, padha protes merga arane salah kabeh, pating kewalik. Kang benere aran Arkanul Alif, ring karcise ketulis Alif Arkanul. “Tolong Bu Okta, nama saya itu dibetulkan. Nama asli saya Arkanul Alif tapi di karcisnya tertulis Alif Arkanul. Saya takut ditolak nanti waktu di bandara. Bagaimana kalau saya ditolak, Bu Okta?”, gedigu jare Arkanul ambi nganggo logat Madura-an. Dipiloni kanca-kancane teka Madura pating protes mekadha aran kang ketulis ring karcis sing padha ambi kang ketulis ring Kartu Pelajar. Bu Okta sahal kaget, ngongkon lalare mbaleni niteni maning pungkasane ngakak, gemuyu kepingkel-pingkel. Weruh rekane lalare kang pating protes, sing weruha gok ring karcis iku nganggo ejaan Inggris. Arane mula ditulis kewalik, kang nong arep ditulis nong buri. Contone aran aseline Heni Kurniawati nong karcise ditulis Kurniawati Heni. Serta dijelasaken gedigu grup tambah buyek geguyonan sak kancaan. Maklum bain wong, sing kabeh peserta FTBIN Jawa Timur tau nunggang kapal udara kadine sing weruh carane nulis aran ring karcis.

Semasa kecaruk nong panggonane acara ring Hotel Sultan Jakarta lalare Madura lan lalare Banyuwangi padha kenalan. Gesah-gesahan nggesahaken pengalamane nunggang kapal udara. “Ini yang pertama kalinya bagi saya naik pesawat terbang. Waktu pesawatnya mulai naik (lepas landas) kaki saya bergetar. Saya takut”, gedigu jare Arkanul salah sijine peserta FTBIN teka Madura nyeritakaken karo sikile kang kancilen mekadha keweden kawitane nunggang kapal udara. Fareza peserta FTBIN teka Banyuwangi yaiku murid teka SD Negeri Watukebo duwe cerita pisan. “Isun iki aseline wong sing duwe, sakdurunge mula sing tau nunggang kapal udara. Buru iki bisa kelaksan nunggang, wis gedigu geratis tis tis tis. Merga paran? Merga isun bisa Basa Using. Kesuwun seru kanggo Balai Bahasa lan Badan Bahasa. Muga-muga taun ngarep anaa maning Festival Tunas Bahasa Ibu. Kanca-kancanisun kang durung tau nu⁴nggang kapal udara makene sing leren nyeritani, makene weruh rasane nunggang kapal udara, geratis. Hahay, yara gedigu.” jare Fareza kang dedeg larene mula ewer lan dadi juara siji lomba ngewer nong Festival Tunas Bahasa Ibu tingkat Kabupaten. Muga bain dongane Fareza lair duta-duta Basa Using kang nerusaken perjuangane ngurip-uripi Basa Using bisa kabul hajate, aamiin.

Siji maning cerita ewer teka Arshyil Fadillah Jatmiko murid kelas papat teka SD Negeri 2 Tamansuruh, juara siji lomba ndongeng. Nong lomba FTBI Kabupaten Arshyil ndongeng Asal-usule Desa Kenjo, dedege ewer pisan. Larene mula emak-emaken, sakat kawitan kaya-kaya arep sing keneng dipethot ambi emake. Ana bain rekane arep ngajak emake milu nyang Jakarta. Oran-orane emake arep dijak nunggang bis, cumpu sing oleh mekadha ana urusane ambi SPJ lan administrasine Balai Bahasa. Weruh gok kudu nunggang kapal udara bareng para peserta FTBIN Banyuwangi liyane, emake arep diutangaken picis nyang gurune kanggo mbayari karcis kapal udara kanggo emake. Natalia Utami guru KKG Basa Using ring Glagah kang wis paham wateke Arshyil duwe reka arep golet wong tuwek kanggo njalukaken banyu Arshyil makene keneng dipisah ambi emake.

“Dadi pendhamping iki temenaken sing mung ngurusi administrasi thok. Nggawe naskah ngewer, sekenario tampilan, ngereka kelambi kang cocog ambi acarane, ngetap gerak tari sakdawane durasi songolas menit, tabuhan utawa musik, ngurak-ngurak lalare makene sumangat latihan, lll. Endhane kudu ngurusi urusan golet wong pinter pisan? Cumpu isun sing tau serawungan ambi urusan kang gedigu iku. Balak yara wis, taker mbelenger”, Jare Heni Kurniawati kang diwekasi Bu Okta gok Arshyil kudu milu nunggang pesawat bareng para peserta FTBIN liyane, taping kadhung emake Arshyil milu nunggang kapal udara kudu mbayar karcis dhewek. Emong..., aju picise sapa kang dienggo? Entek-enteke reka daya guru kang wis kulina ngucel-ucel lare kelas siji SD Heni Kurniawati ngomong keloron ambi Arshyil. Dijelasaken edheng-edhengan, diilingaken cita-citane Arshyil kang kepingin nerusaken sekolah nyang SMP. Kadhung milu FTBIN nyang Jakarta bakale ulih sertifikat penghargaan tingkat nasional, keneng dienggo ndaptar SMP. Sing kathik ruwed, kari milih-methik sekolahan kang dikepingini. Diceritani gok mulihe bakale ulih sangu, keneng dienggo nambahi celengane kang arepe dienggo tuku sepidah kadung wis sekolah SMP. Guru SD mula kudu akeh kembang kencure. Kudu bisa ngembangi lan ngencuri lalare kang rewel lan aleman kaya Arshyil.

Urusan Arshyil sing mari mung gedigu bain. Saben isuk tangi turu nong hotel Sultan Jakarta mesti ana laporan gok Arshyil nangis. Deffano Eka Amirulloh murid SMP Negeri 2 Rogojampi, peserta FTBIN teka Banyuwangi turu sekamar ambi Arshyil. Sakat kawitan wis diwekasi gurune perlune nulungi pendamping momong Arshyil. Isuk kawitan lalare padha adus lan denden arep milu acara pembukaan ambi Mendikbudristek Nadhim Makarem. Cumpune serta diunang, Arshyil ketemu ngelingker nong kasur, buledan ambi tapihe emake, ambi iluhe magih katon mili nong pipine. Bangete ditakoni apuwa sebabe nangis, larene sing ngaku gok nangis mung ngomong jare katon emake. Iyane takon-takon endhane emake bisa nututi nyang Jakarta, endhane emake bisa ndeleng penampilane? Dadi guru pendamping wis sing ana waktu nulungi Arshyil nangis, kepaksan kudu diakehi ngembangi ngencuri maning. Semasa gelem adus, salin kelambi, nganggo kalung ID card, kartu kunci kamar dilebokaken nyang sak, Arshyil nututi kanca-kancane nyang Ruang Ballroom kanggo sarapan. Embedhuge serta arep melebu nong papane madhang cumpune kalung id card-e Arshyil ilang. Kabeh kancane nulungi nggoleti, maksa sing ketemu. Pungkasane disiluri kang anyar ambi panitiane taping kang ngurusi nyang panitia ya emeh kepileng. Maning guru pendampinge ya ulih mambu uwele panitia polae wis diwarahi gok kalung id card sing oleh ilang polae iku dienggo sarat melebu ruang kegiatan ambi mangan suwene limang dina nong hotel Sultan. Sakat melebu nong Golden Ballroom Arshyil mula ruwed dhewek ambi HPne, pantese bain nilpuni emake. Temenaken jare Man Agus tukang kebun SD Negeri 2 Tamansuruh lan tanggane Arshyil pisan laporan gok Arshyil iku nilpuni guru-guru sak sekolahane polae nilpun emake taping sing ditampa. Heni semayanan ambi Bu Malenah kepala sekolahe Arshyil, kabeh guru dikongkon mblokir nomer HPne Arshil. Sing mupakat yara.

Engko isuke maning Deffano wadul maning, cerita gok Arshyil sing gelem adus. Serta diunang nong kamare iyane ketemu meluk tapihe emake ambi nangis timpuh nong pareke cendhela kaca. Ditakoni apuwa nggekeng maning, jare nganteni emake gok sing gadug-gadug iku endhane apuwa. “Mak Tik iku sun telpun jare wis melaku ya, Bu. Pirang dina iki wis gok sing gadug-gadug iku endhane apuwa? Isun kepingin Mak Tik ndeleng isun tampil. Penampilane isun makene apik.” gedigu alasane Arshyil.

“Setemene Sira iku aja pati ngeruwedi emakira tahwis, Shyil. Emakira iku geningna megawe wis, ulihe picis magih kanggo sapa kadhung sing kanggo sira lan emakira? Sira kadhung welas nyang emakira, emakira iku aja pati diangen, aja dipaksa kudu nututi. Sekaken emakira iku ngelempuk. Sira sing welas tah nyang emaksira? Delengen tah iki isun dikirimi pidio ring Pak Agus. Saiki emaksira ambi Pak Agus, lan Mas Ade wis gadug alas Kumintir. Pak Agus aja pati ditelpuni polae nyupir iku mbelaeni kadhung ambi nyekel HP. HPne emakira sing keneng ditelpun merga ring alas Kumintir sing pati ana sinyal.” Heni minangka pendamping kang wis kentekan reka daya kepaksan ngapusi lan nduduhaken pidio lawas nyang Arshyil. Pikire kang penting Arshyil lipur atine. Hahaay, nagud.

Dina Saptu isuk nong acara pertunjukan, Jawa Timur ulih giliran tampil nomer enem. Wis nong jero ruang Golden Ballroom panggonane tampil kabeh lalare Madu Wangi (Madura Banyuwangi) wis denden macak nganggo kostum siap tampil. Mung Arshyil kang sawangane bingung nulihi lawang wangune ana kang digoleti. “Bu Heni, Mak Tik iki gok sing ana teka ya. Isun wis meh arep mangkat tampil ya.” lesane Arshyil kaya babuhe pitik kelangan anake, paran maning iyane nganggo kostum pitik-pitikan nggarahi memper pitik temenan.

“Arshil, setemene Sira iku larene cerdas. Sore ika ngaku mentale wis kuwat. Benere yara bisa tampil apik sing mekadha ana emake. Sira kadhung sing ana emake dadi bodhoh tah? Setemene kang pinter, wani tampil apik iku emake tah Arshyil dhewek? Emakira wis gadug Sidoarjo taping ana sasak rubuh temune kudu puter balik. Sira iki kari nyiksa emakira ya. Wis diwarah kadhung welas nyang emake iku aja pati maksa emake kudu nututi. Magih sing sekaken, emaksira bingung. Kelendi emakira iku, sira pulasara gedigu iku.” Heni ngapusi Arshyil, maning endi ana sasak ngadeg. Ale emake Arshyil ambi Man Agus ya magih wutuh nong umahe, sing menyang nyang endi-endi.

“Iya wis, Bu Heni. Sing paran-paran wis emak sing nggadug kene. Taping engko ana youtube yara? Emak makene bisa ndeleng penampilanisun.” Jare Arshyil kepaksan ngalah ambi kewahanane emake kang sing bisa nututi nyang Jakarta, ndeleng langsung penampilan iyane lan sakkancaan.

Mongkog ambi lalare Banyuwangi lan Madura kang wis nampilaken kebudayaan lan basa dh⁵aerahe. Nggawa arane Jawa Timur ring tingkat nasional. Tampil apik taker dialem, dikajoni peserta teka propinsi liyane. Jare Bu Septi Saragih pendamping teka Badan Bahasa kanggo Jawa Timur tampilane lalare pantes ditiru. “Saya terheran-heran dengan Shava dari Banyuwangi. Yang semalam sakit sampai dibawa ke rumah sakit. Pagi ini bisa menari dengan lincah seolah tidak pernah terjadi apa-apa. Terimakasih anak-anak Jawa Timur sudah menampilkan yang terbaik. Tadi dapat apresiasi meriah dari para tamu undangan dan peserta FTBIN dari provinsi yang lain. Pesan moralnya juga dapat. Jangan menjadikan Bahasa Daerah sebagai pemicu perpecahan antar suku itu bagus sekali.” Gesahe Bu Septi bangete lalare Jawa Timur mudhun teka genjot.

Mula ring sakjerone penampilan lalare Banyuwangi nganggo kostum kang merna macem. Dikawiti Kirana nganggo kelambi bathik modern lan Ivana nganggo kelambi gandrung maca pidhato njelentrehaken kebudayaan kang ana ring Banyuwangi, ana Ghisni nganggo sungune kebo-keboan, Shava lan Vania nganggo kelambi Gandrung ambi njuged Seblang Lukinto, diterusaken Isma lan Gadhis nganggo kelambi lan omprok Seblang Olehsari sak njugede pisan, aju Happy lan Deffano nganggo kelambi Jebeng-Thulik. Merga Arshyil sing bisa njuged padha ambi kancane, miturut warah-warahane Bu Yeti Chotimah kang sedinane dadi guru ring SMP 3 Rogojampi Arshyil mesisan dienggoni kelambi pitik-pitikan, larene yara bisa melayu-melayu nguteri genjot sing kudu manut gerak tari kaya kanca-kancane. Rehan lan Revan nganggo kelambi adat Banyuwangian taping dendenane ewer mergane nampilaken ngewer bareng ambi lalare Madura. Revan nganggo kelambi adat lengkap ambi maca gurit kang judhule Emak. Annisa gendhingan Cengkir Gadhing.

Kang mbedakaken tampilane Jawa Timur ambi provinsi liyane yaiku teka musike kang rancak, gemah, lan pernah. Kabeh peserta perwakilan Jawa Timur obah kabeh, suwene tampil 20 menit sing kathik ana kang mandheg meceger. Ngewere bener-bener ngewer, ana dialog kang nyeritakaken ana lalare teka rong suku kang rada bandel-bandelan merga salah paham mekadha basa daerahe nduweni arti kang beda. Kaya ucap aloncak (Madura) artine melencat, kecaruk lan lungguh hulung (Basa Using) kadhung dirungokaken abane emeh memper ambi Basa Madura kang artine bacukan lan gelundhungan. Ring pungkase dialog ana wekas kanggo kabeh suku kang ana ring Indonesia supaya tetep nganggoa Basa Dhaerahe taping aja sampek nggawe pecahe bangsa lan nganggoa Bahasa Indonesia kadhung ngomong ambi antar suku sak Indonesia minangka bahasa persatuan Indonesia. Kang pungkasan basanan utawa pantun Banyuwangi sing oleh ditinggal. “Ana lumur wadhahe marning. Dilemeki kain selambu. Dawa umur kecaruk maning. Nong Festival Tunas Bahasa Ibu.” Kinara nutup pagelaran ambi basanan. Aju bain keplok kemerutug lan penonton padha ngadeg ngumani penghormatan nyang tampilane Jawa Timur.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : HENI KURNIAWATI

Editor: Nur Holipah