Anggitane: Antariksawan Jusuf
(Minggu, 19 September 2021 12:32 WIB)

Karya Peserta Lomba Maca Gurit/Basanan Using Ikawangi (1)


Ater-ater

Kanggo mengeti dina dadine, Ikawangi nggelar Lomba Maca Gurit/Basanan basa Using. Masiya wektune mepet mung seminggu, ana 20 wong hang milu lan 22 karya. Ana wong loro hang ngirim rong karya. Asile wis diumumaken sore yaiku hang Terbaik 1 Ridzkiya KS, Terbaik 2 R. Hartono (Aden Syahlana) lan Terbaik 3 Joko P. Susanto.

Merga iki Lomba Maca, hang dibiji hing mung isine gurite/basanane, taping uga teknik vokal, intepretasi lan ekspresine.

Kadhung isine, rata-rata apik, kaya hang ana ring ngisor iki. Merga ana akeh karya, laporane dibagi-bagi ring pirangane tulisan.

 

Suci Rahayu

Isun milu rika
Isun milu rika bain Ikawangi
Nang endi bain parane hun tututaken
Soale rika keneng dipercaya

Paran kang rika omongaken jeru maknane, bener karepe
Paran bain kang rika tindaktanduki keneng dilakoni saben dinane

Isun milu rika bain Ikawangi
Ana terange serngenge
Raina bengi mencorong
Nerangi terange ati
Salam seduluran selawase
Kanggo rika
Kanggo rikaaaa


Siti Maesaroh (Maesa Dee)

Angit wulur nggelar cerita
Gendhing macaan ngider suwara kewela-wela
Ngiberaken sampurnaning welas ring serasab nusantara
Ngelabur tawang kelir mega kang kapuranta
Lare Using semembur, gemeredep dadi lintang kencana
Heh rungokena
Lare Using dudu menusa
Pantese sekar nggawa arum maesi donya
Masiya adoh lakune cerita, lare Using tetep ana, tetep jaya
Lare Using kayadene upa, Ikawangi hang dadi kemarange
Siji siji dadi sega, diwadhahi dikudhungi
Lare Using kaya pethetan, Ikawangi hang dadi epote
Werna werna rupane, werna werna gandane
Dadi siji sak untingan, Ikawangi ngemuli ati

Yunis
Rasa ring ati

Semendhal rasa ring ati
Emak bapak ngeredani
Dhampingi hang sun welasi
Banyuwangi sun simpen ring ati
Semebar rasa ring ati
Taping ati wis kadhung janji
Ikawangi dulurisun sakiki
Ikawangi kudangane ati
Nana rupa nana merga
Ayo padha leluwasa
Gedhi rasa nyangga rasa
Ayo padha rumangsa
Urip bebarengan, njaga seduluran
Guyub rukun, selawase seduluran
Njalin silaturahmi aja pedhot
Isun lan rika lare Banyuwangi
Jenggirat tangi Ikawangi


Mohammad Novi

Sembur uthik

Uwar merica kecute nong njaba panggon kelairane
Kaya dene sembur uthike pari, nggerembela ambi gerasak tah jagunge
Ya tetep dadi pari

Wiwit sekolah uga tandang gawe
Tetep sagah ambi tirta arume
Ya Ikawangi arane


Budi (teka Propinsi Riau)

Ikawangi

Ikawangi oh ikawangi
Rika iku wadhah
Rika iku umah
Kanggo warga Banyuwangi hang ana ring alam donya iki
Teka Sabang sampek Merauke
Teka Miangas sampek Rote
Lan sampek luar negeri
Rikalah Ikawangi wadhah seduluran hang sejati

Nur Hariri

Ngerumrum arum, arum kembang Ikawangi
Dijaga, dirumat, aja sampek alum
Ambyar semebar nyerambahi bumi
Macem rupa wernane kembang
Direngga dadi siji ring taman
Aja was was lan aja mangmang
Ikawangi panggon seduluran
Nyambang mulih jare paman wis wayahe
Dadi siji jare bibik mbangun tanah kelairan
Ning endi bain Banyuwangi hang dadi jujugan

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor