Karya Peserta Lomba Maca Gurit/Basanan Using Ikawangi (2))

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 21 September 2021 07:46 WIB)
- Laporan



Ater-ater:

Lomba Baca Puisi/Basanan Using hang dianakaken Ikawangi Pusat kanggo mengeti dina dadine hang kaping 49 wis marek diumumaken pemenange dina Sabtu sore.

Taping akeh peserta liyane hang apik-apik guritane, eman-eman kadhung hing diwaca wong akeh. Kaya enem hang ana ring ngingsor iki:

 

Jamil Segara

Ikawangi Ikatan keluarga Banyuwangi
Ikawangi paguyuban hang madhahi dulur-dulur diaspora Banyuwangi
Ayo padha kumpul, guyub rukun, seduluran selawase ring Ikawangi
Nang Telemung gawe sumure
Tuku kemangi sak uyahe
Kadhung rika bingung nggoleti dulure
Ya ring Ikawangi iku wadhahe

Arep nyang Bali terus nang Jember
Aja lali tanggal 16 September
Merga iku dina dadine Ikawangi

Ana robot munggah nyang genteng, goleta andha kadhung arep ndeleng
Liwat sasak Tambong arep ngarit ring Lateng

Abot enteng ya disangga bareng
Gendhong indhit ya disangga bareng

 

Rosuli

Arum semebrung mabur mubar wanginira
Semebrung mabur mubar wanginira
Sampek gadug pucuke donya

Gandrung, barong, macaan lontar dadi seninira
Gunung emas Tumpang Pitu, banyu lirang Kawah Ijen, sambang sewu Watu Dodol dadi ayune rupanira
Buyut Saleh hang njangkepi
Buyut Fakih hang miridi
Hei lare Using
Sing isin tah rika kadhung mung mangan turu, guyonan ana ring kutha iki?
Ayo padha tangiya, mikira, megaweya kanggo mbangun kutha iki
Semangata kaya Minakjinggo wong ana Ikawangi hang siyap madhahi kanggo hang gelem ngeraksa Banyuwangi

XBall Ariyasa

Temelung ring kadohan nyidhem melung
Maroti dalan hang sing ketulung
Natagi gedhine kekarepan
Nyangga abote kewajiban kanggo nggayuh esem anak rabi
Golet sandhang pangan mugi bisa dadi kebungahan
Dulurisun hang adoh ring kana
Kancanisun hang wis suwi sing tau sanja
Papan kelairan magih serantan nganteni
Papan kelairan seru kangene ditekani
Dina, dina unyikrika semono uga ulan lan taun hang ana
Dulur
Donganisun kanggo rika mugi seger lan jaya ring kana
Masiya tetese iluh lan kangen durung bisa dadi tamba


Mahawan
Kudu Bisa


Kudu bisa
Ndadekaken basa, gendhing lan budaya Using nyerambahi segara, nyundhul langit, nyundhul mega
Kudu bisa
Gandhengan lan bebarengan dadi siji, sing kathik bentheng ceweng nuruti karepe ati
Kudu bisa
Paribasane untu nggathil kari siji merga mbelani ibu pertiwi, taping magih ana sewu gereget kang ngganti
Kudu bisa
Mujudaken Ikawangi Banyuwangi lan Indonesia maju kelawan pesthi
Kudu bisa

Sri Mulyani
Ikawangi Tamba Katon

Isun katon emak bapak
Kangen desa lan wit-witane
Kangen sawah lan nggampunge
Isun katon emak, bapak atine hang jembar, langite hang wera, hang momong isun tanpa sambat sampek isun bisa nyapa urip
Isun katon emak, bapak paran maning saiki urip adoh
Tapi isun hing cilik-cilik ati
Pucuke jagad bumi mesthi ana dulur Ikawangi
Hang bisa ngelindhungi lan keneng diejak gesah tamba ati
Dulur-dulur seger kewarasan ayuk manteb mbangun bangsa, nganggo semangate Ikawangi hang kenal raina bengi dadi sambungane ati


Windoyo lan Indah
Titip Kanggo Ikawangi

Metek dhadha
Siji-siji dulur kanca wis hing ana
Hang aran pageblug iki ya tanpa ndeleng mangsa, ngedohaken isun lan rika
Arepa nangis paran hang ditangisi
Wis ana hang nata, lair, jodho lan pati
Mung kari ngereksa dalan nuju kamulyan
Nata jangkah laku ngupaya penguripan
Sing arep sambat ngaruwara mung kepingin meluk muket dulur lan kanca hang adoh ngumbara 
Kelawan geguritan lan Ikawangi muga tetep nyambung rasa

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor