Anggitane: Antariksawan Jusuf
(Rabu, 22 September 2021 09:01 WIB)

Karya Peserta Lomba Maca Gurit/Basanan Using Ikawangi (3))


Ater-ater:

Ring ngingsor iki ana enem maning karya gurit lan basanan hang dianakaken kanggo mengeti dina dadine Ikawangi hang kaping 49. Akeh-akehe karya hang ana ring grup iki wujude basanan, gurit Using lawas hang perlu ana sangsangan lan isine.

Nita Welaran

Pelasan teri kuluban semanggi
Kenalena iki paguyuban Ikawangi

Ring perantauan teka lor, kidul, kulon, wetan
Tetep kumpul dadi siji arane Ikawangi

Muga tetep langgeng, susah seneng bareng-bareng
Tresna iki mung kanggo Ikawangi
Tetep seduluran selawase
Hok ah hok eh

Feby Septiyasa

Sun tekadaken ngelangkah ring perantauan
Ninggalaken dulur hang ana ring Belambangan
Mberebes mili banyu mata, merga adoh teka gandholane ati
Isun tetep berjuwang nang perantauan iki
Lan ahire isun gabung ambi Ikawangi
Yaiku wadhahe dulur-dulur Banyuwangi hang ana ring perantauan iki
Seneng rasane atinisun merga anane Ikawangi isun duwe dulur nang perantauan iki

Heri Purwanto

Menyang alas ya golet kedhampul
Nyang Seragi nyambang sawahe
Kanca lawas dulur ya padha kumpul
Ring Ikawangi ya iku wadhahe

Man Tabrani ya pacul-pacul
Ring Ikawangi ayo padha kumpul


R. Hartono 

Kampung Mondoluko ring wayah wengi
Turut kali lali dalane
Kadhung rika mula wong Banyuwangi
Aja lali seni lan budayane

Surup-surup gawane godhong kemangi
Kemangi dienggo lalapan wenak rasane
Guyub rukune wong Banyuwangi

Ikawangi iku papan panggonane


Mohamad Novi Yusuf

Lawang banyu iku ya ana gunane
Kadhung dijemblang bisa belabur banyune
Ana ring kana yara ana ring kene
Uwar ring donya Ikawangi arane


Rubiadi

Kang Mamat kang Jubaidi
Tuku langsat ulihe lenga
Selamat hari jadi kanggo Ikawangi 
Kang petang puluh sanga

Muga-muga tambah rukun, tambah kompak, tambah solid lan bisa seduluran selawase

Galur-galur godhong kemangi
Peteng-peteng golet geruyu
Dulur-dulur hang nong Ikawangi
Hang ganteng-ganteng lan ayu-ayu
Nong Padhang nong Teruka
Wis padha madhang tah rika

Dodol pecelan magih durung payu
Dodole ring Seruni, Kalibendo, mulihe tuku kethu
Isun kenalan ambi lare ayu serta hun takoni, randha, anake pitu

Komat-kamit ngesah budhing
Anteng bain hing sara
Isun pamit arep nong cedhing
Merga weteng wis kerasa lara

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor