Kasus Ninja ring Banyuwangi 1998
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 29 September 2022 07:27 WIB)
- Esai
Patlikur tahun kepungkur (1998) ring ulan Juni sampek nggadug Oktober, Banyuwangi ketutup pedhut cemeng. Siji-siji uwong hang disangka duwe ilmu sihir dipateni. Ana hang diobong sak umahe, ana hang diered-ered keliling kampung, ana uga hang digantung ring kandhange sapi. Selabar liwat koran, radhiyo lan tipi sing keneng dibebeng. Tambah dina saya akeh hang dadi korbane.
"Kala semono Isun diweni perlambang. Perasanisun ana uwong hang tukang nyatheti aran, hang duwe aran padha baris nganteni diceluki. Hang diceluk gemeter, melakune ambi merguyuh. Kadhung uwis melebu ruangan aju ana suwarane uwong melung-melung terus ilang. Mari gedigu njumbul uwong nggawa pedhang teka ruangan mau ambi awake gojreh getih ambi ngomong, sak teruse... Lha Isun ngelilir ngarepaken subuh. Serta isuk, koran teka. Eh...masyaalloh... kabar uwong Pakis digantung warga ring kandhange sapi," cerita Insiyah ngenget-enget jaman semono nalikane iyane sak keluwarga manggon ring Karangente, ambi njaga mesin percetakan Mak Ning duweni keluarga H. Kabul. Paran hang diceritakaken artis lokal iku bener kedaden. Engkisuke ngelantar ring desa liyane lan ngakeh-akehaken korbane. Kadhung dirunut beritane, hang ngerubut lan mateni korban ya dulur-dulure lan tangga-tanggane. Suwi-suwi serta dirasak-rasakaken, masarakat rumangsa diapusi. Pungkasane balik jaga-jagaan ngelindhungi warga hang dianggep duwe ilmu sihir. Tambah-tambah Pemerintahan Desa ulih tugas teka kabupaten dikongkon nyatheti wargane hang dianggep duwe ilmu sihir, sakperlu supaya diungsekaken ring dulure hang ana ring kabupaten liya, bocor. Cathetane Kades iku ana hang motocopi. Pungkasane Banyuwangi tambah ruwed. Polae ana sak gerombolan uwong hang sing dikenal warga seliweran dandan edan kaya ruwahe Osman lan Na'im. Kawit-kawitane nana hang nyangka. Bengi peteng dhedhet. Nana uwong hang wani turu ring njero umah. Lurung-lurung dipager-pageri, kendharaan hang liwat dicegat lan diurus uga diperiksa jerone kendharaane. Uwong duwe gawe sing wani nganakaken resepsi wektu bengi. Corong-corong langgar adate kadhung subuh akeh suwarane adan, kala semono sepi. "Adane sing diunggahalen ring corong. Uwong jaga ra sing mung ring dalan-dalan, taping uga ana hang jagongan ring teras-terase langgar. Dadi uwong-wong iku melek sampek subuhan sulung aju mulih ring umahe dhewek-dhewek," cerita Kang Amet Watukebo hang sabendinane njaga sekolah ring desane iku.
Ana maning cerita teka Pak Gondo Pesanggaran. Nalika iku kabeh pemuka agama teka ormas-ormas kumpul ring ruangane Kapolres Banyuwangi. Iyane cerita gok awake sing percaya ning masalah hang sing melebu akal utawa tahayul. "Taping Isun kala semono nyekseni dhewek. Isun hang dadi koordinator pengepungan. Ngarepaken magrib ana uwong edan melebu ring umahe warga. Hang duwe umah kepelayon. Warga liyane aju ngepung umah iku. Serta jam sewelas bengi ana asu loro wulune cemeng lan putih metu teka umah iku mau. Kepung-kepungan sampek asu hang wulune cemeng dipateni. Hang wulune putih lolos. Lhah... apatah uwong edan hang ring jero umahe warga iku mau uwah dadi asu? Isun sing bisa mikir. Sing melebu ring akal," abane Pak Gondo ambi methentheng. Serta weruh kaya gedigu iku Pak Gondo nyimpulaken kadhung akale hang sing bisa melebu ring persòalan.
Kedadeyan isu Ninja iku ngerambat sampek ulan-ulanan. Ulan September sampek Oktober dadi pucire masalah. Korban tambah akeh. Pitenah milu nyerintungi masalah. Hang dadi korban sampek ngelantar ning pengurus musolla lan masjid uga tokoh-tokoh agama hang ana ring Ormas hususe pengurus NU. Urusan dhendham pribadi uga katut kepuser ring "kedhung" isu. Diitung-itung hang dadi korban sampek ulan Oktober kira-kira nggadug 130-an. Mandhege keruwedan iku nalika para ulama, kyai, tokoh masyarakat kumpul ring gedhung Bhayangkara lan ditekani ambi Jendral Wiranto. Sakat mari acara iku, mendhung cemeng kaya dikaput lisus. Kaya nana pecake. Kelendi urusane uwong hang jare Ninja iku? Kelendi urusane keluwargane korban lan liya-liyane. Sapa hang dadi konseptore? Sapa hang tanggungjawab? Mbesuk ring ngarepe Mahkamah Pengeran nana hang kececeran. Kabeh mesthi nerima balesan.
(Kang Ujik)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Kang Ujik
Editor: Antariksawan Jusuf
