Anggitane: Nur Holipah
(Sabtu, 30 November 2019 17:26 WIB)

Katon-Katonen


Sun buwang ambegan dawa. Wis saya kerasa gok arep pisah maning. Arep adoh-adohan maning. Larene ana ring kadohan kana, isun ana ring kene. Pirang-pirangane dina iyane mulih nyang Banyuwangi, isun mung uman sepisan ketemu. Sing kaget wis kadhung saben mulih sing kober kecaruk. Merga dheweke megiyet kaya singgat sing bisa meneng. Ana bain pegaweyane. Sithik-sithik merana, merene, acara nang kana, nyambang dulure. Taker apal isun. Emane bain kadhung semayanan sing tau luput. Taping ya gedigu, kadhung arep ngejak larene memengan, kudu gawe gelepung sawi sulung adoh-adoh dina. Sing keneng kadhung mara-mara, wis pasthi sing bisane.

Sun sawang awake ilang ketinggulan wong liya. Mung katon tas hang diemplok nung boyoke. Ketang mula sing ulih melebu nyang peron, merga mung hang nunggang lan duwe tiket, hang diulihi melebu. Temune, isun mung bisa nyawang teka jendhela. Sing kober gesah-gesahan, merga sing suwi sepur nyang Malang wis wayahe teka.

***

Kala iku, isun buru mari megawe. Iyane marani isun nyang pesisir Boom sakmarine kundangan nyang kawinane kanca sekolahe. Isun wis nganteni sulungan, ring pinggir dalan ambi silir-silir mambu banyu segara. Mula wis sun semayani, nyang pantai barengan bain timbang isun mangu-mangu dhewekan ngitungi pasir.

Kawitane bain, kembang muludan—buledan. Iyane sing gelem dhung ketemu mung keloron. Alesane wakeh, rimbit wis. Sakat jare nawi gerigis, geludhug, sing ana sepidhah, aras-arasen metu teka umah. Dipapag ya sing gelem, merga emong digonceng lan kudu sepidhahan dhewek. Taping muni jare sing ana sepidhah. Kudu-kudu nuthuk bathuk. Mula uwohe duwet—ruwed.

“Magiya Sira arep mertapa ana ring umah terus?” Sun geridha gedigu, teka sms. Semaure mung, ‘Iya gampang wis, engko Sun kabari maning’. Iwak layur gerang asin, semaure ya mung gedigu bain.

Selawase, sing tau-tauwa iyane gelem dijak kecaruk gedigi. Paran maning mung jak keloron. Paling using, kudu ketelon. Wedi sing duwe gesahan abane. Daya, isun ya ngarti. Iyane sing bisa metu ambi lare lanang, masiya tah iku mung kancane. Sakat jaman MTs bengen, mula pareke ambi kanca-kanca wadon. Saiki bain gelem serawung ambi kanca lanang. Gelem sewo. Gelem gacah-gacahan. Ya Alhamdulillah.

“Isun sing weruh Dayat bisa metu tah using. Katone larene megawe. Engko hun Sun anteni Sira. Isun bosen, mari megawe sedinaan ngadhep laptop. Ayo tah, metu sedhilut bain.” Sun warah, gok Dayat magih sing nguweni kabar. Nung buntute sms, isun mula rada ngemis temenan ika. Ambi cemit-cemit, madhep laptop, garapan durung kecandhak, nganteni walesane. Sun wacakaken aji-aji makene iyane ngiyani. Godhong deringuk godhong asem, sun njaluk Gusti, muga-muga larene gelem.

“Ngomong paran sih Sira iku? Cemit-cemit kaya dhukun,” abane kancanisun megawe ambi nabok pundhakisun, kayane rada rungu. Isun mung merinci. Aju api-api nyekel mouse, nulih laptop maning. Kadhung kancanisun iku ngarti gok isun semayanan ambi lare wadon, walaaaaak belahi. Bisa-bisa dikauki kanca sak pegaweyan.

Suwi. Ana gok sepuluh menitan, iyane buru mbalesi. HP-nisun kethip-kethip, tengere ana sms melebu. “Iya Isun kundangan sulung, taping.” Semaure pungkasane. Ana gedhang sak lirang, atinisun mari-mari girang. Sing percuma, isun macakaken aji-aji godhong iku mauka.

“Kesambet paran ndane Sira iku?” Unine kancanisun rada jengah nulih tingkahisun hang mula munyik-munyik, girang temenanan.

Sun sauri, “Er-ha-es!” tegese isun sing nduduhi, lan mula emong nduduhi.

“Kakehan tingkah Sira iku. Musuh Isun kathik er-ha-es er-ha-es an iku parane sih!” Abane. Isun mung merinci maning.

“Untunira amening garing!” Jare kancanisun. Kudu-kudu kekel isun, rungu larene ngomong gedigu.

“Hang penting atine sing garing...” Ya metu bain, kalimah iki. Juwari ngomong ika wis.

“Atinira iku, kesuwen garing sampe merkingking!” Semaure kancanisun, persis kaya hang wis sun usikaken. Keseron dhewekan iku paran!

“Siramen tah kala-kala!” Kancanisun hang paceke nggawekaken ombenan enggo kabeh wong kantor, milu semaur. Iyane teka mburi, nggawa talam isi corotan teh enggo hang lemburan kaya isun digi. Benere jam telu wis buyar, iki magih jelentukan nyandak garapan. Gulu wis kaya pigeng.

Sun gape cingkir jatahisun ambi magih ngerungokaken kanca-kanca kaya wong demo, anter-anteran. Wis gedigu, disaut maning ring kancanisun hang nguripaken mesin printer. “Yaiku, nawi selak kobongan!” Kertas hang dicekel terus dikipasaken nyang isun.

Wiiiis, wis. Sing wurung-wurunga dadi guyonan. “Kek, padha tulihen tah. Hun ngombe kek. Nyirami iki.” Uninisun, nemepelaken cingkir nyang lambe rada gupuh. Ehmmm. Uhukk.  Nagud, kepeselek.

“Wayoooooh...” kabeh barengan kauk.

***

Sepidhah montor sun endhegaken minggir ngalor, sun jaglang ring pinggiran dalan, madhep ngetan. Ambi kacaan ring spion, isun tulah-tulih memburi. Nawi-nawi, larene mara-mara njumbul.

Sun sawang-sawang, isun iki ya nggantheng. Kulit sing pati petheng. Kukulen ya using. Bacot ya sing karia ndelesep menjero. Ya memper tah wis, kaya bintang sinetron masiya mung seperipit. Alak, segara sapa nguyahi. Mungne apuwa urusan ati rada sered, isun mbatin. Dadhung mula enggo naleni. Perkara ati, mula sing kira ana hang ngarti.

Setemene, isun ya sing pati mbingungaken bab iku. Sing duwe dhemenan, daya madak nggarai mati. Taping kadhung katon kanca-kanca pating nggesahaken wadonan,  melaku keloronan gandhengan tangan, malem mingguan sing dhewekan. Ati kaya dicubel-cubel. Ya marine kelendi maning! Saiki isun ya magih kepingin kelumpuk-kelumpuk. Golet sangu, makene sing mung ngumbar janji nyang lare wadon. Kadhung nyata-nyata sepakat, makene gelis lakune. Sing usah kathik-kathikan suwi, nak nekani wong tuweke njaluk idine terus makene bisa ngerabi.

Merga kelendi-kelendiya, welas bain sing cukup dieggo sangu urip mbisukane. Iya gok nempur beras bisa nganggo godhong kelaras. Iya gok makani anake uwong mung sepisan pindho. Iya gok tuku sabun adus iku keneng nganggo watu.

Atinisun mara-mara deredhegan, ambi ngetutaken lakune sepidhah hang seliweran ngulon ngetan. Ketang mula wis lawas sing tau carukan. Hang paling pungkasan ya ana gok itungan pirang-pirangane ulan. Tilpun sing tau, mung sms-an bain hang kerep saben dinane.

Banyu segara ngombak-ombak, teka ndhuwur sepidhah nulih mengisor katon iwak cilik uber-uberan. Nulih ngalor rada ngulon umah-umahe wong Kampung Mandar katon jejeran rada ditingguli wit-witan. Tower pemancar sinyal, dhuwur-dhuwuran. Sing ana gawene ya sun itungi. Ambi nguripi kamera, terus sun sodrek-sodrek. Wong ana ring perahu sun sodrek. Wong mancing iwak, sun sodrek. Wong adol es, sun sodrek. Lalare memengan sun sodrek. Kunumau, makene sing kerasa gok tengah-tengah nganteni. Wis digu, hang dianteni durung ngabari.

Teka kulon, katon kaya pawakane larene, heleman putih. Nunggang sepidhah matic, melakune sing kariya anter. Isun balik lungguh nyang sepidhah, kacaan maning. Marek-marekaken, kaya nggonceng lare cilik. Mula sun weruhi, adhike hang ragil magih sekolah SD kerep diejaki dhung iyane nyang endi-endi. Tambah-tambah, pas mulih gedigi. Muka kundangane ya ambi adhike paling, usikisun nung jero ati.

Isun awe-awe nyang larene, makene rada gelis lakune sepidhahe. Terus sun esemi, ambi tetep awe-awe makene telikas. Eh magih lendhu bain. Serta parek, sun sawang kok rupane bidha. Apa iya tah, bener larene? Maningan,  perasanisun bengen sing duwe andheng-andheng nung janggute. Apa mari operasi andheng-andheng tah? Apa isun hang lali nyang rupane? Isun magih awe-awe bain, nggoleti tasmak nung jero tas megawe lan sun celuk arane. Saya parek, iyane liwat nung ngarepisun bablas ngetanaken, mung ngeliwati isun ambi gemuyu. Sepidhahe diendhegaken nung ngarepisun. Terus iyane nyoplok heleme.

Sun parani, sun tabok pundhake.

Ya Alloh! Duduk larene! Nagud! Kaya kebagleg belunge iwak.

“Sepuntene Bu, tanggo rencangkula ya. Sepuntene...” Wonge mung munyik. Isun ditulihi ambi wong adol es. Uyah iku asin, adhuh hun isin!

Omes-omes, sun tilpun larene. Sepisan, sing dicandhak. Pindho sing magih sing direken. Ping telu, kok ditulak. Papat, dicandhak taping singana suwarane. Nagud, meleset iki katone. Sun cacak maning sepisan engkas.

Ana hang ngguthit pundhakisun teka mburi. “Kaya wong iko, nilpun-nilpun. Akeh pulsane tah?” abane jare.

“Byek, Isun sampe ulih iwak paus suwi ana ring kene!” Jawabisun, ngeliya.

“Tembelek! Pelasan paus sing payu. Nana hang duyan!” Magih tetep bain akesine kancanisun siji iki. Isun hang sakat bengen sekelas telung tahun, ya ngerasakaken gok larene wis sing kariya kaya bengen.

“Ayo wis!” Ajakisun ambi nyetarter sepidhah.

Sulung tah, kadhung ulih isun ngomong. Dhong-dhonge ketemu, wani sumpah kepedesen sambel, ati kaya kesiram banyu es. Adhem. Paran maningan, nulih rupane hang nentremaken ati. Larene teka, nganggo kelambi cemeng-cemeng, kudhunge kelir kuning kunir. Kudhungane ya sing kari katon kaya lare jaman saiki hang dibeleletaken merana-merana, ditanduri janur, diandhohi kembang, diwani umbul-umbul. Adhuh ruwed. Sing pati bida, kudungane kaya jaman MTs bengen. Mung dikemiteni, diselimpangaken ngiwa utawa nengen. Ditambah kadhung meringis. Uluuuh, manis!

Sulung maning! Kadhung ulih isun ngomong, saiki larene saya ayu. Lan sing kari gering kaya bengen. Rungu-rungu, larene ya wis sing pati semaputan kaya jaman semana.

Wakeh kemajuan!

Sulung maning yah! Sun duduhi, gok bengen isun tahu dhemen nyang lare iki. Sangking jaman bengen iku magih cilik. Sukur dhemen, tapi sing wani ngomongaken. Iki dikecarukaken maning, sukuran bisa kancaan apik sampe saiki. Masiya SMA wis sing bareng. Lulus SMA, bida-bidaan kutha malahan. Umpamane isun mara-mara nduweni rasa maning, sun pastekaken gok isun mikire wis sing kepingin enggo memengan. Niati temenanan, sing elek-elekan. Temune, kudu patheng ngebeki celengan. Umpamane sangunisun wis cukup. Isun nak liwat ring dalan hang wis sun angen-angenaken.

***

Hing ana hang ngongkon isun teka nyang stasiun. Larene sing weruh gok isun ana ring kene. Isun sing sms, ya sing nilpun.

Hang tukang siaran wis ngabani gok sepur Tawangalun mariki melbu nyang stasiun Karangasem. Hang buru teka, pating gupuh nyetempel tiket sepure ambi nduduhaken KTPne. Melayu rada keberet-beret ambi nyangking gawanane. Sun dileng larene wis melebu peron, jalur 2. Abane selipri sepure nemen wantere. Kabeh penumpang padha nunggang, melebu nyang gerbonge dhewek-dhewek nurut nyang tikete.

Mari ngeculaken larene, isun sing langsung balik nyang umah. Lungguh ring kursi-kursi hang madhep nyang loket. Nguripi kamera, taping sing enggo nyodrek. Sun sawangi maning potreke larene, kala sabane kecaruk. Meneng-meneng. Eseme, dhuuuh. Sing sadhar, isun mesam-mesem dhewek. Emane sepi uwong! Munggone rame, ya nawi dikira nempur beras—kurang waras.

“Ati-ati ya. Sampe carukan maning, ning wayah liya.” Isun ngirimi larene sms. Akas, langsung diwalesi. “Iya, kesuwun yah. Aja kangen nyang isun!” Jare ambi diweni emote ngakak, mula rada nggudha.

“Kasep wis! Wis sakat mau, sakat rika munggah gerbong 3!” Abanisun liwat sms.

“Kok weruh?”

“Hun mari ndileng sepur hang ana Rikane! Hahahaa.” Sun juwarikaken ngomong paran anane.

Katone sms-an lancar. Isun nak balik nyang umah. Melaku nyang parkiran ambi rada lemes. Ibarate kaya patelut, mara-mara kuthung. Taping ya magih bisa dikeroti maning, nganggo pemes utawa kerotan.

Masiya wis adoh-adohan, ya magih bisa sms-an.

***

Ndane kelilipen paran mata iki. Perasanisun, larene wis beruwat nunggang sepur. Apuwa gok saiki nunggang sepidhah ana ring sandhingisun—perapatan Cungking. Isun wis ngelighting ngiwa. Larene kayane ape terus. Sun emataken maning. Sun sawang temenan, sampe larene nulih nyang isun. Kalingana ya duduk.

Alaaaaak wis. Iki!#

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf