Keboan Aliyan dianakaken Gedhen-gedhenan Taun Iki

Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Senin, 01 Agustus 2022 07:42 WIB)
- Laporan



Anggere melebu ring ulan Sura antarane tanggal siji sampek tanggal 10 Sura wis dipasthekaken dianakaken Ritual adat keboan ring Desa Aliyan Kecamatan Rogojampi Banyuwangi. Taun iki dianakaken tepak dina Ahad tanggal 31 Juli 2022. Sakwise mangsa pageblug Covid-19 iki dina ritual adat dianakaken kelawan rame lan gedhen-gedhenan.

Sing mung arak-arakan lan ider bumi ring dina Ahad iku, naming kegiyatan wis dikawiti sakat dina Jemuwah lan Sabtu tanggal 28 lan 29, ana Basar nong dalan poros Aliyan. Magih diterusaken tanggal 30 Juli ana Selametan ring makom Buyut Wongso Kenongo lan tradhisi Githikan hang manggon ring dusun Cempokosari. Malem Ahad manggon ring Balai Desa Aliyan tanggal 30-31 Juli 2022 digelar wayang kulit. Sakteruse dina Ahad mesthine hang dianti-anti wong Banyuwangi yaiku selametan bersih desa ring dalan aju arak-arakan ider bumi ritual adat Keboan Aliyan. Malem Senin aju ana Kuntulan Caruk ring dalanan desa Aliyan. Dina Senin magih ana Jaranan JSKWK hang manggon ring dusun Cempokosari. Malem Selasane ditutup ambi Gandrung ring dusun Timurejo Desa Aliyan

Dina hang dianti-anti mesthine dina Ahad acarane selametan Bersih Desa ring dalan-dalan Desa Aliyan. Jam pitu kurang limalas menit Sedekah Desa utawa selametan desa dilakoni. Suwarane sepeker teka masjid mimpin kawitane selametan. Kabeh Masarakat Aliyan padha ana ring pinggir dalan sakperlu ancak-ancakan mangan bareng sakmarine didongani teka masjid.

Sing serantan wangune, keboan wis gancang metu sing kanti arep milu arak-arakan. Alihe hang ana ring Balai Desa durung dikawiti. Marine kelendi maning barangan iki arane wong alus hang sing keneng diatur nganggo seremonial-seremonialan, gedigu jare Amari, salah siji warga Cempokosari hang ngetutaken dulure hang ndadi ring lurung parek guyangan Cempokosari.

Manggon ring dusun Sukodono para warga wis padha kesurupan utawa kerawuhan kebo. Kabeh nggereng-nggereng aju padha mara nuju umahe Pak Suyit. Kabeh Keboan Sukodono kumpul ana ring kana sulung mergane ring kana ana sandhingan lan ubo rampe sarat anane ritual adat Keboan hang arupa pondhok cilik hang wis diuwani sajen jangkep. Ana para bungkil, ana cok bakal, ana menyan, ana wong-wongan lan kewan sawah teka gelepung lan ana uga tumpeng lan beras kuning.

Isuk jam 06.00 Kebo-kebo wis padha ndadi mara nyang umahe Pawang (Ketua Adat). Sedhela ana ring kana kanggone mara nyang sanggar pamujan keboan aju padha diarak nuju nyang perapatan. Ring umahe ketua adat wis dicepaki uba rampe hang jangkep kaya dene janur, sanggar pamujan, para bungkil lan sekul arum (menyan) uga sing lali para bungkil sajen jangkep.

Jam pitu kabeh para kebo diarak keliling kampung utawa ider bumi, sing lali uga ana gambaran Dewi Sri hang dijolang milu ider bumi.

Teka perapatan para kebo aju padha guyang aju diterusaken ider bumi nyang Kedhawung. Sakmarine ider bumi kabeh para kebo wis dianteni para penggede Banyuwangi kayadene Bupati lan Ketua DPRD uga Camat lan lurah ring panggung kehormatan ring balai desa Aliyan.  

Sakdurunge arak-arakan kebo nekani balai desa, digelar tari “Kumoro” tari adat karyane Jajulaidi, S.Pd hang dimainaken lare-lare Sanggar Sayuwiwit Aliyan. Tarian iki nggambaraken ceritane adat njaluk udan hang nganggo sewur puklung lan wong hang ndadi kesurupan. Adat Kumara iki kelebu adat kunane masarakat Aliyan kanggo njaluk udan nyang Pengeran. Saiki adat kumara wis ilang teka Aliyan dadi kari adat keboan yaiku adat bersih desa saben setaun sepisan bain hang magih dilestarikaken sampek saiki.

Mari digelar tari Kumara, arak-arakan kebo nekani Balai Desa. Teka ring ndhuwur genjot gedhe kana katon Bupati Ipuk Festiandani lan Lurah Anton Sujarwo hang nguweni wejangan nyang para kebo aju nguweni banyu tandha ritual adat iki wis dilakoni temenan.

Suyitno hang dadi pawange keboan utawa ketua adat keboan ngaku wis lega bisa nyembadani ritual iki. Merga iyane uga sing wani tanggung jawab kadhung ritual bersih desa Keboan iki sing dilakoni. Iki urusane ambi wong alus utawa lelembut. Mergane kadhung iki sing dilakoni bangsa alus iku mau terus nggudha nyang masarakate. Ana bain saben dinane wong kesusupan utawa wong ndadi kebo, gedigu keterangane Suyitno sakmarine pemulihan nyang para kebo hang ndadi.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Kabar Desa

Editor: Hani Z. Noor