Kecaruk Kawitan, Ikawangi Sak Donya Kepingin Ngeraketaken Paguyuban
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 28 September 2020 07:59 WIB)
- Laporan
Gedhine kekarepan kepingin guyub seduluran Ikatan Keluarga Banyuwangi (kawangi) hang ana ring sak werane nusantara lan ring negara manca hing keneng dipenggak maning.
Lebih 20 paguyuban Ikawangi teka Papua sampek Aceh, teka Hongkong sampek Jepang milu gesah hang kawitan kanggo merujukaken organisasi hang bisa ngeraketaken kabeh Ikawangi sak donya.
"Setemene kekarepan guyub gedigi iki tau digagas bengen tepak jamane Pak Arief Yahya magih dadi menteri pariwisata tahun 2018," jare kang Bambang Sugiono Ketua Umum Ikawangi Pusat Jakarta.
"Tepak ngadhep, diwarahi ambi Pak Arief, apuwa hing nganggo teknologi bain yong saiki jamane IT (Informasi Teknologi). Merga sekaken dulur-dulur hang manggon ring kadohan," tambah kang Bambang, salah siji wong Banyuwangi hang tau dadi walikota ring ibukota iki.
Kelawan teknologi Zoom, wong-wong hang makili Ikawangi sak donya iki bisa lungguh bareng ngawiti gesah kanggo golet dalan kelendi apike nggawe organisasi Ikawangi iki saya apik lan saya akeh gunane kanggo sedulur hang ana ring boroan lan kanggo wong Banyuwangi hang ana ring tanah kelairan.
kelawan semangat "Rika dulurisun lan isun dulurrika", Akeh Ikawangi ring dhaerah hang milu gesah iki hing mung dhewekan, taping jak akehan kaya acara "nonton bareng" ambi pengurus liyane kayata Ikawangi Sumatra Grup, Ikawangi Kepri, AMM Malangraya lan korwil Ikawangi Tangerang Raya.
Kadhung jare kang Rusdi Maksum, penasihat Ikawangi Pusat hang magih seger ring umure 76 taun, apike wujud organisasi hang arep ningkes kabeh organisasi Ikawangi sak donya iki sipate nong koordinasi bain.
"Fokus mengarepe kelendi carane nata makene koordinasi Ikawangi iki saya lancar. Pusat lan dhaerah anane mung ring koordinasi. Taping urusan internal, kesejahteraan anggota lan liya-liyane kudune diurusi dhewek-dhewek ring organisasi dhaerahe," jare wong Kauman hang tau dadi direktur BIN iki.
Dayat Osing hang ngawiti nggawe grup WA Ikawangi sak donya, ngomong gok saiki ana kira-kira 200an wong Banyuwangi teka endi-endi hang milu ring grupe. Mengarepe iyane ngarepaken kerjasama ambi pemda Banyuwangi bisa saya rapet liwat organisasi Ikawangi iki.
Ring gesah dalu iku, saben Ikawangi diwani giliran ngenalaken organisasine, kapan ngadege lan pira anggotane lan paran program kegiyatane.
Akeh-akehe Ikawangi iki nduwe program hang padha ring bidang ekonomi, sosial lan budaya.
Ring bidang ekonomi, akeh-akehe nggawe usaha kanggo nambahi pengasilan anggotane. Kaya Ikawangi korwil Tangerang Raya malah mbantu usaha UMKM Banyuwangi kelawan tuku produk kopi lan batike diedol ring Tangerang.
Bidang sosial, teka nggawe kartu anggota hang bisa dadi mongkoge hang duwe merga ana potone lan logo Ikawangine lan bisa dienggo mbayar paran bain, sampek santunan kanggo anggota hang sampek umur, utawa ngirim mayit nganggo ambulan balik nong Banyuwangi kaya hang dilakoni Ikawangi Dewata Bali.
Bidang budaya akeh Ikawangi iki hang nduwe sanggar kesenian dhewek, sakat teka gandrung, angklung, gamelan, jaranan hang wis kerep milu tanggapan hing mung nong iwuhe wong Banyuwangi taping milu pisan ring kegiyatan wong liya lan uga iwuhe pemerintah dhaerah hang nong kono.
Minangka organisasi kemasyarakatan, kahanan Ikawangi sak donya durung padha. Ana hang buru ngelumpukaken anggota, taping ana pisan hang wis nduwe akte teka notaris lan ana legalitas teka Kementrian Hukum. Malah kaya Ikawangi Sumatra Grup (ISG) wis nduwe akte hang ngelumpukaken Ikawangi sak pulo lan dipecah dadi sangang propinsi, kaya jare kang Noer Hidayat wakil ketua umum ISG.
Ketua Ikawangi Papua kang Sarminanto, hang wis 25 taun dadi ketua, ngusulaken organisasine mesthine dikawiti kelawan ngedegaken Dewan Pimpinan Pusat (DPP) sulung hang bisa dadi wadhah sedurunge organisasine dibangun saya gedhi lan bisa jejeg.
Kadhung Dino lare Glagah hang wis 27 taun manggon ring Jepang lan megawe ring Travel agent iki ngomong gok kekarepane Ikawangi Jepang bisa-a nggawa investor lan turis Jepang nyang Banyuwangi.
Mbok Yuma hang megawe lan makili Ikawangi Hongkong sampek membit-membit mberebes mili merga girange kecaruk dulur-dulure lan nahan rasa kangene ring tanah kelairan tepak nyeritakaken kegiyatane.
Kekurangane Ikawangi hang saiki iki kaya melaku dhewek-dhewek hing ana hang ngewani arahan lan petunjuk kelendi mesthine organisasi hang sak benere. Malah kaya jare kang Edi Purwo teka Surabaya, ditekani wong Ikawangi pusat bain sing tau.
PR seteruse arep nggesahaken maning kelawan agenda pertemuan hang saya fokus, makene hing ngalor ngidul, kaya jare wakil teka Yogya Ugek Hadiyanto.
Lan jare kang Sugihadi waketum Ikawangi Pusat, kudune digoletaken wektu hang enak kanggo kabeh, merga kaya sore iku hang Papua lan Australi mesthine wis padha mapan turu.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : liputan
Editor: Hani Z. Noor






