Kedadeyan Emeh Mujur Ngalor
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 26 Agustus 2020 07:31 WIB)
- Esai
Saben uwong mesthi nduwe pengalaman hang nggawe atine ngerasa parek ambi ilange nyawa. Isun tau bengen, puluhan taun kepungkur keneng tetanus lan hing weruh bahayane. Ale hang keneng tetanus iku biyasahe kari nganteni dina kadhung hing gancang ditambani. Belahi selamet jare uwong.
Sorene maning magih ring ulan Agustus iki ya gedigu pisan. Ceritane isun nak nyacak gergaji listrik (gerinda) anyar. Arep nugel triplek rada kandel dadi loro, nugel mangklang.
Isun hing awang-awangen masiya hing nganggo pengaman paran-paran. Turneya, iki mung triplek siji. Mula wis wayahe ulih musibah, cumpu gerinda mau temeblug keneng sikil tepak magih muter lading gerindane. Sakkal sikilisun mbongak, belunge jempol katon kewela-wela. Getih kemelocor seru antere. Taping hing kerasa lara. Isun magih bisa ngongkon anak njuwutaken kain hang kaya stagen dienggo mbelebet tatu hang nyangkem kodhok. Getih tambah kelocoran. Rabinisun berak-berak sing karuwan. Tangga parek umah ana wong telu padha teka. Aju nyandhak isun melebu nyang montor. "Rumah sakit paling parek bain Permata Pamulang." Rabinisun wis nganteni nong njero montor nong mburine setir. Anakisun kemunjilan milu melebu ambi nadhahi getih hang terus meloncor sing bisa diendheg.
Ambi magih gero-gero rabinisun bolak-balik ngundha ambegan. Isun magih sadhar hing semaput sithika belaka. Emane lurunge rada hing patiya rame. Sampek ring panggonan IGD rumah sakit Permata, tatunisun dideleng ambi dokter lan perawat. Dokter jagane ngomong hing bisa, alat operasine hing ana dienggo tatu hang bisa nyambung pembuluh darah besar hang pedhot. Hang bisa dilakoni mung ngewani perban ngurangi getih hang ngelocor. Iyane ngongkon nong rumah sakit Sari Asih Ciputat. Rabinisun njaluk ambulan bain makene bisa nerobos kerameyan ring dalan. Disemauri, njaluk ambulan kudu prosedur maning, saya suwi maning. "Ya Alloh, ring mangsa gawat gedigi ana hang magih ngomong prosedur," batinisun.
Anakisun hang liyane nututi nunggang sepidhah montor. Hing suwi nggadug IGD Sari Asih. Rabinisun setengah mberak, njaluk tulung nong dokter jaga lan perawate. Aju dijuwutaken kasur geledhegan teka njero. Isun magih bisa melencat dhewek teka montor ng kasur.
Aju doktere meriksa tatunisun. Dom infus dicublesaken nong lengenisun. Deriji tengah tanganisun dijepitaken nong alat hang nyambung nyang monitor.
Rabinisun bolak-balik ngongkon isun maca istighfar. Isun magih sadhar. Hing mandheg-mandheg lambenisun nyebut asmane Pengeran. Isun magih bisa maca kondisi awak hang ana ring monitor. Kadar oksiden ring getih 100 artine apik. Tensi getih 120/78. Dheg-dhegane jantung munggah mudhun 72-80. Taping getih magih meloncor terus.
Masiya ketutup awing-awing lamat-lamat isun magih rungu doktere ngewarahi rabinisun gok dokter bedahe anane kesuk jam 9. Kemesud atinisun. Sak jam rong jam maning kadhung hing gelis dicekel, isun bisa mujur ngalor temenan. Getih hing marek-marek kemelocor. Ambi iluhe magih deredesan, rabinisun njaluk tulung kadhung bisa ditangani sakcepete.
Cumpune rumah sakit liya hang dihubungi nana kabare bisa mbantu tah sing. Wektu terus uber-uberan ambi nyawanisun.
Hun deleng monitor, angkane saya mudhun kabeh.
"Aja merem! aja merem! Istighfar bain," jare anakisun.
Tensi getih mudhun 65/35. Dhadhanisun kerasa panas lan ampeg kaya ditindhihi gabah telung karung. Dokter aju ngongkon perawate nambahi obat nong kanthong infus. Mara-mara dheg-dheganisun tambah anter, sampek 140. Tensi getih munggah maning. Sithik.
Isun sampek kerasa arep mutah. Aju muntah, naming nana hang diutahaken cumpune.
"Shock, kekurangen getih," isun rungu perawate ngomong nang anakisun. Marek iku kerasa kaya normal maning. Getih magih ngelocor nong perlake kasur.
Isun hing semaput blas. Magih rungu, doktere ngomong nang rabinisun, gok ana dokter hang gelem nyekel lan ngoperasi engko bengi jam 7.
Anakisun magih berak-berak ngongkon apake hing ulih merem. Isun kerasa ngantuk seru. Tekanan getih mudhun maning 65/32 lan hing umik maning. Dhadhanisun ampeg maning, panas, endi cangkem kerasa mbanyu arep mutah maning.
Isun ngerasa uripisun wis kari itungan menit kadhung hing gancang ditangani. Taping isun ya mbatin pisan, "Isun iki wong biyasah dudu dhemenane Pengeran kaya para kiyai, ulama. Endane kari gampil ring bungase umurisun iki lambenisun hing marek-marek nyebut Arane Pengeran hang ngewani umur? Endane tawis magih sadhar satus persen bolak-balik ngucap Syahadat? Ya Alhamdulillah kadhung temenan gedigu. Taping kayane durung." Umik sing mari-mari ring njero batin lan pikiranisun.
Kanggo jaga-jaga, isun mbisiki anakisun nomer pin atm.
“Apak... Aja merem.. aja merem,” anakisun mberak keweden.
Marek magrib, ulih kabar kadhung doktere wis teka. Dadi hing kathik dioper nong rumah sakit liya.
Sampek sedurunge dibius, isun magih sadhar. Magih bisa ndeleng tekanan getih 65/32 hing umik maning.
Operasi marek kira-kira jam 11 dalu. Alhamdulillah nyawanisun magih gemandhol. Otot hang pedhot wis disambung, jempol lan deriji sandhinge wis disambung ambi pen. Isun digeledheg nyang kamar pasien.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.

