Kedawung Tah Kedabung?
Iskak Basuki (dipublikasikan pada Selasa, 06 September 2022 10:33 WIB)
- Esai
Kedawung Pondoknongko....
Atinisun bingung katon-katonen rika....
Padha ambi ring desa Pondoknongko, ring desa Grogol ya ana dhusun arane Kedawung. Malah ana pisan arane Karangente ring pareke kono. (Paran maning setemene artine karangente? Kok padha ambi karangente parek terminal kidul? Yo embuh, Bik.) Aran Kedawung kayane ngamet teka arane uwit. Isun durung paham rupane uwite, ting wis tau weruh lan mangan uwohe. Kadhung digoleti mula kedawung iki uwit, aran Latine Parkia timoriana. Uwite guedhi dhuwur sampek 45 meter. Setemene magih seduluran ambi pete. Jeh, muga-muga hing kepaten obor polae maning jare uwite saya sithik polae sara merujuke.
Uwohe rupa wiji kaya komak - gampange omong - ana hang dodol matengan, wis digoreng dibungkusi pelastik padhane kacang goreng. Rasane gurih-gurih ana paite sithik, jare apik nang weteng, ana kasiyate, antarane kanggo wong lara lambung.Malah jare ambi industri jamu sakat teka wiji, kulit kayune, sampek godhong lan odode keneng dienggo jamu. Isun weruhe diwarah kanca hang umahe ring Kapuran (Meneng), gawene golet tanduran, godhong-godhongan, sampek lumut bahan-bahane jamu ring alas sakubengan perkebunan Selogiri (kidul kulone Watudodol).
Wite kedawung jare akeh ring kana, gedhi-gedhi uwite. Uwohe kelebu salah siji bahane jamu, uga....doyanane bojog. Kadhung nyaruki uwoh, sithika bojog ring kono, pating gelandhotan ambi mangan. Tantangane, alangane iyane megawe golet uwohe kedawung ya munthung alias bojog-bojog iku. Dadi musuh bebuyutan, istilahe. Menungsa taping akeh akale. Padha menungsa bain keneng diakali, paran maning atase kewan, bojog. Iyane, kanca iku, totoan akeh menange kadhung diadu akal-akalan ambi bojog.
Naping tau pisan arane wong urip mesthi ana apese, ana kalahe musuh bojog. Iki buntut ceritane kedabung. Kedabung? Isun yara tau warah gok lambene (lugote) wong Medura iku biasa 'w' dadi 'b', lawang dadi labeng, kawin dadi kabin. Kanca iku sing beda ambi akeh-akehe wong kono, Medura, ngarani kedawung ya kedabung.
Ping pira-pira isun nyang umahe - kadhang katon nepaki mepe wijine kedabung nong latare - tau warah gok rabine milu-milu warga kono mbukak warung ring Watudodol. Isun ditawani kongkon mampir utawa memengan merana. Hang endi warunge? Ancer-ancere pokoke jare ring kulone lurung.
Durung kober nggoleti merana - arep ngopi tah sukur nongkrong, lungguh-lungguhan - tau kecaruk maning, iyane cerita gok warunge iku mari dileboni bojog. Diserbu. Tekane mbengi. Bengi yara tutup, ditinggal mulih. Mbegh! Panganan gemet. Perabotan dhedhegan sing karuwan!
Yee....! Pantese bojog-bojog iku paham gok iku warunge rika, Bung! Rika pantese tau dikiting. Rika hang biyasah nyerbu uwit lan uwohe....kedabung! Dadi dititeni nong endi warunge engko arep dironjeng. muga-muga mari warunge entek aja sampek dadi wong bamwung. Eh...bener tah bambung dadi bamwung? kuwalik Bung!
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Pemikiran dan Pengalaman
Editor: Hani Z. Noor
