Kekarepan Anane Festival Wong Tuwek (Lansia) ring B-Fest
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 31 Mei 2022 08:37 WIB)
- Laporan
Sak pira perlune wong-wong tuwek (lanjut usia, lansia) kanggone Banyuwangi? Cumpu Asisten Sekda Drs.H.Dwi Yanto, MM hang makili Bupati Banyuwangi malah ngarepaken ana Festival Lansia ring agenda Banyuwangi Festival (B-Fest) mengarepe.
Ndeleng girange wong-wong tuwek ring Hari Lansia Nasional, pak Dwi Yanto njaluk konsepe nang Yayasan Gerontologi Abiyoso dan Dewan Lansia Daerah Dinas Sosial.
"Hang entheng lan nggawe girang hang bisa dipiloni sewu wong tuwek. Merga iki nambahi inovasi program Banyuwangi hang wis kesuwur unik genius lokale," gedigu jare pak Dwi Yanto.
"Hang penting wong-wong tuwek iku atine girang lan semangat guyub, optimis, kesat lan awehan," jare pak Dwi Yanto nganggo basa Indonesia.
Anane festival kanggo wong-wong tuwek iki bisa dadi inspirasi ring kutha harmoni lan ramah uga nduwe "nilai tambah" asile pembangunan kanggo kesejahteraan rakyate lan dawane "usia harapan hidup".
Ring iwuh Peringatan Hari Lansia Nasional kaping 26 iku dianakaken selametan kelawan nugel sega tumpeng kuning ring Gedung DPRD Banyuwangi tanggal 29 Mei 2022. Tumpeng hang dikedhuk ring Kepala Dinas Sosial, Pemberdayaan Perempuan dan Keluarga Berencana, Dra. Heni Setyorini, M.Si dielungaken nyang Ketua Perwakilan Yayasan Gerontologi Kabupaten Banyuwangi, Hj. Chasiastoeti Soeherman.
Bu Chasiastoetie dikancani sekretarise yaiku HM.Muchsin, ngerasa girang bisa nekakaken para wong tuwek ring paguyubane dhewek-dhewek kayata PWRI, purnawirawan, Veteran DHC '45, kelompok senam, Paguyuban Gotong Royong lan liyane.
"Paran maning sambutan teka ketua lan sekretaris Dewan hang geromyoh lan pelayanane uga pasilitase hang apik ring Umah Rakyat," jare bu Chasiastoetie, anggota dewan dhongkol hang buru bain ngeliwati umur 80.
Iwuh iku diramekaken ring Paduan Suara hang nggawakaken gendhing Umbul-Umbul Belambangan lan Balada Lansia. Uga ana tampilan teka putu-putune Sanggar Vokal Pipit Yunior lan monolog satire keindonesiaan teka Teater Melati SMAN 1 Glagah hang tau dadi juwara naskah terbaik Festival Teater DKB ring Gedung Juang '45 kawitan taun 2022.
Laporan: Aguk WN
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


