Kelambi APD Kanggo Puskesmas Ring Tanah Kelairan

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 22 September 2020 06:26 WIB)
- Laporan



Sapa uwonge hang gelem ketularan penyakit Corona ring mangsa pageblug iki? Kanggone wong-wong hang megawe ring puskesmas lan rumah sakit, liyane nganggo masker, hang lebih dibutuhaken yaiku alat pelindung diri (apd) arupa kelambi hang ngerukepi awake, teka pucuk rambut sampek sikil.
Merga susahe golet apd iku ana alumni Institut Teknologi Bandung (ITB) teka pirangane angkatan hang urunan nukokaken apd kang dibagi nyang puskesmas lan rumah sakit sak Indonesia.
Ring antarane para alumni iku, ana petang uwong angkatan 81 hang asal Banyuwangi, hang aju urunan dhewek kanggo nukokaken apd dienggo puskesmas lan rumah sakit ring tanah kelairane, Banyuwangi.
Salah siji alumni iku, Suhaili Yalin, sakat sedurunge puwasa sore wis nyebar kira-kira 220 apd nong Banyuwangi.
"Magih akeh puskesmas hang durung kebagiyan, dadi kene magih terus golet wong hang gelem urunan. Durung maning hang dudu puskesmas kaya pesantren Blok Agung," jare Suhaili, lare Licin hang saiki manggon noring Bandung. Jumlah semono iku wis kelebu 20 apd hang disumbang ring Unit Kesenian Loedroek ITB, antarane Sujiwo Tejo lan kanca-kancane.
Kelambi apd iku setemene gawenan Bandung taping hang wis lolos uji sertifikasi teka Balai Besar Tekstil Bandung.
Ana 45 puskesmas ring Banyuwangi lan bantuwan teka alumni ITB iki buru gadug nong 13 puskesmas lan enem RS yaiku Puskesmas Benculuk, Gendoh, Genteng Kulon, Kembiritan, Klatak, Licin, Parijatah, Paspan, Sempu, Sobo, Songgon, Tampo, Wongsorejo lan RSUD Genteng, Krikilan, Medika lan Husada. Dene RS Fatimah ulih dhewek apd lan topong (faceshield) teka Balai Logam dan Mesin Bandung.
Saiki, sak puskesmas biyasahe kebagiyan 10 apd.
Apd-ne dhewek ana pirangane macem. Hang level 1 wernane putih lan hang level 3 werna biru. Hang putih iki kanggo uwong hang sing patiya parek bahaya kayata puskesmas non-covid, resepsionis lan liya-liyane. Dene hang biru iku kanggo wong hang nduwe hubungan langsung ambi pasien covid.
Seperene, pagebluge ring Banyuwangi durung uncal, malah saya medeni lan Banyuwangi saiki dadi zona abang, hang artine dadi dhaerah bahaya kanggone wong-wong hang ana ring kana.
Mangkane iku Banyuwangi magih akeh mbutuhaken apd, gedigu pungkase Suhaili.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Wawancara

Editor: Antariksawan Jusuf