Kelendi Pendidikan Seni Lukis ring Jenjang SD?
Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Senin, 26 Mei 2025 07:23 WIB)
- Esai
Cathetan Juri ring FLS3N Jenjang SD Kabupaten Banyuwangi Taun 2025
Moh. Syaiful
Wega Averina hang dadi salah sijine juri nong Lomba Gambar Ekspresi FLS3N taun 2025 iki bengene magih cilik wis dadi pelukis. Iyane sing mung dadi pelukis kadhung ana lomba Lukis kaya lare-lare saiki iki, naming iyane nggethu ngelukis kaya dene pelukis-pelukis hang wis kesuwur hang meh saben ana event milu pameran.
Ana ring panggonan lomba Gambar Ekspresi FLS3N SD sak Kabupaten Banyuwangi ambi mbiji iyane takon nyang isun, Iki gambare hang milu kok meh padha kabeh ya pak rupane gambare. Nggawe gambar uwong antarane siji lan sijine peserta apuwa kok padha, alihe iki pesertane teka kecamatan-kecamatan hang beda lan manggon ring beda-beda panggonan.
Hang arane lomba nggambar ekspresi mesthine ya sing adoh ambi lukisan merga iki wis ana ring jalur hang padha. Mesthine antarane siji lan sijine peserta kudu beda-beda merga gambare uwong hang digambar ambi peserta-pesertane mesthi duwe karakter hang nggambar utawa hang ngelukis? Wega, hang uga dadi ilustrator buku cerita Omprok lan Sampur (penerbit SKB) magih kaju ambi mendeliki gambar-gambar peserta hang miloni lomba.
Mesthine iki gurune siji, saurisun sak kenenge nyang Wega juri lomba gambar lulusan Jurusan Seni Lukis ISI Yogyakarta. Kudune masiya gurune siji muride lima metune kudu ana limang gambar hang beda.
Teka gesahisun ambi Wega Averina iki pungkasane isun bisa nyimpulaken kadhung ana hang kurang bener pembinaan seni lukis hang ana ring Sekolah Dasar Banyuwangi iki. Kadhung mula bener pembinaan lan pendidikan seni rupa utawa seni Lukis hang ana ring jenjang SD (Sekolah Dasar) mesthine umpama ana 25 peserta lomba mesthi bain ana 25 macem lukisan hang mesthi beda antarane peserta lukise, sing dadi kaya lukisan jama’ah hang gedigi iki.
Ngelukis kanggone murid iki arupa kegiyatan berekspresi. Ngupaya lan mbudidaya pikiran lan angen-angen mujudaken ring media visual kaya dene kertas lan kanvas. Hang arane olah pikir lan mujudaken angen-angen mauka mesthine dadi lukisane murid sekolah dudu lukisan gurune utawa lukisan pelatihe.
Hang dadi guru utawa pembina utawa pelatih anggone mung bisa ngarahaken kelendi hang bener nyesuwekaken ambi anane petunjuk teknis lomba hang dianakaken, aja milu-milu melebu nyang panggonan ekspresine murid. Lukisan iki lebih ana ring faktor subyektif hang kuwat mupakate ring keyakinan pikiran lan atine hang nggawe lukisan, dudu nyang karepe guru, pembina lan pelatih makene duwe karakter hang nggawe lukisan. Mula iku lukisan sing ana salah lan benere merga faktor subyektif iku mau, hang ana mung bisa netepi kriteria lomba tah using.
Sing kabeh hang menang ring lomba lukis iku kelebu paling apik. Hang menang iku bisa uga mung merga nuruti paran hang ana ring juknis lan uger-ugere lomba Lukis. Kadhang uga ana hang menang merga sing nabrak ketentuan lan aturan-aturan lomba hang wis disepakati ring temu teknis lomba, mula iku panggonan ngerteni juknis iku panggonan Pembina utawa pelatih, muride geningaken bain wis nggawe lukisan hang dikepingini kaya ring njero ati lan pikirane.
Mula iku dadi pembina murid ring lomba lukis aja milu melebu ring ekspresi lukisane murid. Pembina lan pelatih cukup njaga kewajaran berkespresi hang ana ring kertas lukisane muride. Ambi bisa nguweni damar hang padhang makene lancar anggone latiyan ring sekolahane.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : dokumen pribadi
Editor: Antariksawan Jusuf
