Kelor Banyuwangi Wis Ulih Ijin BPOM
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 16 September 2020 06:56 WIB)
- Laporan
Kanggone wong Banyuwangi nana hang ngalahaken enake jangan kelor (Moringa olifiera), godhong hang enom aju disambelaken ranti, musuhe pelasan lemuru. Taping kanggone Lilis Hidayati, S. Pi. godhong kelor hang tuwek-tuwek hang nggawa rejeki. Paran maning sakuwise perusahaane, CV Kelorwangi Berkah Melimpah, ulih ijin edar teka Badan Pengawas Obat dan Makanan (BPOM).
"Istilahe kelawan nganthongi Nomor Ijin Edar (NIE) teka BPOM, kene iki hang dilamar uwong. Akeh hang mara-mara njaluk dadi distributor," ceritane Lilis hang nduwe merek produk kelor Amore.
Godhong kelor wis kesuwur sampek nong negara manca kelawan aran "miracle tree" (wit ajaib) hang akeh kasiyate. Godhong kelor hang tuwek lebih apik merga komposisi kandungan mineral, anti oksidan, beta karotin, lan pitamin liyane wis merujuk sempurna. Godhong tuwek iki kang dadi bahan kanggo diolah arupa maneka werna maceme produk: teh, kapsul lan bubukan.
Produk Amore akeh maceme, ana teh celup (kelor KiWangi, kelor jahe Loje, kelor ori Kelore), ana hang arupa kapsul (Kelorat lan Kelorasi) lan kelor bubukan Green Kelor.
Masiya ngentekaken bandha lan tenaga akeh, ngurus ijin edar iku sumbut ambi ulihe, ceritane Lilis.
"Nguruse ana nawi setaun bolak-balik masalah admin sampek Tinjau Lokasi," jare Lilis, hang nggolet idine iki disandhingi ambi Tim teka Universitas 17 Agustus (Untag Banyuwangi) kelawan anggaran teka Kemenristek Dikti. Tim pendampingan iki dipimpin Dian Arief Pradana, M. Pd. Kepala Pusat Penelitian dan Pengabdian Kepada Masyarakat dan Kepala Pusat Inkubator Bisnis dan Inkubitek Untag.
Cumpu marek ulih ijin edar, meneng-meneng BPOM ngunggah aran perusahaan hang wis ulih NIE ring website-e. Dadi, kabeh uwong sak Indonesia bisa weruh ana produk kelor hang apik lan wis lolos uji BPOM.
"Buru ulan Mei ulih idin, ulan Agustus wis ana hang ngewani picis 50 juta. Dadi sumbut ambi kesele lan nangise tepak ngurus idin," jare Lilis.
Sarat-sarate tepak Tinjau Lokasi, umpamane: Tata ruang kudu cocog ambi proses produksi, ana sanitasi standar BPOM, ana uji laboratorium, ana loker lan wastafel, ana pelatihan SDM, mesin kudu teka waja anti karat, ana apoteker lan asisten apoteker lan panggonan produksi hing ulih dadi siji ambi umah.
Saiki produk Amore wis dikirim nong endi-endi kelebu Bali, Bogor, Malang, lan Surabaya. Uga liwat pasar online.
Kanggo nyukupi bahane, Lilis wis nggawe perjanjian kerjasama ambi wong tani ring Jalan Brawijaya hang duwe 100 wit kelor, SLB 50 uwit lan ring mburine Hotel Ilira 200 uwit. Kadhung uwit buru nandur teka turus kelor, buru bisa dipanen sakwise telung ulan. Sakteruse, saben telung minggu bisa dipethik.
Merga kabeh hang nggarap mesin, Lilis mung dibantu ambi wong loro ring bagiyan produksi lan teknisine siji. Produksi sak ulane bisa 100 botol kapsul lan sampek 1000 kothak teh. Lan saya suwi saya munggah merga saya akeh uwong hang paham.
Produk Amore bisa dideleng ring Galerine: Perumahan Bukit Mas Residence Blok A No 4 Giri Banyuwangi.
Kadhung rega grosiran, Kapsul kelor sak botol isi 40 diedol Rp. 40.000, teh celup kelor Rp. 12.000, teh kelor jahe Rp. 15.000 lan Original Rp. 20.000. Sak kothak teh isine 12 kanthong teh.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Wawancara
Editor: Hani Z. Noor







