Kemasan Empon-Empon Asile Wong Kepepet

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 27 Mei 2021 08:58 WIB)
- Laporan



Ilmu kepepet biyasahe malah bisa dadi ilmu pungkasan hang bisa nambeli uripe wong hang rada sesehan. Kaya hang dilakoni kang Sukoto asal Jajag Banyuwangi. Sakat anane pageblug setaun kepungkur, iyane dilereni megawe ring pabrik kompor gas hang ana ring Tangerang. Aju iyane megawe serabutan, kelebu dodol empon-empon seger kayata jae, kunir, kencur lan liyane.
   Suwi-suwi iyane kepikiran kelendi kadhung barang dodolane mau diolah lan dibungkusi dadi ombenan instan. Marek iku iyane nyacak ping kaping-kaping merga hing sakkal dadi enak. Serta nggawe sampek asil, iyane ngongkon kanca-kancane niliki paran kurange. Sampek enem ulan buru iyane nemu formulane lan bisa produksi.
   Saiki asile iyane wis bisa nggawe produk kemasan arupa jahe merah (hang bubuk murni lan hang instan kari nyorot), kunir bubuk lan instan, beras kencur lan produk empon-empon liyane.
   Kelawan nganggo merek teka arane dhewek, hang biyasahe diceluk Mas Koto, saiki produk empon-empone diarani Maskot.
"Mula durung gedhi. Promosine buru liwat omong-omongan sak grup, sak kanca, sak kenalan," jare kang Koto hang umahe ana ring Binong Tangerang.
   Masiya gedigu produk asile wis sampek dikirim nong Mandailing Sumatra Utara. Tanggane ring Binong, wong Batak marek nyacak ombenan jaene, kerasa cocok lan dikirim nyang wong tuweke hang manggon ring Sumatra Utara kana lan dhaerahe adhem. "Saben ulan sepisan mesthi njaluk dikirim merana," jare kang Koto. Ana pisan pengiriman nong Lampung wong Ikawangi, Medura lan Surabaya.
"Taping wis lumayan bisa nyukupi pawon," jare bapake lare papat iki.
   Mung ditulungi rabine, kabeh diolah dhewek. Kadhung serngengene nyentrong, proses nggawene bisa 5-7 dina. Saiki asile durung patiya akeh, sak ulan mung 20 kilo jae lan 5 kilo kunir. Mula hang akeh didhemeni pelanggane iku produk jae abang.
   Kepingine engko ring bungkuse kono diwani tulisan Ikawangi makene wong Banyuwangi hang ana ring boroan weruh gok iki produksine wong Banyuwangi.
   Ngimpine maning duwe Nomor Ijin Berusaha (NIB), bisa ulih idin teka Badan Pengawas Obat dan Makanan (BPOM) lan bisa nggedhekaken usahane.
   Kadhung wis ana idin-idin hang resmi, bisa dodolan njero kawat (online) paran iku." Saiki durung wanen duwe komitmen dodol online. HPne magih gantenan ambi anake dienggo sekolah."




Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor