“Kembang Pethingan” Anggitane Sanggar Tari Sayuwiwit
Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Sabtu, 28 November 2020 05:19 WIB)
- Laporan
Manggon ana ring Aula SMKN 1 Banyuwangi Jl. Wijaya Kusuma pas mangkat jam 19.00 ana ring tanggal 26 Nopember 2020 gilirane Sanggar Sayuwiwit Aliyan Rogojampi nggelar FKT(Festival Karya Tari) Banyuwangi.
Gelaran hang wis dadi agenda rutin ana ring Banyuwangi iki saiki beda ambi taun-taun hang sulung. Kerana taun saiki ana pandemi Covid-19 gelar FKT dianakaken cara virtual utawa ana ring njero kawat (online), penonton mung ulih ndeleng ring jalur live streaming youtube.
Sakdurunge sanggar-sangar tari liyane uga wis ulih giliran nggelar karyane, kayata sanggar tari Sekar Wangi, Kuwung Wetan, Jinggo Sobo, Rama Lestari, Alang-alang Kumitir lan sanggar-sanggar tari liyane. Tepak bengi iku wayahe sanggar Tari Sayuwiwit hang nggawa garapan aran “Kembang Pethingan” yaiku awujud tari garapan anyar hang nggambaraken lare perawan hang dadi panutan ring antarane wong wadon liya. Nurut penata tarine yaiku Dwi Susanti Maharani lan Yolanda Sukmasari tarian anyar iki diilhami ambi para wanita utama jaman bengen kaya pahlawan-pahlawan hang nduwe etika lan moral hang dhuwur naming tetep ajeg njaga budayane.
Para wanita panutan iki mau sakliyane nduwe rupa ayu naming uga nduwe tingkah lan polah hang luhur lan njunjung aturan uga tata krama hang bener. Sing salah kadhung wanita iku mau dadi panutan ring antarane wanita liyan merga jangkep ana ring rupa lan polahe.
Jajulaidi ketua Sanggar Sayuwiwit nerangaken kadhung ring taun iki iyane mercayakaken karya tarine iki nyang lare nom-noman hang ana ring Sanggar Sayuwiwit kaya dene Dwi Susanti lan Yolanda uga Rafli lan Ryan Dwi Pamungkas hang dadi penata musik. Sakliyane nguweni kesempatan nyang lare nom-noman uga bisa dadi pewarisan makene kesenian tradhisional iki sing mandheg duwene wong tuwek bain.
Ring bengi iku nyatane sing mung nggelar tari “Kembang Pethingan” bain, naming magih ana uga tarian lan gendhingan hang dienggo ngisi acarane. Acarane dikawiti ambi tari Jejer Gandrung Kembang Menur hang dadi pambuka. Sakteruse digelar maning ambi Tari “Selendhang Sikep” yaiku salah sijine tari karyane Sanggar Sayuwiwit hang wis oleh akeh penghargaan ana ring tingkat Jawa Timur.
Tari pungkase yaiku Tari “Santri Mulih” awujud tarian hang nganggo nafas islami. Naming sakdurunge ana uga tari Hadrah Janadriyah hang wis tau digawa nyang Arab Saudi uga digawa ana ring kono.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Seni
Editor: Antariksawan Jusuf





