Kemiren Singojuruh Panen Lele Kawitan

Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Rabu, 13 Januari 2021 07:01 WIB)
- Laporan



Selasa, 12 Januari 2020, manggon ana ring kidule lurung pinggir dalan hang nuju Genteng liwat Gendhoh Kebun Kanjeng Ibu hang dikelola masarakat Kemiren Kecamatan Singojuruh dina iki panen kawitan tambak lele hang ana ring wetane masjid Sunan Giri.

Terima hang gedhe, dene rika wis bisa teka merene, dina iki dina hang penting kerana ring dina iki Sunan Giri lan masyarakat Kemiren Singojuruh bisa nduweni sumber dana dhewek teka Kebun Kanjeng Ibu Dewi Sekardadu, gediku keterangan Sumono Abdul Hamid liwat pesen Whatsapp nyang reporter belambangan.com.

Susilo hang dipercaya dadi pengelolane “Kebun Kanjeng Ibu Dewi Sekardadu” nerangaken kadhung panen dina iki mung sak petak tambak bain lan mung ngasilaken 378 kg lele konsumsi, direncanakaken minggu ngarep bisa panen petak hang wetane maning muga-muga sing kurang ya asile teka hang petak kulone.

“Kebun Kanjeng Ibu Dewi Sekardadu” duwe pitung petak tambak lele hang papat arupa petak beton lan hang telu petak karpet utawa petak terpal. Asile iki dienggo pengelola lan kas kanggo ngangkati maning biyaya produksi, lebihe dilebokakaen nyang kas Masjid Sunan Giri Kemiren.

Sakteruse Susilo nerangaken kadhung kabeh iki modale teka sodakoh jariyahe Pak. H. Sumono Abdul Hamid wong Banyuwangi asal Kemiren hang saiki manggon ana ring Jakarta. Muga-muga amal jariyahe iki bisa dadi amal hang sing ana putuse kanggo Anang Sumono, gediku Susilo nambahi keterangane.

Bandha kawitan hang wis dienggo kanggo tandur lele iki akehe 30 juta, hang limalas juta kanggo nggawe tambak lan hang limalas juta maning dienggo bibit lan pakan sampek panen. Iki wis katon asile masiya buru mung telung ulan kurang. Masiya tambak iki manggon ana ring pinggir lurung lan sing ana pager lan sengker, naming  keamanane wis dijamin masyarakat, merga sapa bain hang arep kadhung mung dienggo mangan ulih juwut-juwut dhewek. Nganu paran nyolong, barang njaluk bain ulih, gediku Susilo nerangaken.

Masarakat Kemiren sak liyane duwe petakan tambak lele uga duwe tanduran panili, jahe merah, kelor, rombutsa, porang  yaiku sakjenis ambi suweg, kelengkeng, lan kurma. Tanduran-tanduran iki kabeh durung panen merga umure magih durung gadug nyang mangsa panen. Tapi tanduran iku kabeh sing abot-abot dipikiraken hang penting ana, engko kadhung mangsane teka wis mesthi panen.

Kabeh hang ngelola teka ring kene kabeh. Remaja lan nom-noman desa kabeh milu cawe-cawe, itung-itung bisa nambah pengasilan tambahan kanggone nom-noman  ring mangsa pandemi iki, gediku Susilo nerangaken ana ring pinggire tambak lele wetan Masjid Sunan Giri Kemiren Singojuruh.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Kabar Desa

Editor: Antariksawan Jusuf