Kenangan Bareng Bang Dzul Fotografer Difabel
Muhamad Novi Yusuf (dipublikasikan pada Rabu, 19 Oktober 2022 08:34 WIB)
- Tokoh
-85438.jpeg)
Magih cilik, isun ambi kancanisun saben dina diajak nong umahe Cak Alip hang duwe warnet. Saben dinane nong umahe rame lalare cilik. Dhung sing memengan game ya padha ndelengi youtube. Naming serta nak bayar nong bagian admin warnete, isun kaget gok weruh ana lare cacat ring bagiyan admin. Isun kaget, mung kerungu teka Cak Alip tepak nyeluk arane lare iku yaiku Nain.
Gadug umah, isun sakkal nggoleti emakhun. Serta wis kecaruk ambi emak, isun takon sapa sih Cak Nain iku. Emakhun cerita sithik nyang lare hang aran Cak Nain hang cumpu magih dulur ambi isun. Sambung sedulurane yaiku uwake wadon Cak Nain laki ambi uwakisun lanang. Umure hing kari adoh ambi isun jare emak. Umahe Cak Nain kira-kira adohe 100 meter teka umahisun. Dhung memengan merana-merene nunggang sepidhah montor gawenane apake hang kaya gocar.
Ceritane emak bakal sun iling-iling selawase paran maning weruh gok magih dulur ambi isun. Emake Cak Nain dodolan janganan ring wektu subuh. Cumpune tepak isun milu belanja subuh ya belanja nyang emake Cak Nain mauka. Serehne angger kecaruk, ya gok takdir nyarukaken maning ambi isun.Isun saben soren main tembung nong lapangan ambi kanca-kanca. Hing biyasahe golongane lalare lancing padha milu mengan tembung. Serta hun wanekaken nerima ajakan lalare lancing mau, temekaken Cak Nain mauka milu main tembung.
Sakat buru main dhung Cak Nain melayu nguber tembung, isun sak kancaan padha nahan gemuyu kerana lucune dhung melayu. Tembung tepak hun giring, uga Cak Nain nguber isun ya hing bisa ngadhepi kaya dene lalare lancing liyane. Paran maning dhung wis Cak Nain hang nggiring tembung. Isun sak kancaan ya padha ana rasa sungkan hang biyasahe angger nyenteg, nyeledhing, uga main pisik. Dadi embuh wayah nguber utawa nggiring tembung, isun sak kancaan padha main sukur-sukur bain kerana ya hang diadhepi Cak Nain. Serta melebu nang SMP, isun hing pati weruh lan kecaruk nyang Cak Nain.
Weruh Nong TV
Isun wis sekolah SMA, mara-mara nong Metro TV ring acara Kick Andy ana Cak Nain. Isun kaget dhung Cak Nain melebu TV. Ring kana isun ya kaget maning kerana Cak Nain diundang ambi nggawa camera. Serta hun titeni omongan nong TV temakaken Cak Nain wis dadi potograper. Kabeh dulur-dulure nong Benelanlor ya desanisun mauka padha girang campur kaget. Gok Cak Nain temakaken wis kerep metu-melebu Banyuwangi keliling kutha kerana dadi potograper.
Paran maning, tepak nong sekolahanisun SMA ana acara gedhi. Ana hiburan orkes hang aran “AL MUMTAZ” ambi ceramah teka kiyai. Kabeh padha kumpul serehne acara wis arep diangkati. Kaget ndileng personile hang temekaken padha duwe kekurangan pisik. Maridigu, ana suwara sepidhah montor gocar liwat hang temakaken Cak Nain dhewek. Isun api-api hing weruh kuwatir nawi Cak Nain isin dhung tepak tampil ana dulure ndileng. Cak Nain wektu iku nabuh kecrek. Acara mauka seru rumange ambi kadhang ana tangis seneng serehne weruh personil orkese padha duwe kelebihan hang jarang diduweni uwong biyasahe. Isun dhewek milu girang kerana Cak Nain ya hing isin uga wis biyasah nyang lingkungan sakubenge. Paran maning iyane sakliyane bisa motrek ya milu orkes.
Kecaruk Maning
Ring salah sewijine dina, isun memengan, ana sepidhah montor hang disupiri dhewek ambi Cak Nain.
Tepak isun wis melebu kuliyah, nong kampusiun ana acara seminar. Hing ana inpormasi paran-paran, mara-mara ring acara seminar hang sun tekani gok pematerine iku dulurisun dhewek yaiku Cak Nain. Isun api-api hing weruh lan sengidan saben Cak Nain nulih nong bagiyan hang hadir mauka. Dhonge acara wis mari, hun pareki Cak Nain. Iyane kaget kerana hing ngira dhung isun kuliyah ning papan acara hang ditekani Cak Nain. Isun ya kaget kerana Cak Nain sakliyane dadi potograper ya dadi motivator.
Mung Bisa Ngajekaken
Mara-mara weruh kabar, Cak Nain rabi ambi lare Muncar. Uga duwe anak hang sing suwi sampek umur. Ya mara-mara weruh, gok Cak Nain milu ambi anake menyang nong suwarga. Isun sak duluran kagete temenanan rungu kabar mauka. Ninggale Cak Nain, kabeh dulur, kanca, lan tangga padha ngerubung sampek ngubure lan sampek pitung dina tahlilane. Paran maning hang sun weruhi ana tekane Bupati Banyuwangi uga gubernur milu nyelawat nong umahe. Kembang papan padha teka siji-siji hang diandoh nong pinggir lurung. Cak Nain hang kesuwur ring masarakat kelawan aran Bang Dzul wis hing bisa mbalik maning. Kadine isun uga dulur lan kanca mung bisa ngajekaken lan ndongakaken.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : pribadi
Editor: Hani Z. Noor