Kenangan Ngelencer Ring Umbul Bening

Muhamad Novi Yusuf (dipublikasikan pada Kamis, 16 September 2021 14:07 WIB)
- Laporan



Umbul bening salah siji panggonan ngelencer hang paling sun dhemeni. Aran wis dhemen berarti ya mula isun wis tuwuk bolak-balik merana. Umbul bening hang mesthine diweruhi ambi wong-wong hang dhemen kelenceran merga panggonane gandhengan ambi Umbul Pule. Rong panggonan kelenceran iku ya padha nganggo banyune minangka kekuwatan kanggo nggawe wong ngelencer merono.Isun iku kira-kira ring sak melakune taun, sakat isun magih SMP taun 2012 sampek isun kuliyah saiki taun 2021 milu ngerasakaken uwah-uwahane wisata Umbul Bening. Saben ana paran hang anyar hang digawe ambi pihak pengelola ya nggarai isun kepingin imbuh terus dhung paribasan wong madhang. Paran bain macem-maceme inovasi hang ana mesthi hun delengi uga hun cacaki embuh iku tepak ambi dulur uga kancanisun. Kaya dene panggonan hang tambah jembar, sarana uga prasaranane tambah lengkap, unik, lan akeh pilhane. Mung isun hing wani adus ambi perongsodan hang dhuwur-dhuwur, ring kana isun ya saben-saben dadi panganane lalare dhung wis arep perongsodan.

Hang sunkangeni, yaiku dhung kelenceran merana isun mesthi keliling sulung, ndelengi paran bain hang nawi ana inovasi maning embuh iku panggonan potrek, panggonan madhang, panggonan adus, uga liya-liyane. Paran maning salah sijine hang sun ceritakaken ring kene yaiku bengen magih jamane SMP, iku isun magih melebu liwat ngarep kaya dene panggonan wisata biyasahe. Tapi serta tambah taun uga tambah inovasi maning hing kerasa waktu iku liwat nong mburine wisata iku dhewek lan wis disuguhaken nong panggonan hang lebih wera uga apik maning kaya dene umah segitiga, tambak, lan liya-liyane. Paran maning dhung tepak kelenceran bisa kecaruk ambi sapa bain hang sing dikira kecaruke, embuh ambi kanca utawa ambi dulur. Paran maning dhung wis ngajaki kanca-kanca hang temekaken bisa kecaruk mantane adus merana.

Kenangan pertama yaiku tepak kelenceran ambi keluwarganisun merana. Angger wis nak ngelencer, keluwarganisun iku dhemen nong piknike utawa nong acara madhang-madhange. Masiya tah dhung arep melaku leren olah-olahan sulung hang mari digu disiyapaken kanggo madhang ring wisata umbul bening kana. Sak gaduge ring panggonan, hing ana rasa isin ring keluwarganisun kabeh, serta wis mudhun teka montor kabeh nggawa barang-barang piknik siji-siji ambi nggolet panggonan hang wenak kanggo nggelar kelasa.

Meh kabeh panggonan hang cocog kanggo piknik ring Umbul Bening wis hun cacaki ambi dulurisun kabeh, paran maning nong bale bengonge. Hang nggarai kangen pisan iku dhung wis padha adus, kabeh padha guyub rukun. Hunpikir kelenceran iki hang bisa njanggetaken tali keluwarga lan seduluranisun kabeh. Sunsawangi nong rupane saben keluwarganisun padha girang uga kompak kadhung wis tepak madhang. Masa dipangan dhewek paran bain hang digawa ambi keluwarganisun kadhung piknik nong Umbul Bening. Dhung ana tangga wisatawan hang manggone parek ambi panggonanisun lan keluwarga piknik, ya mesthi diuweni.

Kenangan liyane yaiku, ana dina hang tepak iku mendhung. Wis kahanan arep mulih, mara-mara udan deres  ngerutug nong dhaerah iku. kabeh uwong padha bingung lan gupuh melayu nggolet panggonan hang sekirane hing keneng udan. Tapi isun lan keluwarganisun iku saya ayem kerana hing bisa salin sebab magih antri ring cedhing hang dibarengi udan deres. Pungkasane sak keluwarga magih nganggo kelambi hang kepus mauka dilangsungaken mulih ambi nggawa barang-barang piknike nyang montor. Dadi ya hing kepikiran nyang kelambi lan seruwal hang mula keblesan saktemene sakat sedurunge udan kerana magih buru mentas. Sakmarine barang gawanan wis melebu kabeh, perjalanan mulih mauka ya apik kerana udan deres ngantemi montor keluwarganisun uga nong njero montor kebles kabeh kerana wurung salin mauka.

Enget magih ring jaman sekolah SMA, angger seminggu sepisan isun ambi lalare latihan renang nong kana. Mula wis dadi kesepakatan ambi kanca-kanca nyang guru olah ragane kadhung panggonan hang wenak dienggo latian renang ya ning Umbul Bening iku. Saben wayah isuk isun ambi lalare wis nyulungi nong panggon wisata hang magih cumpleng nana uwong sampek gadug soren buru mulih. Banyu hang adhem nggarai kepingin uwis, tapi hawa hang adhem nggarai kepingin ning kono terus. Masiyatah ana kanca-kancanisun hang mulih sakmarine latihan renang iku, tapi ya ana hang sak ati ambi isun. Yaiku memenganan ning kana ambi bisa diarani nyang pelajaran sekolah.

Kenangan wayah SMA nong wisata Umbul Bening hing bisa sunlalekaken, paran maning hang kenangan nggolet cedhing hang gara-gara kesuwen lan makene gelis langsung sak ruangan jedhing dienggo lare telu, ana hang lare papat. Paran maning nong kenangan liyane ambi lalare hang sing betah adhem, saya digudhani, digeredhoni, uga ana hang sampek hing kepingin adus maning. Tapi ya kancanisun hang wis hing betah adhem mauka magih tetep jaya kadhung nganteni liyane, uga isun adus kerana hawa hang wenak mauka lan akeh hang dienggo sawang-sawangan.

Ana maning tepak kelenceran ambi kanca-kanca umahisun, wakeh kenangan hang kadhang nggarai wedi. Tepak wis gadug ring panggonan wisata umbul bening, ana bain kanca-kancanisun iku hang dicandhak. Hang dhemen madhang padha belanja panganan sulung, uga ana hang nggolet kenalan lare wadon. Hang nggarai enget iku kenangan ambi kancanisun hang aran Paat, iyane iku wis nulih menthelengi lare wadon hang diesir. Tapi saksuwine nganteni ana kesempatan, wis diparani hang niyatane arep kenalan lan njaluk nomer WAne. Mara-mara njumbul lare lanang hang sunkira iku dhemenane, isun ambi lalare hang nyawang teka kadohan cekakakan ngguyu nong Paat. Paat wedi uga melaku mbalik lan sengidan teka sawangane lare lanang hang langsung lungguh jejer ambi lare wadon hang diincer Paat.

Umbul Bening mula panggonan wisata hang cocog dadi salah siji panggonan refreshing, nggirangaken ati hang wis kilangan semanget, ngeningaken pikiran, uga njanggetaken tali seduluran lan sak kancaan. Panggonan hang wera, apik, ana hang unik, uga lengkap dhung ditulih nong paran hang dibutuhaken ambi wong kelenceran merana. Kaya dene panggonan salin, musola, wong dodolan camilan uga papane madhang ya ana. Utamane kolam renang kanggo lare cilik, wong tuwek, ya lengkap sampek ana kolam tambahan hang bisa kanggo lare magih balita. Uga ana panggonan keli-kelian kaya dene banyu nong desa. Paran maning hang dibutuhaken ambi menungsa modern salah sijine panggonan selpi utawa potrek ya akeh maceme. Hing kira rugi, mesthine bain bakale terus ana inovasi hang garai hing bosen ring ati. Uga hang sun arep-arep bisa kelenceran merana maning ambi sedulur uga kancanisun hang wis lawas hing weruh kabare wisata Umbul Bening iku.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : pribadi

Editor: Hani Z. Noor