Kenthus, Penyet, Cak Wan Dadi Guru ring Pelatihan Pacul Gowang

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 27 Agustus 2021 09:53 WIB)
- Laporan



Ali Kenthus, Slamet Penyet lan Cak Ikhwan milu dadi guru ring Pelatihan Macaan Pacul Gowang hang dianakaken telung dina sakat Jumat iki sampek Minggu ring Pelinggihan Dinas Kebudayaan dan Pariwisata.

Paran perlune nguripaken maning Macaan Pacul Gowang hang emeh ilang diterak jaman?
"Dhuh kari seru emane kadhung paran hang bengen digawe ring embah buyut tapi kene hing gelem nguri-uri. Aja-a maning milu nggawe, nguri-uri bain hing gelem ya keseron," jare Dr. Asrif, Kepala Balai Bahasa Jawa Timur hang makili Kementrian Pendidikan, Kebudayaan, Riset dan Teknologi kanggo proyek Revitalisasi sastra lisan Using Macaan Pacul Gowang, nganggo basa Indonesia. 

Lalare hang milu pelatihan Macaan Pacul Gowang kanggo Revitalisasi Sastra Lisan iki akehe 48 hang engko arep didadekaken 16 grup, sak grup isine petang peserta. Lalare iki daptar makili sanggar kesenian lan sekolah-sekolah hang duwe wigati ring kesenian.

"Setemene kebudayaan iku hang kudune ngerawat ya hang duwe, masarakat, sanggar kesenian lan pemda kudune milu ngerawati pisan, aja mung ngerawati paran-paran hang sekirane bisa dadi picis thok... Delengen Bali, investasine iku kebudayaan, dudu tambang emas," jare wong aseli Wakatobi iki.
 Kadhung ana hang uwah teka kebudayaan, iku minangka cara kebudayaan makene sing entek. "Kadhung kene kepingin kebudayaan iki terus ana, ya kene utamane lalare enom iki kudu milu ngerawati. Kadhung sampek kebudayaane iki matek, iku merga kene hang ngarepaken matek," jare pak Asrif.

Jare Sekretaris Dinas Kebudayaan Pariwisata Choliqul Ridho ring sambutane, apuwa kesenian Pacul Gowang dipilih? Merga kesenian iki wis emeh punah.

Macaan Pacul Gowang setemene wujud kesenian hang nggabungaken ritual macaan lontar Yusup lan seni pertunjukan arupa paculan basanan lan wangsalan. Bengen digawe kesuwur ring pak Aljin lan mak Onah. Sak mareke wong loro iki sampek umur, njumbul Macaan Gaya Baru Campursari taping durung bisa ngganteni kesuwure grupe Aljin. Sampek-sampek, merga hebate Aljin, keseniane anjrah diceluk kesenian Aljin, dudu kesenian Pacul Gowang.
  Ring antarane guru pelatihan iki, ana mbok Wiwin Indiarti hang wis nulis pirangane trans-literasi lontar Banyuwangi, kayata Lontar Yusup lan Lontar Sritanjung. Dosen ring Uniba mbok Wiwin hang uga wis ngawiti nggawe kumpulan Macaan Milenial iki, ngenalaken paran iku macaan Lontar hang dienggo ritual, kaya hang ana ring Kemiren lan sak ubengane. Dene teknik Macaan naskah Lontar Pacul Gowang digawakaken ambi Mas Robin hang skripsine nulisaken notasi partitur not balok macaan Lontar Yusup lagu Rogojampian/Aliyan.

Hang dianten-anteni yaiku Teknik paculan ring macaan Pacul Gowang hang diduduhaken ambi pelaku propesional kang Ali Kentus ambi Slamet Penyet. Uga Teknik Laik-laikan hang digawakaken ring Cak Ikhwan. Cak Ikhwan iki setemene tukang nabuh keluncing lan pengudang gandrung lan nduwe kemampuan bisa nembangaken kelawan laik-laikan hang has. Hang uga dadi guru ring kene kang Misran teka Macaan Pacul Gowang Gayabaru Campursari.

Materi liyane hang uga ana ring macaan Pacul Gowang iku ana Basanan lan Wangsalan arep diajaraken ring Aden Syahlana, hang nduwe grup WA Basanan lan Wangsalan, ambi Mbok Nani Asiany lan kang Abdullah Fauzi hang uga wis suwi anggone ngugemi sastra Using iki. Wong keloron hang disebut pungkasan iki uga milu dadi tim hang bengen nyiapaken bahan ajar Basa Using kanggo lalare sekolah. 
   Marek pelatihan telung dina iki, para pesertane dikarepaken nerusaken pelatihane dhewek suwine rong ulan ring sanggare utawa ring sekolahane dhewek, sedurunge milu pentas lan Lomba Macaan Pacul Gowang ring ulan November.
   Kelawan anane Lomba iki para lalare generasi enom bisa nduwe cekelan nang paran hang wis diwarisaken ring embah buyute bengen.
   Proyek Revitalisasi iki dianakaken ring Badan Pengembangan dan Pembinaan Bahasa, Kementrian Pendidikan, Kebudayaan, Riset dan Teknologi hang disokong ring Disbudpar, Dewan Kesenian Blambangan, lan Sengker Kuwung Belambangan.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor