Kerenteg Ngedegaken Lembaga Kajian Bahasa Daerah Banyuwangi

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 23 September 2021 10:53 WIB)
- Laporan



Belambangan.com - Ketua Dewan Kesenian Blambangan (DKB) nguntabaken kekarepane arep nggawe Lembaga Pengkajian Bahasa Daerah di Banyuwangi sak perlu madhahi kajian lan penelitian hang sipate lebih akademis.
   Kekarepan iku njumbul sakuwise kecaruk ambi wong-wong teka Kelompok Kepakaran dan Layanan Profesional (KKLP) Perkamusan Balai Bahasa Jawa Timur (BBJT) dina Senin 20 September ring aula Jawa Pos Radar Banyuwangi.
   Wong-wong BBJT iku - Puspa Ruriana, Yuyun Kartini, Indri, Adis - teka ring Banyuwangi sak perlu nggoleti ucap-ucap paran hang nawi bisa dilebokaken ring Kamus Bahasa Indonesia minangka sumbangan basa dhaerah.
   Dene hang nemoni katon ana kang Hasan Basri, kang Ridho Sekretaris Dinas Kebudayaan dan Pariwisata, lan kang Abdullah Fauzi, sastrawan hang uga pegawe ring Dinas Kebudayaan dan Pariwisata.
   Kang Hasan Basri hang kerep diceluk Kang Son iki wis sakat bengen milu ring Tim Basa Using bareng ambi mbok Nani Asiany, milu nyusun kurikulum lan buku ajar basa Using taun 2007. Sedurunge, tepak magih manggon ring Mangir, ya milu cawe-cawe tepak ruwahe pak Hasan Ali nyusun Kamus Bahasa Daerah Using-Indonesia lan buku Pedoman Ejaan Bahasa Using lan buku Tata Bahasa Baku Using.
   Jare kang Son liwat sambungan telepon nang belambangan.com, buku Tata Bahasa iku buru mbeliyaki masalah linguistike taping durung nang morfologine. Mangkane iyane tau diwekasi ruwahe, "Son, mbesuk kadhung wis anu terusena morfologine iku." Taping seperene durung ana hang nulis buku terusane.
Merambat soal pergub peraturan Jatim, jawaban teka Balai, kewenangan Badan Bahasa iku bab dialektologi. Intine bedane mung 60 persen, kadhung 80 persen buru dianggep basa kang beda.
"Kene iki ya sadhar gok bangunan basa Using iku durung jangkep kabeh utamane teka segi mikro linguistike," jare kang Son.
   Durung patiya suwi, Badan Perencanaan Pembangunan Daerah (Bappeda) wis nyusun peta dalan (roadmap) Pemajuan Kebudayaan lan basa Using ana ring njerone. "Dadi sepakat engko ana proposal hang arep diajokaken nang Bappeda, program penelitian mikro linguistik bahasa Using, morfologi sampai sintaksisnya," jare kang Son.
   Engko, dhanane teka dhaerah taping ngelebokaken peneliti teka universitas tah teka BBJT, lan peneliti pembantune teka lalare lingusitik ring Banyuwangi minangka peneliti pembantune.
   Ring pertemuan iku uga akeh lembaga-lembaga hang nduweni wigati ring basa Using. Sak liyane tim Basa Using, ana Sengker Kuwung Belambangan (SKB) hang wis nggawe versi digital kamus dwi basa Using-Indonesia lan Indonesia-Using lan ring ulan Oktober engko arep ngeluncuraken versi Android kamus iku. "Kabeh pihak kudu diejak, pecinta lan pemerhati basa, lan Lembaga iki engko dadi umahe bareng-bareng kanggo majokaken bahasa dhaerah hususe Using."
   Minangka umah kajian, lembaga iki bisa dadi tukang nyurung anane penelitian lan dokumentasi.
   Cumpu, kang Son iki ya wis ditugasi ambi Dinas Pendidikan nyusun materi pembelajaran SMP lan ditugasi nyusun perbup pembelajaran bahasa Using ring  satuan pendidikan dasar, SD, MI, SMP, MTs.
"Waktune wis tepak saiki. Umpamane sore pak Tik kasi SMP diknas, seru girange ana rencana gedigi. Masiya tawis wong-wong iku akeh hang dudu wong Using. Pembelajaran basa Using ring SMP ya hing gampang, merga kabeh guru rata-rata wis mulang 24 jam seminggu.
   Solusine, kudu ana anggaran basa Using minangka muatan lokal. Persoalan hing ana pengajar, engko kadhung wis ana perbup, arep ana pelatihan hang dipiloni ring sarjana S1. Marek lulus teka pelatihan iki, Disdik bisa ngewani tugas lan honorariume dibebanaken ring APBD.
   Setemene dana Bantuan Operasional Sekolah (BOS) ya bisa dienggo nggaji guru tidak tetap kaya pengajar muatan lokal, sarate ana SK bupati.
   Masalah penolakan ucap Using, kang Son hang tau kecaruk guru teka Wongsorejo sampek Pesanggaran, setemene hing ana penolakan lan ruwet isu Usingisasi. "Hang nolak iku mung siji loro wong elit bain. Guru-guru iku gelem nerima."
  
Poto: istimewa

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf