Kerenteg Nguripaken Macaan Pacul Gowang

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 23 Juli 2021 13:05 WIB)
- Laporan



Sastra lisan paran hang wis emeh ilang lan hang kepingin dijejegaken maning ring masarakat Banyuwangi dhewek? Teka diskusi njero kawat (daring) tanggal 22 Juli sore hang dianakaken Balai Bahasa lan wong-wong Banyuwangi, ketemu ring siji kesenian yaiku: Macaan Pacul Gowang.
   Ana pirangane penemu hang diusulaken setemene, yaiku Macaan Lontar Sritanjung, Basanan-Wangsalan lan Macaan Pacul Gowang.
  Macaan Lontar Sritanjung, masiya hing dilakoni maning mula bakal nemoni dalan buntu, merga ana salah siji pupuhe, yaiku Mahesa Langit, hang wis hing ana maning hang bisa macakaken.
   Dene basanan lang wangsalan wis melebu ana ring njerone Pacul Gowang. Ditambah maning ana ring njero kono lakon hang minangka adhegan ring sak njerone macaan.
   Sakliyane Kepala Balai Bahasa Jawa Timur Pak Asrif, rapate iku dipiloni pak Nur Ahid Prasetyawan teka Badan Bahasa pusat, kang Abdullah Fauzi makili Dinas Kebudayaan dan Pariwisata. Teka Dewan Kesenian Blambangan milu pisan kang Slamet Hariyanto (Momo) lan mbok Nani Asiany hang makili ketua DKB kang Hasan Basri hang ana alangan wurung milu rapat. Uga kang Aang ketua umum Sengker Kuwung Belambangan (SKB). Hang mesthine ana ring grup iki ruwahe kang Hasan Sentot hang sampek umur ulan Juni sore.
   Jare Kang Ujik hang ngusulaken Macaan Pacul Gowang (MPG) iki, MPG iku ana Lakon hang arupa adhegan teka kisah macaane, ana basanan wangsalan hang dienggo lan uga ana seni gendhingane. Paket jangkep.
   "Paran maning ndeleng karaktere wong Banyuwangi, macaan iki lebih atraktif, hing mung macaan taping ana lakon, teatere iringan gendhing lan basanan wangsalan.
   Ring basa sedina-dina, MPG iki kesuwur kelawan aran kesenian Aljin, merga hang nggawakaken iku bengen ruwahe pak Aljin.
   Sak teruse, hang perlu dilakoni yaiku ngelumpukaken para narasumber lan namtoaken materine hang diwurukaken paran. Merga asile revitalisasi iki arep disebaraken nyang lalare enom Banyuwangi hususe lare sekolah kelawan digawe Lomba, kudune pelatihane nganggo cara Training On Trainers (TOT), jare Pak Asrif hang madeg dadi Kepala Balai Bahasa Jawa Timur. TOT iki dipiloni wakil-wakil teka sekolahan lan sanggar-sanggar seni.
   Engko para trainers iki aju ngajari anak buahe ring sekolahan utawa sanggar, hang pungkase milu Lomba. Ring pelatihane engko ana buku pandhuan lan saksuwene prosese didokumentasi hang asile arep disebaraken sak Indonesia.
   "Asile revitalisasi iki engko arep dipentasaken. Hun karepaken Pemda bisa milu nyokong kegiyatan iki," jare kang Nur Ahid.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor